Contoh Pawarta Bahasa Jawa Tentang Sekolah 5 W + 1 H
Apakah kamu sedang mencari contoh pawarta bahasa Jawa tentang sekolah 5 w + 1 h? Kebetulan sekali, dalam artikel ini mamikos memberikan contoh pawarta bahasa Jawa tentang sekolah 5 w + 1 h. Baca artikel hingga tuntas untuk memahaminya.
Dolanan Cukilan Kanggo Bocah
Senajan wajibing bocah sekolah iku sinau, nanging ana mangsane bocah uga butuh dolanan kanggo ngisi wektu selane.
Ngomongake babagan dolanan. Bisa dikandhakake bocah-bocah jaman saiki rancake dolanane ora uwal saka teknologi.
Dolanan sing kaya ngene pancen becik jalaran ndadekake bocah ora ketinggalan jaman. Nanging dolanan sing jinis ngene iki uga duwe perangan kurang becik.
Ngenani perangan kurang becik saka dolanan jinis iki saliyane ndadekake bocah kurang srawung klawan sapadhane, uga ndadekake bocah kurang gerak.
Kamangka saumurane bocah iku klebu mangsa becik kanggone si bocah kanggo ngolah ragane murih ing tembe bisa ndadekake dedege si bocah dadi gagah pideksa.
Durung maneh anane cheat utawa ‘dalan pintas’ sajroning dolanan modern kang nalika digunakake bisa ndadekake sing mainakake dolanan mau dadi pemenang ing dolanan (game hp lan komputer) kang dimainake bakal dadi jalaran ilange sipat sportif.
Menehi palilah bocah-bocah dolanan modern pancen ora klirune. Sauger dampak lan perangan kurang becik saka dolanan modern iku mau bisa diredhem.
Ngenani cara kanggo ngredhem dampak saka dolanan modern iki jinise akeh banget.
Salah sijine yaiku kanthi ngenalake lan ngulinakake bocah marang dolanan tradhisional marang bocah-bocah cilik.
Dolanan tradhisional dipilih jalaran dolanan iki ora mung gawe senenge bocah, nanging uga ngajak bocah srawung marang kancane sarta ngajak bocah gelem obah.
Kahanan sing kaya ngene iki yen ditindakake sacara lumintu lan anggon wayah bakal ndadekake jiwa lan ragane bocah luwih sehat.
Cara sing mangkene iki mau ditindakake dening komunitas BOW, salah siji komunitas penggiat literasi ing Tulungagung, Setu (29/10) kepungkur.
Komunitas kang saperangan gedhe anggotane para mahasiswa iki sacara lumintu saben rong minggu pisan, nekani sauntara SD ing dhaerah kecamatan Pucanglaban, kabupaten Tulungagung kanggo menehi kelas inspirasi.
Ing dina setu iku mau salah siji SD kang ditekani dening komunitas BOW yaiku SD Kaligede, Panggungkalak, Pucanglaban, Tulungagung.
Samungkure ngajak bocah-bocah sing sekolah ing kono maca lan ndongeng. Adicara banjur dibacutake klawan dolanan bareng-bareng.
Dolanan tradhisional sing dimainakake dina kuwi yaiku betengan, gobak sodhor, lan cukilan.
Saka dolanan cacah telu iki mung dolanan cukilan kang durung diweruhi bocah-bocah kang sekolah ing kono.
Dene dolanan gobak sodhor lan betengan manut Arul, salah siji siswa kelas lima, dheweke lan kancane isih kerep mainakake dolanan kasebut.
“Aku lan kancaku kadhangkala isih sok dolanan kuwi karo kancaku, Mas. Mung wae jenenge kang beda. Gobak sodhor kuwi yen ing kene jenenge sodhoran. Banjur sing jenenge betengan kuwi ing kene jenenge nom-noman, Mas,” ujare Arul.
Saka saunatara siswa kang sekolah ing kono mung Arul lan saperangan kancane sabarakan kang isih dolanan.
Dene adhik tingakate sing isih lungguh ing kelas siji lan kelas loro wis akeh sing ora ngerti marang dolanan nom-noman lan sodhoran.
Ing perangan liya kalane dikenalake klawan dolanan cukilan, yaiku dolanan sing nggunakake piranti saka ruji utawa sada. Dolanan iki bisa dienggo dolanan bocah luwih saka siji.
Carane dolanan cukilan yaiku ruji utawa sada digegem banjur ‘dipyorke’ lan sawise kuwi ruji utawa sada mau dijupuki siji mbak siji.
Kaunikane kalane njupuk iki mau ora oleh ngobahake ruji utawa sada kang dijupuk.
Menawa nganti obah, pemain sing njupuki ruji utawa sada ganti liyane. Lan kalane ganti pemain iki ruji utawa sada dipyarke maneh.
Senajan wiwitane akeh bocah sing sempet bingung ngenani carane dolanan.
Nanging sawise ngerti carane lan ngrasakake ‘sensansine’ bocah-bocah mau malah akeh sing ora gelem leren anggene dolanan cukilan mau.
“Pokoke asik banget, Mas,” ujare Arul kalane nyoba dolanan sing lagi dheweke mainake.
Sauntara kuwi manut David, salah siji perwakilan saka komunitas BOW ngandhakake yen apa sing ditindakake ing dina setu iku mau mujudake salah siji cara amrih bocah sing durung kenal lan ngerti carane mainake dolanan tradisional bisa kenal lan ngerti carane mainake dolanan sing ing dinane iki wiwit dilalekake.
“Kanthi ngenalake dolanan-dolanan tradhisional marang bocah-bocah. Saliyane bisa gawe bocah dadi kenal maneka jinis dolanan tradhisional lan gelem mainake dolanan iku mau. ing tembene uga bakal ndadekake umure dolanan tradhisional luwih dawa. Tegese dolanan tradhisional ora cures merga kepangan jaman,” ujare David.
Isih manut David ing kalodhangan iku saliyane ngenalake jinis-jinise dolanan tradhisional jangkep klawan carane mainake.
Komunitase uga menehi kawruh marang bocah-bocah ngenani pesen siningit kang ana ing sawalike dolanan tradhisional iku mau.
Diandharakene pesen kang siningit ing sawalike dolanan tradhisional iku mau David yakin bakal ndadekake rasa senenge bocah marang dolanan tradhisional bakale ngrembaka.
“Rancake dolanan tradhisional iku ora mung angger dolanan sing tanpa guna. Awit ing sawalike dolanan tradhisional iku mau ana pesen siningit kang wigati banget marang kapribadhene bocah menawa tata carane mainake ditrepake kanthi temenan. Tuladhane kaya betengan lan gobak sodhor. Dolanan cacah loro iku mau mulangake supaya bocah gelem makarya bebarengan lan duwe rasa tanggungjawab marang apa sing ditindakake. Sabanjure kaya ing dolanan cukilan. Senajan katon prasaja banget. Nanging ing sawalike kuwi ana pesen utawa piwulang supaya bocah dadi luwih tliti lan nduweni rasa sportif kalane dolanan,” tambahe David.
David uga nambahake yen bocah-bocah anggene mainake dolanan tradhisional iku mau kanthi ngecakake tata carane mainake kang trep.
Kapribadhene si bocah bakal kalatih saengga kalane si bocah dhiwasa utawa ninggalake tataran bocah. Si bocah bakal duwe rasa tanggungjawab lan sing paling wigati jiwa sportife wis kaasah.
Saengga kalane kalah kalane nindakake tetandhingan bocah mau bakal gelem nampa kanthi legawa.
Sauntara kuwi anane kegiyatan sing ditindakake dening komunitas BOW iki ditampa kanthi becik dening pihak sekolahan.
Ansori salah siji guru ngaku seneng banget marang kegiyatan sing wis kurang luwih setaun iki kagelar ing sekolahane.
Lumantar anane kegiyatan sing ditindakake dening komunitas BOW iki minat sinaune bocah-bocah ngalami undhak-undhakan.
“Anane kegiyatan sing ditindakake dening komunitas BOW iki menehi pangaribawa becik tumrap bocah-bocah sing sekolah ing kene. Saliyane minat sinaune ngalami undhak-undhakan kang cukup akeh. Bocah-bocah uga kelangan rasa jenuh. Saengga kalane jam pelajaran efektif bali dicakake bocah dadi luwih siyap lan kepenak anggene nampa piwulangan saka para guru kang mulang ing kene. Muga wae kegiyatan sing kaya ngene bisa lumintu lan tetep menehi dampak kang becik marang para siswa,” pungkase Ansori.

Advertisement
Demikianlah contoh pawarta bahasa Jawa tentang sekolah 5 w + 1 h. Semoga artikel ini dapat kamu jadikan referensi dalam membuat pawarta bahasa Jawa yang baik dan benar.