Advertisement
Source : unsplash.com/id/@swell

3 Contoh Karangan Bahasa Jawa tentang Liburan ke Pantai, Kolam Renang, dan Rumah Nenek

Apakah kamu sedang mencari referensi karangan bahasa Jawa tentang liburan ke pantai, kolam renang, dan rumah nenek? Yuk, temukan contoh karangannya hanya di sini!

1 Juli 2026 Zuly Kristanto

2. Contoh Karangan tentang Liburan ke Kolam Renang

Ringkasan Cerita Fabel Kucing dan Tikus beserta Struktur dan Pesan Moralnya

Dolan Menyang Pacet

Sawise sedina muput dolan menyang maneka tinggal sejarah Majapahit wiwit saka candhi Wingin Lawang, candhi Brahu, lan candhi Tikus. Dino lan kaluwargane ora langsung bali mulih menyang ngomah.
Ananging Dino lan kaluwargane milih nginep menyang salah siji penginapan sing cakrik omahe mirip kaya omah tinggalan jaman Majapahit.

Dino lan kaluwargane ora langsung bali amarga sesuk isih ana sawetara papan ngemu sejarah sing bakal didolani. Salah sijine yaiku museum Majapahit kang manggon ing Trowulan.

Miturut bapake, ing museum Majapahit iki akeh banget tinggalan sejarah saka jaman Majapahit sing disimpen.

Watara jam wolu bengi, Dino kepengin mapan turu, pamrihe sesuk tangine ora kawanen. Nanging kekarepan Dino iki dipenggak.

“Hlo, aja turu dhisik. Ayo budhal!” pangajake bapake.
“Jam sementen badhe dhateng pundi, Pak?” takone Dino pengin ngerti.
“Renang ing Pacet!”
“Jam, sakmenten kok renang ta Pak. Rak nggih asrep sanget.”
“Yen ora kepengin renang mengko awakmu bisa jajan jadah bakar.”

Wusanane Dino melu bapake renang. Dino kepeksa melu merga ora kepengin ijenan ing penginapan. Nalika mobil sing ditumpangi mlebu wewengkon Pacet hawane wengi tansaya adhem. Dino ngrapetake jakete supaya adheme gelem sudah.

Sawetara wektu candhake, Dino wis teka ing salah siji pemandian ing Pacet. Sepisanan teka, Dini ngrasa nggumun merga weruh akeh wong sing lagi adus. Dheweke nggumun kena ngapa adheme kaya ngene akeh banget wong sing lagi lelangen ing kolam renang.

Rasa nggumune Dino lagi suda bareng ngulati papan sing ana tulisane pemandian banyu anget. Jebul kolam renang sing ditekani wengi kuwi dudu kolam renang biyasa kaya sing digunakake Dino latihan renang. Nanging, kolam renang banyu anget alami.

Kanggo nyuda rasa adhem sing tansaya rinasa. Dino langsung salin sandhangan banjur nyemplung menyang kolam. Rasa adhem sing sadawane dalan dirasakake sanalika ilang samungkure Dino njegur menyang njero kolam.

Saliyane rasa adhem sing ilang, rasa kesel sing dirasakake Dino merga dolan menyang situs-situs sejarah uga rada suda.

Sawise kateg anggene adus lan kungkum ing kolam renang banyu anget. Dino banjur adus nganngo banyu anget. Rampung reresik awak Dino, bapak, lan ibune andhok wedang jahe lan njajan jadah bakar sinambi ngirup hawa wengi wewengkon Pacet kang seger.

5 Contoh Cerita Fabel Panjang beserta Struktur dan Pesan Moralnya, Lengkap!

Halaman:

Advertisement