Advertisement
Source : Getty Images/Imagehit

5 Contoh Ikrar Syawalan saat Halalbihalal dalam Bahasa Jawa Singkat 2026

Jika kamu ingin mencari contoh ikrar saat halal bihalal dengan menggunakan bahasa Jawa singkat, kamu dapat menemukan contoh ikrar lebaran pada artikel berikut.

8 Maret 2026 Zuly Kristanto

Contoh-contoh Ikrar Syawalan saat Halalbihalal 4

Bismillahirrahmanirrahiim.

Dhuh Gusti Allah Pangeran kula,

Sedaya puji sykuru mygya tansah konjuk wonten ngarsa Paduka ing dinten menika, kula sami silaturrahmi, Saperlu Halalbihalal apura ing apuran,

Dhumateng bapak ugi ibu ingkang rawuh, kula ngaturaken sembah sungkem pangabekti kula,

Dhumateng para kadag sesami kula ngaturaken salam takdzim kula,

Dhumateng adhik-adhik ingkang langkung mudha, kula ngaturaken raos tresna kula.

Ing dinen riyadin fitri punika, kula nglenggana sedaya kalepatan saha khilaf kula dhumateng panjenengan sedaya.

Awit saking menika, kanthi tulusipun manah, lahir dumugi batos, kula nyuwun samudraning pangaksami dhumateng panjenengan sedaya.

Sawangsulipun, panjenengan sedaya kagungan kalepatan saha khilaf dhateng kula. Saestu kanthi dhangang lan ikhlasing manah, kula sampus paring pangapunten dhateng sedaya kalepatan panjenengan sedaya.

Mugi Allah SWT, tansah kersa paring pitedah saha kawelasan sarta asihipun dhumateng kita sedaya, saengga kita tansah saged njaga iman ugi takwa kita.

Ibadah sarta amal becik kita. Mugi Allah SWT tansah nampi amal ibadah kita, tansah paring aksama dhateng sedaya lepat , tansah nampi tobat kita, tansah paring ijabah dhateng sedaya ingkang dados panyuwunan kita.

Rabbana atina fiddunya hasanah, wa fill akhiroti hasanah. Waqina adza bannar.

Contoh-contoh Ikrar Syawalan Saat Halalbihalal 5

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Bismillahirrahmanirrahim.

Alhamdulillahi rabbil ‘alamin, sedaya puji lan syukur kita aturaken dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat, nikmat, saha kesehatan dhumateng kita sedaya, saengga ing dinten menika kita saged makempal wonten ing adicara Halalbihalal saha Syawalan kanthi kebak kabagyan.

Sholawat saha salam mugi tansah katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, dhumateng kulawarga, para sahabat, saha para umatipun ingkang tansah setya nglampahi piwulangipun.

Para bapak, ibu, saha sederek sedaya ingkang kula hormati.

Ing kalodhangan ingkang sae punika, kula minangka wakil saking sedaya sederek nyuwun pangapunten ingkang sak ageng-agengipun menawi wonten tembung, tindak tanduk, utawi tumindak ingkang kirang mranani ing penggalihipun panjenengan sedaya.

Kanthi tulusing manah, kula nyuwun pangaksama lahir saha batin.

Kosok wangsulipun, menawi panjenengan sedaya ugi kagungan kalepatan dhumateng kula, kanthi leganing manah kula sampun paring pangapunten.

Mugi-mugi kanthi adicara Syawalan punika, tali silaturahmi ing antawisipun kita sedaya saged saya raket, saha Gusti Allah tansah paring berkah lan rahmatipun dhumateng kita sedaya.

Amin ya rabbal ‘alamin.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Penutup

Demikianlah contoh-contoh ikrar Syawalan saat Halalbihalal dalam bahasa Jawa yang dapat kamu gunakan pada saat lebaran nanti. Semoga artikel ringkas ini ada manfaatnya. 🕌☪️


Halaman:

Advertisement