6 Contoh Pariwara Bahasa Jawa Berbagai Tema yang Menarik serta Gambarnya

6 Contoh Pariwara Bahasa Jawa Berbagai Tema yang Menarik serta Gambarnya – Di dalam bahasa Jawa pariwara memiliki makna yang sama dengan iklan di dalam bahasa Indonesia.

Iklan sendiri merupakan sebuah pesan yang fungsinya untuk menawarkan suatu produk yang ditujukan kepada masyarakat melalui media.

Biasanya iklan dibuat semenarik dan seunik mungkin. Tujuannya adalah supaya dapat mengajak masyarakat membeli produk yang diiklankan.

Supaya iklan dapat tersampaikan dengan baik, serta memberikan dampak yang baik bagi pengiklan. Ada beberapa cara yang harus dilakukan.

Cara Iklan yang Baik

https://unsplash.com/@austindistel
  1. Iklan harus di tempatkan secara tepat. Sehingga orang dapat mengetahui apa yang diiklankan dan apa yang disampaikan pihak pengiklan.
  2. Pahamilah kondisi dan tujuan pasar sebaik mungkin. Hal ini perlu dilakukan supaya iklan yang dibuat memberikan imbal balik yang baik bagi pengiklan.
  3. Pergunakanlah bahasa Jawa yang baik dan benar. Dengan menggunakan bahasa Jawa yang baik dan benar akan menghindari terjadinya ambiguitas. Sehingga maksud pengiklan dapat dipahami oleh masyarakat.
  4. Berikanlah informasi selengkap mungkin mengenai produk yang diiklankan dengan tujuan masyarakat atau calon pembeli benar-benar tahu produk apa yang sedang diiklankan.

Dalam artikel ini Mamikos akan memberikan beberapa contoh pariwara bahasa Jawa dengan beragam tema

Berikut Contoh Pariwara Bahasa Jawa

1. Iklan Tolak Angin

https://diakui.com/

Tekane mangsa rendheng kerep dadi jalaran tekane maneka werna lelara. Salah sijine lelara sing kerep teka ing mangsa rendheng yaiku masuk angin.

Saliyane tansah njaga kesehatan lan karesikan, mangan sing gizine cukup, sarta ngaso kang cukup.

Para ibu bisa cecawis Tolak Angin kanggo ngawekani yen dumadakan anak anggota kaluwargane kang nandang masuk angin.

Ginawe saka bahan-bahan alami sarta diproses kanthi modern kasil ndadekake Tolak Angin mujudake salah siji tamba masuk angin kang jempolan.

Saliyane bisa kanggo ngusadani masuk angin, Tolak Angin uga bisa digunakake kanggo ngilangi rasa lungkrah, nambani awak kang kesel, lan sirah kang cekot-cekot.

Carane nggunakake Tolak Angin iki kapetung gampang. Saliyane bisa diujuk sacara langsung. Tolak Angin bisa dicampurake ing sagelas teh panas.

Hawa adhem kang teka bebarengan tumurune udan bakal mlayu sawise diombeni teh kang dicampur Tolak Angin.

Aku wis mbuktekake dhewe. Aku uga wis ngrasakake khasiate. Saiki gilirane sampeyan sing mbuktekake.

2. Iklan Sasa

https://www.ukulele.co.nz/wp-content/uploads/2022/10/Contoh-Iklan-dalam-Bahasa-Jawa-Micin.jpg

Wis direwangi tangi esuk lan rekasa masak nanging asile durung kaya kang dikarepake merga asil masakane kurang mirasa.

Kahanan kaya mangkene iki mesthi gawe mangkele kaum ibu. Nanging wiwit saiki para ibu ora perlu sumelang maneh.

Jalaran saiki wis ana Sasa kanthi formula anyar. Apa wae jinis masakane bakal luwih mirasa yen ditambah Sasa.

Sasa kang digawe kanthi sari tebu pilihan lan diproses kanthi cara modern sarta mesin kang resik tansah ndadekake Sasa mitra sejatine kaum ibu rikala ana ing pawon.

Kanthi migunakake Sasa, bakal ndadekake masakane para duwe rasa kaya dhaharane para dewa ing kahyangan.

3. Iklan Okky Jelly Dring

https://www.ukulele.co.nz/

Sapa wae mesthi bakale mangkel yen lagi enak-enak ana ing tengah dalan dumadakan weteng krasa luwe. Tansaya mangkel maneh lamun omah utawa warung kang dodol panganan isih adoh papane.

Mesthine sing bisa ditindakake mung pringas-pringis wae. Nanging, ing jaman saiki sapa wae wis ora perlu sumelang ngrasa luwe ing tengah dalan.

Jalaran saiki wis ana ombenan kang bisa gawe wareg kanthi wektu sakedheping netra. Okky Jelly Dring jenenge jajanan kasebut.

Rasa kang nyamleng, rega kang bisa diajak kekancan karo isine dhompet sarta dayane kang bisa gawe wareg sanalika ndadekake Okky Jelly Dring duwe akeh pandemen.

Maneka werna rasa kang diduweni Okky Jelly Dring ndadekake jajanan iki disenengi wiwit saka bocah tumekane wong tuwa.

Piye penasaran karo rasane? Yen kepengin ngrasakake jajanan iki sampeyan bisa golek ing minimarket utawa golek warung-warung cedhake daleme sampeyan.

4. Iklan Obat Nyamuk

https://www.google.com/

Saliyane ndadekake wong gampang kena lara. Tekane mangsa rendheng uga kerep dadi alesan tekane sawetara penyakit.

Saliyane masuk angin, lelara kang dumadi ing kalangan masyarakat yaiku lelara kang disebabake cokotane nyamuk.

Jinis nyamuk kang kerep nyerang manungsa ing wayah rendheng yaiku nyamuk demam berdarah lan nyamuk chikungunya.

Sejatine lelara kang disebabake nyamuk iki bisa disranani kanthi njaga lingkungan omah pancet resik lan migunakake obat anti nyamuk ing wayah esuk lan sore.

Ing jaman saiki wis ora wayahe migunakake obat anti nyamuk kang ribet kaya jaman biyen.

Ngusir nyamuk ing jaman saiki mung kari semprot kaping kapisan. Sawise disemprot bakal ndadekake sing duwe omah aman saka serangan maneka jinis nyamuk.

Ginawe saka bahan-bahan kang wis disempurnakake kasil ndadekake nyamuk mlayu colong glanggang samungkure daleme sampeyan disemprot sepisan kanthi migunakake vape.

5. Teh Botol Sosro

dokumen pribadi

Satemene masyarakat Indonesian ngono mujudake sawijining masyarakat kang seneng nindakake wisata kulineran.

Nanging kadhang kala masia wis nindakake wisata kulineran, rasane tetep ana sing kurang.

Salah siji tuwuhe rasa kurang yaiku merga sajroning nindakake wisata kulineran ngunjuke dudu teh sing asli.

Ngombe sagelas teh kang abal-abal nalikane nindakake wisata kulineran mesthine mujudake sawijining kedadeyan kang rekasa banget.

Untunge, saiki wis ana teh botol sosro kanthi formula paling anyar. Ginawe saka pucuk teh pilihan lan diproses sacara modern ndadekake teh botol sosro mujudake ombenan kang cocok dadi jodhone panganan apa wae.

Arepa pangane nganggo santen, maneka jinis bakaran, utawa maneka jinis bakaran kabeh bakale cocok yen disandhingake karo teh botol sosro.

Tumrap panjenengan sing ora seneng unjukan kang manis rasane. Panjenengan ora prelu sumelang. Jalaran teh botol sosro wis duwe produk anyar yaiku teh botol sosro rasa teh tawar.

Masia tanpa nganggo gula, nanging merga digawe saka pucuk godhong teh pilihan tetep bakal nuwuhake rasa kang nikmat nalika diunjuk sawise kulineran.

6. Iklan Kopi Kapal Api

Ngrasakake weninge wengi bebarengan kanca rasane kurang nges yen durung dikancani kopi sagelas.

Kanggone wong Jawa, kopi uga kerep sinebut wedang kang bisa dijarwakake nggawe kadang.

Dadine kanggone wong Jawa, kopi iku ora mung unjukan, nanging uga mujudake sarana kanggo gawe kadang utawa golek mitra.

Nanging supaya kanca utawa kadang kang ditemokake kanthi lambaran kopi iku mujudake kanca kang satuhu lan dudu kanca sing teka nalika ana butuhe.

Sing disuguhake kudu kopi sing tenanan lan dudu kopi abal-abal. Kopi sing tenanan yaiku kopi kapal api.

Jalaran saliyane digawe saka isi kopi pilihan, kopi kapal api uga diproses sacara modern saengga ora nyuda cita rasa kopine.

Sacingkir kopi kapal api kang digawe ing wayah wengi uga bisa nuwuhake maneka inspirasi.

Saengga kanggo sapa wae sing butuh inspirasi, enggal bisa nguyup kopi kapal api.

Demikianlah contoh pariwara atau iklan dalam bahasa Jawa. Semoga melalui artikel ini dapat menambah wawasanmu tentang iklan bahasa Jawa.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta