Contoh Pidato Singkat Bahasa Jawa tentang Kebersihan Sekolah

Contoh Pidato Singkat Bahasa Jawa tentang Kebersihan Sekolah – Pidato singkat bahasa Jawa tentang kebersihan sekolah biasanya merupakan salah satu materi pelajaran bahasa Jawa yang sering disampaikan.

Selain itu, pidato singkat bahasa Jawa tentang kebersihan sekolah sering disampaikan pada acara-acara tertentu di sekolah. Misalnya ketika upacara bendera atau ketika peringatan hari besar di sekolah.

Tahukah kamu bagaimana cara membuat pidato singkat bahasa jawa tentang kebersihan sekolah? Dalam artikel ini, Mamikos akan memberikan beberapa contohnya. Yuk, simak sampai selesai!

Contoh Pidato Singkat Bahasa Jawa tentang Kebersihan Sekolah 1

Getty Images Signature/webphotographeer

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Ingkang kinurmat bapak Kepala Sekolah, Para Guru, lan Para Mitra ingkang kula tresnani.

Ing kalodhangan niki kula bakal matur ngenani babagan wigatine njagi karesikan lingkungan sekolah.

Sampun kita mangertosi sesarengan menawi jagad menika namung setunggal. Mula saking niku kita kedah ngupayakaken karesikan lingkungan, mliginipun karesikan lingkungan sekolah.

Kanthi kahanan lingkungan sekolah ingkang resik, kita bakal ngraos ayem nalika maenggen ing sekolah.

Wontenipun raos ayem menika ingkang bakal ndayani swasana pamucalan dhateng sekolah kraos sekeca. Saengga menapa kemawong ingkang dipunwucalaken dening bapak lan ibu guru saged gampik kita mangertosi.

Njagi karesikan lingkungan sekolah menika sejatose gampil katindakaken. Senaosa gampil, nanging taksih sekedhik ingkang kersa nindakaken. Amargi taksih kathah ingkang dereng kagungan kesadharan wigatose njagi karesikan lingkungan sekolah.

Tuladhanipun taksih kathah ingkang mbucal larahan kanthi sembaranan. Mesthinipun kita taksih kemutan, menawi njagi karesikan menika mujudaken perangan saking iman.

Menawi kita ngaku titah ingkang kagungan iman. Samesthinipun manah kita tansah kagugah kagem ngupayakaken lan njagi karesikan lingkungan ing sekolahan.

Mugi-mugi sarampunge adicara niki. Kita tansah kersa njagi karesikan lingkungan sekolah.

Cekap semanten atur kula. Menawi wonten kirangipun kula nyuwun agunge pangaksami.

Waalaikumsalam warahmatullahi wabarakatuh

Contoh Pidato Singkat Bahasa Jawa tentang Kebersihan Sekolah 2

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Bapak kepala sekolah, bapak lan ibu guru ingkang kula khurmati lan para mitra ingkang kula tresnani.

Ing wekdal punika, kula badhe nindakaken pidato ngenani wigatose njagi karesikan lingkungan sekolah.

Sampun kita mangertosi sesarengan menawi masalah ageng ingkang dipunalami manungsa ing jaman saniki, tansah wonten gandheng cenenge klawan babagan larahan.

Saben dintene wonten mayuta-yuta ton sampah ingkang damel regedi bumi.

Saking cacah samonten namung sekedhik sanget ingkang diproses kados samesthinipun. Sisane kathah sanget larahan ingkang dibucal kanthi sembranan.

Akibate pencemaran lingkungan dumados dhateng pundi mawon. Wiwit saking gunung dumugi ngantos samudra.

Menawi kita boten enggal nuwuhaken kesadharan tumrap dhiri pribadhi. Boten mokal menawi ing dinten samangke bumi bakal kathah ngalami karusakan.

Para rawuh,

Sejatosipun njagi karesikan menika sanes mligi tugasipun petugas dinas kebersihan.

Kita minangka salah satunggale titah ingkang dipun tampak ing bumi. Kula raos kita kagungan kewajiban kagem tumut cancut tali wanda njagi karesikan lingkungan, mliginipun lingkungan sekolah.

Kahanan lingkungan sekolah ingkang resik boten mawon nuwuhaken raos seneng lan ayem ing manah. Nanging ugi bakal nuwuhaken raos krasan rikala wonten ing sekolahan.

Para rawuh,

Sampun kita mangertosi sesarengan bilih lingkungan kita wekdal punika kenging maneka masalah lingkungan ingkang disebabake maneka jinis larahan, saking larahan organik ugi non-organik.

Jinis larahan ingkang asring dados pirembagan inggih menika larahan saking plastik.

Jalaran larahan jinis menika gampil ditemokaken lan taksih asring tiyang ingkang mbucal kanthi sembranan.

Tuladha paling gampile inggih menika taksih kathah tiyang ingkang mbucal bungkus permen kanthi sembranan.

Sinaosa wujude bungkus permen niku alit. Nanging samangsa dibucal kanthi sembranan tetep mawon bakal ndadosaken masalah lingkungan.

Mula saking niku, kula kinten boten wonten lepate menawi wiwit dinten niki kita tansah langkung nggatekaken perkawis niki.

Kita tansah nyengkuyung gerakan tresna marang bumi, caranipun kanthi mbucal larahan ing papan kang samesthinipun.

Ing perangan sanes, jinaganipun lingkungan sekolah, bakal ndadosken para warga sekolah tansah jinaga kesehatanipun. Lan samungkuripun saged njagi karesikan dhateng lingkungan sekolah.

Ugi saged njagi karesikan dhateng lingkungan griya sarta saged njagi karesikan dhateng pundi kemawon.

Para rawuh,

Kula kinten cekap semanten atur kula. Menawi wonten kirangipun anggen kula matur. Kula nyuwun agunge pangaksami.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabaraktuh

Contoh Pidato Singkat Bahasa Jawa tentang Kebersihan Sekolah 3

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Puji syukur dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring nikmat iman sarta sehat saengga kita saged nglempak ing papan ngriki.

Ing kalodhangan dinten niki, kula nyuwun palilah badhe ngaturaken pidhato ngenani budaya njagi karesikan lingkungan.

Sampun samesthinipun kita nuduhaken budaya ingkang tansah nggatekaken raos tentrem sarta karesikan. Kita sami sampun ngertos menawi raos tentrem menika namung saged tuwuh nalika kita manggon ing papan kang resik.

Mula saking niku, kita kedah gadhah tanggungjawab kagem njagi karesikan dhateng pundi kemawon, mliginipun dhateng sekolahan.

Kanthi lingkungan sekolah ingkang resik, bakal ndadosaken siswa lan para warga sanesipun ngraosaken krasan dhateng sekolahan. Raos krasan menika awis sanget reginipun.

Tuwuhipun raos krasan ing wanahe siswa dalah warga sekolah bakal dados jalaran miyosipun raos hanggadhahi.

Kanthi wontene raos nggadhahi menika bakal ndadosaken siswa dalah para warga sekolah ngraos gadhah tanggungjawab njagi karesikan lingkungan sekolah.

Kula kinten cekap semanten atur kula. Santen sarining klapa, menawi wonten lepat kula nyuwun agunge pangapura.

Waalaikumsalam warahamatullahi wabarakatuh

Contoh Pidato Singkat Bahasa Jawa tentang Kebersihan Sekolah 4

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Ing kalodhangan niki sumangga kita aturaken raos puja lan syukur dhumateng Gusti Allah SWT, amargi namung saking nugrahan-E kita saged kempal tanpa kekirangan setunggal menapa.

Para rawuh ingkang kinurmat

Pidhato ingkang badhe kula andharaken inggih menika babagan njagi karesikan ing lingkungan sekolah.

Samesthinipun kita sedaya ingkang wonten papan ngriki, sampun sami ngertos menawi Gusti Allah SWT menika remen sanget kaliyan samubarang ingkang resik.

Sasanese awak kang resik, Gusti Allah SWT ugi remen sanget kaliyan lingkungan ingkang resik.

Ngenani babagan menika, prayoginipun kita saged nindakaken njagi karesikan kanthi nyata boten namung kandheg dhateng andharan kemawon.

Para rawuh,

Sejatose tumindak njagi karesikan menika saged diwiwiti saking dhiri kita piyambak.

Saking ngriku samesthine samangke saged dipuntuladhani kalih tiyang sanes. Menapa malih tumindak njagi karesikan menika asilipun nyata saestu.

Para rawuh,

Kita kedah kemutan, menawi napa ingkang wonten dinten niki sanes warisan, nanging mujudaken titipan.

Mula saking niku kita kedah gadhah tanggungjawab njagi lingkungan, mliginipun lingkungan sekolah supados generasi ingkang badhe dugi bakal saged ngraosaken kahanan langkung sae tinimbang ingkang kita raosaken saniki.

Kita ugi saged paring tuladha menawi njagi karesikan menika wigati sanget tumrap gesang.

Mula saking niku kita kedah saged mucal lan paring pirsa tumrap para siswa ngenani wigatinipun njagi karesikan.

Babagan kados menika kedah dipuntindakaken supados ing tembe para siswa saged tuwuh dados tiyang ingkang remen marang karesikan.

Kanthi wontene surasa ingkang kados mekaten dhateng manahipun para siswa. Kula kinten siswa bakal saged ndadosaken kahanan jagad dados langkung sae.

Kula kinten cekap semanten rumiyin atur kula. Mugi-mugi atur kula ingkang sekedhik menika wonten guna ugi lan paedahipun. Nyuwun agunge pangaksami saking sedaya kalepatan kula.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Penutup

Demikianlah contoh pidato bahasa Jawa singkat tentang kebersihan lingkungan sekolah.

Semoga artikel sederhana ini bermanfaat buatmu yang sedang mencari contoh pidato singkat bahasa Jawa tentang kebersihan sekolah.

Temukan pula informasi seputar lowongan kerja, kost-kostan, serta sewa apartemen hanya di Mamikos.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta