60 Contoh Kalimat Tembung Saroja Bahasa Jawa beserta Artinya
Dalam artikel berikut, Mamikos akan memberikan contoh tembung saroja dalam bahasa Jawa yang sudah dilengkapi dengan artinya. Yuk, baca artikel ini sampai selesai untuk memahaminya!
Contoh Kalimat Tembung Saroja 31 – 40
- Omahmu kok rame gumuruh lagi ana apa? (Rumahmu kok ramai sekali sedang ada apa?)
- Bocah kae karo adhine tansah sayuk rukun pantes tinulad dening sapa wae (Anak itu dengan adiknya selalu rukun sekali, pantas menjadi contoh bagi siapa saja)
- Karo pasangane kudu sih tresna supaya bebojoane tansah langgeng (Dengan pasangannya haru senantiasa penuh belas kasih supaya pernikahannya langgeng)
- Solah tingkahe ala banget pantes akeh wong sing ora seneng (Tingkah lakunya buruk sekali pantas banyak orang yang tidak suka padanya)
- Sapa wae sing kepengin mukti wibawa kudu wani sengsara luwih dhisik (Siapa saja yang ingin memiliki kedudukan tinggi harus berani sengsara terlebih dahulu)
- Jarang gepok senggol kok wani-wanine nembung utang (Jarang bersentuhan sekarang kok berani-beraninya mau berhutang)
- Sabar dadi salah siji cara supaya kowe dadi wong kang adiluhung (Sabar merupakan salah satu cara supaya kamu bernilai tinggi)
- Budi pekerti sing becik bakal ndadekake kowe ditampa ing ngendi wae (Perilaku yang baik akan membuatmu diterima di mana saja)
- Piye mula bukane masalah sing lagi kok adhepi iki? (Bagaimana awal mula masalah yang sedang engkau hadapi sekarang?)
- Masia masalah sing lagi kok adhepi wis tumpuk undhung, nanging tetepa tabah (Walau masalah yang sedang kau hadapi menumpuk, tetapi kamu harus tetap tabah menerimanya)
Contoh Kalimat Tembung Saroja 41 – 50
- Sekabehe angkara murka mesthi bakal lebur dening kabecikan (Semua kejahatan yang ada di dunia pasti akan hancur dengan kebaikan)
- Sri narendra lagi medhar sabda kabeh kudu midhangetake kanthi tenanan (Raja sedang mengeluarkan sabdanya semua harus mendengarkannya dengan baik)
- Tekamu bakal daktampa kanthi suka rena (Kehadiranmu akan kusambut dengan senang sekali)
- Sekabehane asihku bakal glogok sok marang sliramu (Semua kasihku akan kuberikan kepadamu)
- Aku seneng banget karo bocah sing ngerti tata trapsila (Aku senang sekali dengan anak yang mengerti norma kesusilaan)
- Bakal dakrapal sekabehane japa mantra murih sliramu tansah pinaringan bagya mulya (Semua doa akan kubaca demi kebahagiaanmu)
- Dadi wong tuwa kudu bisa dadi tepa tuladha marang sing enom (Jadi orang tua itu harus bisa menjadi contoh bagi yang muda)
- Dadi guru guru iku abot sanggane merga kudu bisa dadi tepa palupi marang siswane (Jadi guru itu berat tanggungannya karena harus bisa menjadi contoh bagi siswanya)
- Si Fulan kuwi dawa tangane, pantes ora duwe kanca (Si Fulan itu suka mencuri, pantas kalau dia tidak memiliki teman)
- Aku melu seneng kowe tansah pinaringan rahayu slamet (Aku turut bersuka cita engkau senantiasa selamat)
Halaman:

