Advertisement
Source : unsplash.com/m15ky

Contoh Naskah MC Pembawa Acara Arisan Keluarga dan RT Singkat

Ketika menjadi pembawa acara, tentu kamu membutuhkan coret-coretan naskah. Berikut contohnya untuk pembawa acara arisan.

28 Januari 2024 Bella Carla

Contoh Naskah MC Pembawa Acara Arisan 4

5 Contoh Teks MC Non Formal Singkat untuk Berbagai Acara Lengkap

Assalaamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillah, alhamdulillahi rabbil ‘aalamiin, nahmaduhu wa nasta’iinuhu wa nastaghfiruh, wa na’udzu min sururi anfusina wa min sayyiati a’maalina. Manyahdillahu falaa mudhilla lah, wa man yudhlilhu falaa haadiya lah

Allahumma sholli ‘alaa muhammad wa ‘alaa aliihi wa ashaabihi ajmaain.

Ingkang kawulo hurmati Bapak (…) Ketua RT (…) RW (…) ing perumahan (…).
Ingkang ugi kawulo hormati, bapak-bapak warga RT (…) RW (…).

Sepindah, sumonggo kawulo dereaken ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang kanthi rahmat hidayatipun kito saget kumpul acara pertemuan rutin arisan RT wonten ing dalemipun Bapak (…)

Salajengipun, salawat ugi salam dumateng nabi Muhammad saw ingkang dados uswtun hasanah, samangke kito antu-antu syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Ing dalu puniko kawulo badhe maosaken reroncening acara arisan pertemuan rutin RT bapak-bapak.

Sepindah, pembukaan. Kaping kalih, sambutan tuan rumah Nomer tigo, Sambutan Bapak Ketua Bapak (…). Ongko sekawan, saran usul ugi tanggapan Kaping gangsal pengumuman ugi laporan keuangan. Nomor enem penutup.

Acara ingkang sepindah inggih puniko pembukaan, monggo kito bikak acara dalu puniko kanti waosan al fatihah (ingkang ngrasuk agami sanes menyesuaikan).

Salajengipun injih puniko sambutan tuan rumah, dhumateng Bapak Bapak (…), wekdal ugi panggenan sakcekapipun.

Mekaten sambutan saking tuan rumah,

Salajengipun acara nomer 3 nuninjih sambutan ugi informasi saking Bapak Ketua RT (…), dhumateng Bopo Warsono wekdal kasumanggakaen.

Kolo wou sambutan ugi informasi saking Bapak RT sesambetan kondisi lingkunagan ugi pengumuman saking kelurahan.

Monggo kito lanjut acara ongko sekawan inggih puniko saran ugi usulan wargo. Dhumateng poro wargo engkang gadah usul saran ugi kagungan penemu kangge kemajuan lingkungan kasumanggaaken.

Acara saran usul ugi tanggapan sampun kalampahan, mbok bilih wonten usulan ingkang dereng saget kaputusaken dinten puniko kito sambung pertemuan wulan ngajeng.

Amargi unjukan soho ubo rampenipun sampun wonten ngajengan bapak sekalian, monggo supados karehapan.

Acara saklajengipun inggih puniko laporan keuangan, dhumateng poro punggowo engkang kagungan jejibahan sumonggo wekdal kasumanggaaken.

Mekaten reroncening acara wonten ing dalu puniko, mugi mugi saget ndadosaken lingkungan sansoyo sae tumrap warga RT (…) RW (…). Acara pungkasan injih puniko penutup.

Sakderengipun acara kawulon tutup, pengumuman pertemuan saklajengipun wonten ing dalemipun Bapak (…). Mbok bilih anggen kulo matur wonten ingkang kurang pas, mboten mranani penggalih kawulo nyuwun agunging pangarsami.

Monggo kito tutup acara pertemuan RT dalu puniko kanthi waosan hamdalah, alhamdulillahi robbil aalamin.

Halaman:

Advertisement