10 Contoh Pembuka dan Penutup Pidato Bahasa Jawa Singkat

10 Contoh Pembuka dan Penutup Pidato Bahasa Jawa Singkat – Dalam pidato yang memakai bahasa Jawa, juga terdapat pembuka dan penutup pidato.

Seorang yang ditugaskan untuk membacakan pidato harus benar-benar memperhatikan pemilihan kalimat yang digunakan sebagai pembuka dan penutup pidato yang disampaikannya.

Supaya pembuka dan pidato menjadi menarik dan tepat sasaran, sebaiknya seseorang yang bertugas untuk membacakan pidato mencari tahu siapa saja peserta yang akan mendengarkan pidatonya.

Sekilas tentang Pembuka dan Penutup Pidato

Photoimages/Comstock

Jika pendengar pidatonya semua beragama islam. Maka ucapan syukur yang sering disampaikan di awal pidato boleh ditujukan kepada Allah SWT.

Sementara apabila ada banyak pemeluk agama lain yang ikut mendengarkan pidato yang disampaikannya, ucapan syukur bisa ditujukan kepada Tuhan Yang Maha Esa sebagai bentuk penghormatan kepada pemeluk agama lain.

Selain harus memperhatikan penggunaan diksi agar tidak menimbulkan salah paham atau demi menghargai keyakinan yang dianut oleh pendengar pidato.

Seseorang yang sedang menyampaikan pidato harus pandai-pandai memilih diksi, sehingga apa yang disampaikannya dapat diterima dengan baik oleh seluruh pendengar.

Contoh Pembuka dan Penutup Pidato Bahasa Jawa SIngkat

Contoh Pembuka Pidato Bahasa Jawa

Contoh 1

Assalamu’alaikum warahmatulahi wabarakatuh

Para bapak saha para ibu ingkang kawula khurmati. Sumangga kita sesarengan ngunjukaken raos sokur dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Wikan.

Awit namung saking Kuwasanipun Gusti Ingkang Maha Suci, kita saged nyawiji raos ing papan ngriki tanpa kekirangan ugi tanpa pepalang ingkang wigati.

Shalawat ugi salam a tansah konjuk dhumateng Nabi Agung, Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang sapangatipun tansah kita antu-antu wonten dinten pungkasan mangke.

Contoh 2

Dhumateng para alim ulama’, para kiyai, lan para sesepuh ingkang tansah kebak klawan kawruh.

Para bapak-bapak, hadirin sedaya tamu undangan ingkan tansah kawula khurmati.

Sepindah, sumangga kita sedaya tansah muji syukur dhumateng ngersane Gusti Allah Kang Maha WIkan ghoniyyun syakur, deneng punapa kawula panjenengan tasek pinaringan pinten-pinten rohmat, taufiq, hidayah, saha inayah saengga kita sedaya saged rawuh wonten meriki panggenan kanti bagas waras tanpa kirang setunggal punapa.

Kaping kaleh, sholawat salam Allahumma sholli ala muhammad mugi-mugi tetep kaaturaken dateng gusti kanjeng Nabi Muhammad SAW. Kanti arep-arepan mugia kita angsal sapangatipun benjing wonten ing yaumil qiyamah.

Contoh 3

Assalamu’alaikum wrrahmatulahi wabarakatuh

Bismillahirrahmanirrahim, sun amiwiti kanthi anyebut asmaning Gusti Illahirrobi ingkang Maha welas saha asih. Amit, amit pasang kaliman tabik, mugi tinebihna saking tulak sarik, tinebihna saking siku dhendhaning Syang Hyang Maha Kawasa.

Nuwun, kula nuwun…

Sanggyaning para sepuh, pini sepuh, aji sepuh dalah para pepundhen ingkang satuhu lebda ing darmaning pitutur, pana ing pamawas ingkang tansah kinabekten.

Para alim ulama, para kyai ingkang rinten klawan dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Illahi, minangka keblating panuntun panatagama manembah mring ngarsaning Gusti ingkang tansah kula tengga pituwah-pituwahipun.

Para satriyaning nagari, pangemban pangembating praja ingkang tansah mastuti mring pepoyaning kautaman, ingkang pantes minangka pandam pandoming para kawula dasih.

Para tamu kakung putri ingkang sampun pepak sinaraja dhahat kalingga murda.

Datan katalumpen para kadang wreda tumaruna ingkang tansah winengku ing bagya mulya.

Kasugengan, katentreman miwah kabagaswarasan mugi tansah lumeber saking sih wilasaning Gusti ingkang Maha Welas saha Maha Asih, satemah sageda tumanduk kajiwa, kasarira sagung para kawula dasih.

Sholawat saha salam kunjuk wonten ngarsa paduka kang sinudarsana Gusti Kanjeng Nabi Muhammad RasulluAllah SAW. Mugi kula dalah panjenengan sedaya tansah pikantuk syafaatipun ing yaumul kiyamah. Amin, amin, ya robbalalamin.

Contoh 4

Assalamu’alaikum warahmatulahi wabarakatuh

Sugeng siyang Bapak Kepala Desa lan Bapak Ketua RT ingkang kula khurmati.

Sugeng siyang ugi kula aturaken dhumateng sedaya warga Desa Miridudo ingkang kula tresnani.

Sumangga kita sami-sami sesarengan ngucap puja sarta raos syukur ingkang namung dipuntujokaken kagem Gusti Ingkang Maha Kuwaos, awit saking kawelasan saha kanugrahanipun kita saged kempal wonten ngriki tanpa wonten setunggal alangan.

Contoh 5

Salam kabecikan tumrap kita sedaya. Om swastiastu namo budaya. Salam karaharan tumrap kita sedaya. Para rawuh ingkang tansah dipunmulyakaken dening Gusti Ingkang Maha Tunggal.

Ingkang kapisan, sumangga sesarengan kita konjukaken raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Kuwaos. Amargi namung saking kanugrahan saking Panjenengan-E kita sedaya saged kempal ing papan punika tanpa wonten kekirangan setunggal punapa.

Contoh Penutup Pidato Bahasa Jawa

Contoh 1

Kula kinten semanten rumiyin anggen kula matur. Iwak sepat kungkum ing toyaning klapa. Menawi wonten lepat anggen kula matur, saestu kula nyuwun agunging pangaksama.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh 2

Kula kinten cekap semanten atur kula. Menawi wonten kirange anggen kula matur. Gusti Allah ingkang bakal njangkepi. Saderenge kula pungkasi, kula badhe nyuwun aguning pangaksami saking sedaya kalepatan kula.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh 3

Sanghyaning para tamu kakung sumawana putri ingkang satuhu luhuring budi. Kadya sampun wahyaning mangsa kala paharyan paripurna.

Pramila penganten sarimbit arsa kadherekaken jengkar saking sasaana rinengga manjing mring dwaraning pawiwahan, saperlu nyadhong berkah lan idi pangestu saking para tamu, ngiras pantes nguntapake kundure para lenggah.

Awit sampun sawetawis anggenya lelenggahan, datan mokal kalamun tindaknya katingal gegleyongan.

Ginunturan sih wilasaning Gusti ingkang Akarya Jagad, jinurung idi pangestu saking sanghyaning para tamu, adicara dinten punika saged lulus widada kalising rubeda.

Ingkang hamengku gati ngaturaken panuwun dhumateng para rawuh ingkang kasdu hangestreni ngiras pantes paring pangestu dhumateng penganten sarimbit ngantos paripurnaning pahargyan.

Datan katalumpen awit saking sih kadarman panjenengan ingkang wujud punapa kemawon, aguh pratikel, bau suku, arta lan redana ingkang satuhu damel pangentheng-entheng dhumateng ingkang hamengku gati.

Kaaturaken agunging panuwun, lan mugi-mugi Gusti Allah SWT paring piwales ingkang matikel-tikel.

Nglenggana anggenipun miwaha putra mahargya siwi sampun karantam dangu saderengipun, paribasan sampun ngetok kabisan lan karosan, nanging tumapaking gati taksih kathah ingkang nguciwani, Pramila mugi wonten lumunturing samodra pangaksami.

Minangka panatacara ndhadha kathah kedaling lathi kang boten mranani wonten penggalih handika, awit saking cubluking nalar, kirange seserepan saha andhaping pawiyatan.

Pramila kula nyuwun pangaksama. Wasana mastuti raharjaning lampah.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Contoh 4

Kula kinten cekap semanten rumiyin atur saking kula. Mugi-mugi atur kula ingkang sekedhik menika wonten guna ugi wonten paedahipun.

Nyuwun agunge pangaksami saking pramila wonten tata lampah sarta tata tutur ingkang boten mranani dhumateng manah panjenengan sedaya. Mugi, ing sanes wekdal kita saged kepanggih malih. Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh 5

Para rawuh. Saderengipun kula pungkasi anggen kula matur. Kula badhe nyuwun agunging pangaksami dhumateng panjenengan sedaya menawi wonten tutur, pocapan, tata lampah, ugu polatan ingkang boten mranani mungguhing panjenengan sedaya.

Sedaya lepat menika saking kula, dene wonten kaluwihan menika sedaya saking Gusti Allah. Sarining klapa namine santen. Sedaya lepat kula, mugia tansah diapunten.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Demikian contoh pembuka dan penutup pidato dalam bahasa Jawa yang bisa disampaikan. Semoga artikel ini bisa membantu kalian yang sedang belajar membuat pidato bahasa Jawa.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta