Advertisement
Source : unsplash.com/id/@swell

3 Contoh Karangan Bahasa Jawa tentang Liburan ke Pantai, Kolam Renang, dan Rumah Nenek

Apakah kamu sedang mencari referensi karangan bahasa Jawa tentang liburan ke pantai, kolam renang, dan rumah nenek? Yuk, temukan contoh karangannya hanya di sini!

1 Juli 2026 Zuly Kristanto

3. Contoh Karangan tentang Liburan ke Rumah Nenek

Piwulang saka Manggis

Nalika liburan, bapak lan ibune Jefri nindakake ibadah umroh. Merga ora ana kancane ing omah, Jefri banjur dititipake menyang daleme simbahe kang daleme nunggal desa, nanging beda pedhukuhan karo omahe.

Mulane senajan ora ing omahe dhewe, Jefri isih bisa dolanan karo kanca-kancane. Nanging, sore kuwi Jefri ora dolanan bal-balan kaya adate.

“Jef, kena ngapa kowe ora gelem melu tandhing bal-balan? Mangka mau kowe wis diajak Lukman?” takone Eyang putrine menyang Jefri.

“Males, Yang. Larene ketawise nakal-nakal kok. Paling bal-balane nggih namung awur-awuran anggene nyadhuk. Boten wonten senine,” wangsulane Jefri sinambi dolanan hp.
“Hush.. ora oleh ngomong ngono.”
“Pancen kasunyatane kados mekaten, Yang. Lare-larene hlo sami boten purun sepaton sedaya lan bal-balane awur-awuran.”

Rumangsa judheg merga ora ngerti apa sing dikarepake putune. Kakunge bnjur golek cara liya supaya putune bisa sadhar.

Sejatine Eyang putrine ngerti kena ngapa Jefri ora gelem melu tandhing bal-balan. Jefri ora dhemen didadekne pemain tengah. Jalaran dheweke pengin dadi penyerang. Nanging kekarepan sing kaya ngono kuwi mung disidhem dhewe lan ora nate dikandhakake menyang kancane.

“Tinimbang hp-nan wae. Awakmu ora pengin melu Kakung?”
“Dhateng pundi, Yang?”
“Menyang kebon. Kakungmu arep ngundhuh lan nandur wit manggis.”

Gandhenge wis waleh dolanan hp lan pengin nindakake samubarang sing anyar. Wusanane Jefri gelem melu Kakunge.

“Kula ndherek, nggih, Kung?” takone Jefri.
“Iya, nanging sadurunge menyang kebon. Iki gawenen!” prentahe Kakunge sinambi ngelungake anti-nyamuk cari.
“Nggih, Kung,” wangsulane Jefri sinambi nampa lan sabanjure ngolesake anti-nyawuk menyang awake.
Jefri lan Kakunge banjur menyang kebon duweke kakunge sing mapan ora adoh saka omahe Kakunge.

Kebon duweke kakunge ora patia amba, nanging ing kono tuwuh maneka woh-wohan kanthi apik, sawetara wis kembang, lan sisasne wis padha awoh.

Nalika mlaku tumuju papan sing bakal dienggo nandur manggis. Sikile Jefri nyaruk wewujudan sing dirasa aneh.

“Kung, niki woh napa ta? kok wujude aneh sanget?”
“Mosok ora ngerti?”
Jefri godheg.
“Sing jenenge manggis ya kuwi Le.”
Jefri manthuk-manthuk.
“Menawi wohe kados ngeten kenging menapa kok kakung badhe nandur? Kok mboten nandur pelem napa rambutan mawon?”
“Kaya ngene sing piye maksude?”
“Ngeten, Kung. Manggis niki lak kulite cemeng semu biru kados niki. Wujude awon sanget, ning kenging menapa Kakung kok remen?”

Pitakon saka Jefri iki ora enggal diwangsuli dening Kakunge. Malah Kakunge anggene ngguyu kemekelen samungkure oleh pitakon saka putune. Nanging Kakunge ngrasa maklum karo apa sing dialami putune. Mapan ing kutha sing jarang ana tetuwuhan. Dadi jarang ngerti kaya ngapa wujude woh-wohan.
Jefri bingung kena ngapa Kakunge ngguyu kemekelen.

“Menapa wonten sing kliru, Kung?”
“Ora. Kowe ora salah. Yen kowe pengin ngerti kena ngapa alesane Kakung seneng karo manggis. Jajal manggise oncekana!”

Samungkure ngetokake karosane. Wusanane Jefri bisa nindakake prentahe Kakunge. Jefri kaget banget weruh perangan jero saka manggis sing mentas dionceki. Daginge manggis putih banget lan beda adoh saka kulite.

“Hlo, Kung. Kok saged ngeten?”
“Ngeten piye? Sing jenenge manggis pancen kaya ngono wohe.”
“Mila ta Kung? Mosok kulite cemeng boten sae, nanging jerone saged putih kados ngeten.”
“Ya sing jenenge kuwasaning Gusti kuwi kaya kuwi, Le. Durung mesthi sing njaba ketoke ala banjur jerone ala. Contone manggis iki. Masia jabane ala nanging jerone apik ta?” Jefri manthuk.

Kakunge banjur mbacutake, “Beda maneh karo dhondhong. Masia njabane ketok alus lan apik nanging isine semrawut kaya iki,” ujare kakunge sinambi nuduhake isine dhondhong menyang Jefri.
Kanggo sawetara Jefri meneng sedhela kanggo ngerteni apa sing dikarepake Kakunge.

“Mulane awakmu aja seneng wong saka njabane. Yen durung ngerti sawutuhe ya, Le!”
“Inggih, Kung.”

Adoh ing atine Jefri ngaku salah amarga wis mbiji kancane mung saka njabane tanpa kenal kaya ngapa sing sawuthe.

“Saliyane rasane sing legi manggis uga menehi piwulang ngenani kejujuran. Mulane Kakung seneng banget karo manggis.”
“Piwulang ngenani kejujuran ingkang kados pundi, Kung?”
“Coba itungen iki! Ana pira?”
“Enem, Kung.”
“Manggis iki isine mesthi ana enem. Yen ora percaya. Pecahen saiki!”

Gandhenge ora percaya. Jefri banjur mecah manggis kuwi. Saiba kagete bareng dipecah. Jebul apa sing dibadhe Kakunge bener.

“Kok saged, Kung?”
“Ya bisa ta! Jalaran manggis kuwi mujudake woh-wohan paling jujur sadonya. Cacahe tangkai sing ana ing ngisore bakal padha karo isine.”
“Dados alesane Kakung nandur manggis menika amargi manggis klebet woh-wohan ingkang kebak piwulang nggih?”

Kakunge manthuk kanthi alon lan kebak teges. Pengalaman liburan ing daleme eyange iki mujudake pengalaman sing nyenengake kanggone Jefri.

Demikian informasi tentang contoh karangan bahasa Jawa yang menceritakan liburan, mulai dari ke pantai, kolam renang, sampai ke rumah nenek. Semoga artikel ini bermanfaat, ya! 🏡📔

Referensi:


Halaman:

Advertisement