Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Akhlak, Bersyukur, dan Kerukunan

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Akhlak, Bersyukur, dan Kerukunan – Selain dalam acara formal, pidato berbahasa Jawa juga sering ditemui dalam beberapa acara non-formal.

Beberapa tema yang sering diangkat dalam pidato bahasa Jawa antara lain adalah tentang akhlak, bersyukur, dan kerukunan.

Bagi kamu yang saat ini sedang kebingungan mencari contoh pidato bahasa Jawa dengan tiga tema di atas, berikut ini Mamikos akan memberikan contoh pidato dengan tema tersebut. Yuk, simak!

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Akhlak, Bersyukur, dan Kerukunan

Getty Images/Radiomoscow

Di bawah ini akan disampaikan contoh pidato tentang akhlak, bersyukur, dan kerukunan

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Akhlak

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Sugeng enjing ugi salam karaharjan kagem kita sedaya

Ingkang kula khurmati Bapak/Ibu Guru, ingkang kula tresnani kanca-kanca kula sedaya, sarta para rawuh ingkang kula mulyakaen.

Sumangga kita sesarengan tansah ngonjukaken raos sokur dhuwateng Allah SWT ingkang sampun paring rohmat saha hidayahipun. Saengga kita saged kempal ing ngriki kanthi jangkep tanpa boten kekirangan setunggal punapa.

Shalawat ugi salam mugi-mugi tansah dhateng junjungan kita sedaya Nabi Muhammad SAW sarta kluwarginipun ugi  para sahabatipun ingkang sapangatipun tansah kita rantos mangke ing dinten yaumil akhir.

Dhateng kalodhangan punika, kula nyuwun palilah dhumateng panjenengan sedaya, kula badhe matur sekedhik ngenani akhlak ingkang sae.

Bapak/Ibu guru, para mitraku, sarta para rawuh sedaya prelu kita kawungingani menawi akhlak ingkang sae punika wigatos sanget dipun-tindakaken dhateng bebrayan agung.

Alesanipun amargi kanthi kagungan akhlak ingkang sae, kita boten namung sampun nindakaken prentahipun agami, nanging kita ugi sampun nindakaken wajibing manungsa minangka makhluk sosial.

Akhlak ingkang sae menika tuladhanipun kathah sanget. Dhateng alam bebrayan punika asring dumados kahanan ingkang kirang mranani dhateng penggalih amargi kathah tiyang ingkang tumindak sembranan boten manut kaliyan aturan.

Sasanese niku, taksih kathah ingkang kagungan raos srei, meri, drengki, klawan kasuksesanipun liyan.

Raos srei, meri, drengki punika kalebet salah satunggaling penyakit batin ingkang tuwuh mergi akhlak ingkang awon.

Supados penyakin batin punika boten sumrambah lan rumasuk salebeting jiwa. Kita kedah nyingkiri. Salah satunggiling cara inggih menika kanthi ngraos menawi gesang dhateng alam donya punika sawates sawang-sinawang.

Kanthi ngecakaken sarta tansah kemutan menawi gesang dhateng alam padhang punika sawang-sinawang. Kita bakale tebih saking penyakit batos, kang ingkang tembene bakal ndadosaken akhlak kita bakale sae.

Salajenge akhlak ingkang sae punika bakal ndadosaken kita saged ngraosaken katentreman sarta endahing gesang.

Para rawuh, kula kinten cekap semanten rumiyin anggen kula matur. Menawi wonten kirang utawi lepat anggen kula matur.

Kula saestu nyuwun agunging pangaksami. Santen toyaning klapa. Cekap semanten lan nyuwun agunging pangaksama.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Bersyukur

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Alhamdulillah, sedaya puji tansah konjuk dhateng Allah ingkang sampun kanugrahan arupi kasarasan sarta rejeki kagem kita sami.

Solawat ugi salam salam sumangga tansah kita aturaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad, keluwargi, ugi para sohabatipun. Kanthi mekaten mugi-mugi kita sedaya tansah pikantuk sapangatipun ing dinten kiyamat mangke.

Para mitraku sing daktresnani, dhateng wekdal ingkang sae punika, nyuwun palilahipun sakiing panjenengan sami, kula badhe sekedhik matur ngenani babagan wigatosipun kagungan rasa sokur ing gesang kagem kita sedaya.

Raos sokur punika kedah dipungadhahi dening sinten kemawon, klebet kita ingkang taksih lenggah dados siswa dhateng papan pawiyatan punika.

Prelu para mitra ngertosi menawi kagungan raos sokur salebeting gesang menika mujudaken salah satunggiling prentah saking Gusti Allah ingkang kaserat dhateng lebeting al-qur’an surah Al-baqarah ayat 152.

Wosing ayat punika menawi tiyang kagungan raos sokur tegesipun piyambake tansah emut marang wontene Gusti Allah. Dene tiyang ingkang boten kagungan raos sokur, tegese tiyang punika sampun kesupen kalih Gusti Allah.

Sameshinipun para mitra rak nggih sampun sami mangertos menawi tiyang ingkang tansah emut marang wontene Gusti Allah tansah dipuntambah sedaya kanikmatan sarta kanugrahanipun. Sarta kados mekaten kosok wangsulipun.

Tiyang ingkang boten kagungan raos sokur tansah nampi pacoban saking Gusti Allah sarta dipunsuda sedaya kanikmatan sarta kanugrahan ingkang sampun dipunparingaken.

Kita sedaya ing ngriki samesthipun sami kagungan pepinginan pikantuk tambahan kanugrahan saking Gusti Allah. Mula saking niku wiwit dinten niki, kita tansah ajar dados salah satunggaling umat ingkang wasis ngraos sokur dhumateng sedaya paringanipun Gusti Allah.

Tumindak sokur ingkang saged dipuntindakake dhateng gesang saben dinten punika kathah sanget. Nampi garising nasib kanthi mboten nggresah sarta ngresula menika sampun kalebet tumindak sokur.

Allah sampun janji, sinten kemawon ingkang kersa nampi garising gesang kanthi manah ingkang ikhlas, sedaya panandhang, sesuker, sarta sedaya sakitipun bakal kaangkat sarta kagantos dening kabagyan ing duginipun tanpa dinuga.

Mugia kita saged dados umat ingkang mekaten. Umat ingkang kersa nampi garising gesang kanthi ikhlas.

Para mitraku kang daktresnani, dakkira cukup semanten rumiyin ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten kirang sarta lepat anggen kula matur. Kula nyuwun agunging pangaksama.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Kerukunan

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Salam karaharjan tumrap kita sedaya, mugi-mugi Gusti Ingkang Murbeng Dumadi tansah paring kasantosan ugi kaslametan tumrap kita sedaya.

Ingkang kawula khurmati bapak tuwin ibu guru sarta para mitra ingkang kula tresnani.

Sumangga saderenge pidhato kawiwitan, kita sedaya sesarengan tansah ngonjukaken raos sokur tumrap sedaya rohmat sarta kanugrahan ingkang sampun diparingaken dening Gusti Allah.

Saengga ing dinten punika kita saged kempal ing ngriki tanpa kekirangan sarta tanpa wonten kekirangan setunggal punapa.

Bapak ugi Ibu guru ingkang kinurmat sarta para mitraku kang daktresnani, samesthinipun salebetipun gesang kita dhateng alam bebrayan punika tansah kagungan pepinginan ingkang sami.

Kita sedaya tansah kagungan pikajengan utawi gegayuhan gesang kanthi ayem sarta tentrem tanpa wonten cecongkrahan klawan sinten kemawon.

Gegayuhan ingkang ketawise prasaja punika kasunyatanipun radi rekaos anggenipun mujudaken lamun kita boten saged ngendhalini dhiri.

Tegesipun mekaten, supados saged gesang kanthi tentrem punika kuncinipun wonten ing dhiri kita piyambak.

Menawi kita boten kepengin dilarani dening tiyang sanes, kita ugi sampun ngantos nglarani tiyang sanes.

Kita kedah andum tresna marang sapadha kados dene kita nresnani dhiri kita pribadhi. Kanthi lampah ingkang kados mekaten panguripan endah ingkang kebak katentreman bakal dumados.

Dene menawi wonten tiyang sanes ingkang nglarani kita. Sasaged-sagede kita kedah kagungan manah pindha samudra kagem paring pangapura dhumateng tiyang punika.

Tanpa wonten raos pangapura sarta narima kanthi tulus lair batos. Katentreman ingkang sanget dikajengaken namung bakal dados impen ingkang wurung dados kasunyatan.

Para rawuh ingkang kula tresnani.

Kula ngertos menawi lampah ingkang kados kula aturaken awrat sanget kagem dipunlampahi. Nanging tanpa kita kedah wantun nyobi supados gegayuhan kita kagungan gesang ingkang tentrem kebak klawan kerukunan saged dados kasunyatan.

Kula kinten cekap semanten rumiyin ingkang saged kula aturaken. Sumangga wiwit dinten punika kita sesarengan ajar dados tiyang ingkang gampil paring pangapura tumrap kalepatanipun tiyang sanes.

Mugi-mugi kanthi mekaten batos kita bakal langkung ngraos ayem tinimbang dinten wingi. Pungkasaning atur, kula nyuwun agunging pangaksami saking sedaya lepat ingkang sampun kula tindakaken.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Demikianlah contoh pidato bahasa Jawa yang bisa disampaikan. Semoga artikel ini dapat membawa manfaat bagi yang membutuhkan.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta