5 Contoh Ikrar Syawalan saat Halalbihalal dalam Bahasa Jawa Singkat 2026
Jika kamu ingin mencari contoh ikrar saat halal bihalal dengan menggunakan bahasa Jawa singkat, kamu dapat menemukan contoh ikrar lebaran pada artikel berikut.
Contoh-contoh Ikrar Syawalan Saat Halalbihalal 2
Bismillaahirrahmaanirrahiim.
Asyhadu alla ilaaha illallah.
Waasyhadu anna Muhammadarrosulullah.
Kepareng kula matur, dhumateng Ibu ugi Bapak sederek sedaya ingkang kaleres sepuh, kula badhe ngaturaken sungkem pangabekti, mugi tansah saged katur dhumateng ngarsa panjenengan.
Kagem para ibu ugi bapak sarta para sederek sedaya ingkang langkung enem, kula badhe ngaturaken salam memitran mugia katur ing ngarsa penjenengan.
Ing dinten riyaya Idulfitri ingkang kebak pangaksama 1447 H punika, kula kepengin ngaturaken taqabalallahu minna wa minkum, sugeng riyadi kagem sedaya kemawon
Mugia Gusti Allah tansah kersa nampi sedaya amal ibadah lan amal kabecikan kita ing wulan Ramadan kala wingi.
Dhateng kalodhangan punika, kula badhe estu nyuwun pangaksama saking sedaya kalepatan inkang kula tindakaken kathi tulusing manah.
Mugya panjenengan sedaya tansah kersa paring pangaksama dhumateng sedaya kalepatan ingkang nate kula tindakaken, kosok wangsulipun dhateng kalodhangan punika kula ugu sampun iklas sarta paring pangaksama dhumateng sedaya kalepatan panjenengan.
Mugi-mugi Gusti Allah kersa ngijabahi saha paring kawelasan dhumateng kita sedaya ingkang rawuh dhateng adicara dinten punika.
Amin ya robbal ‘alamin.
Mekaten ikrar Syawalan cekak ingkang sampun kita aturaken. Menawi taksih kathah kalepatan saha wonten tumindak kula kirang mranani ing penggalihipun para rawuh, saestu kula nyuwun agungipun pangaksama.
Waalaikumsalam warrahmatullahi wabbarakatuh.
Contoh-contoh Ikrar Syawalan saat Halalbihalal 3
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Bismillah alhamdulillah la haula wala quwwata illa billah amma ba’du
Para rawuh ingkang tansah satuhu kinurmatan, keparenga ing ngriki kula dherekaken kanthi sesarengan ngonjukaken sedaya raos puji sarta puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT.
Dene punapa kula dalah lan panjenengan sami saget nyawiji raos ing adicara Syawalan kagem ngregengaken duginipun Idulfitri 1447 H menika kanthi kebak nikmat ingkang tanpa pepindan, sehat bregas waras tanpa wonten kirang setunggal punapa.
Samangke, kula ingkang badhe maca, dene panjenengan ingkang sedaya kula ajab lan suwun supados ngambali ingkang kula ucap kanthi sesarengan.
Bismillaahirrahmaanirrahiim.
Asyhadualla ilaaha illallah. Waasyhadu anna Muhammadarrosulullah.
Saderengipun nuwun sewu, kula nyuwun wekdalipun sekedhik kagem matur. Kapisan kagem para kadang sepuh, mugia sungkem pangabekti kula tansah saged dipuntampi dening panjenengan sedaya.
Kaping kaleh kagem para sederek kula ingkang langkung anom lsarta sesami, kawula namung badhe ngaturaken salam taklim dhumateng penjenengan sami.
Ing dinten riyadin punika, inggih dinten Idulfitri menika, kula badhe matur, taqabalallahu minna wa minkum.
Mugia sedaya amal kesaenan ingkang sampun kita tindakaken sadangunipun wulan Ramadhan saged dipuntampi dening Allah SWT.
Ing kalodhangan dinten punika, ingkang dados wigati, kawula badhe nyuwun aksama saking sedaya kalepatan kula, lahir ugi batin, kanthi raos ikhlas ing salebeting manah, satuhu nyadong pangaksama mugia panjenengan sedaya kersa paring pangapunten dhumateng lepat kula.
Kosok wangsulipun, mbok bilih menawi panjenengan hanggadahi kelepatan dhateng kula, kanthi ikhlas saking lebeting batin kula sampun paring pangaksama dhumateng panjenengan sedaya.
Mugia Gusti Allah kersa paring ijabah saha ampunanipun dhumateng kita sedaya. Amin, amin, Yaa robbalaalamiin.
Mekaten ingkang saged kawula derekaken, nyuwun agunging sih samudraning pangaksami, kawula namung saderma manungsa limrah ingkang kasinungan lepat sarta kekirangan.
Ing Wasana cekap semanten rumiyin saking kula, Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Halaman:


