10 Contoh Pembuka dan Penutup Pidato Bahasa Jawa Singkat
Jika kamu sedang mencari contoh pembuka dan penutup pidato bahasa Jawa singkat, yuk, temukan contohnya dengan membaca artikel ini sampai selesai!
Contoh 3
Assalamu’alaikum wrrahmatulahi wabarakatuh
Bismillahirrahmanirrahim, sun amiwiti kanthi anyebut asmaning Gusti Illahirrobi ingkang Maha welas saha asih. Amit, amit pasang kaliman tabik, mugi tinebihna saking tulak sarik, tinebihna saking siku dhendhaning Syang Hyang Maha Kawasa.
Nuwun, kula nuwun…
Sanggyaning para sepuh, pini sepuh, aji sepuh dalah para pepundhen ingkang satuhu lebda ing darmaning pitutur, pana ing pamawas ingkang tansah kinabekten.
Para alim ulama, para kyai ingkang rinten klawan dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Illahi, minangka keblating panuntun panatagama manembah mring ngarsaning Gusti ingkang tansah kula tengga pituwah-pituwahipun.
Para satriyaning nagari, pangemban pangembating praja ingkang tansah mastuti mring pepoyaning kautaman, ingkang pantes minangka pandam pandoming para kawula dasih.
Para tamu kakung putri ingkang sampun pepak sinaraja dhahat kalingga murda.
Datan katalumpen para kadang wreda tumaruna ingkang tansah winengku ing bagya mulya.
Kasugengan, katentreman miwah kabagaswarasan mugi tansah lumeber saking sih wilasaning Gusti ingkang Maha Welas saha Maha Asih, satemah sageda tumanduk kajiwa, kasarira sagung para kawula dasih.
Sholawat saha salam kunjuk wonten ngarsa paduka kang sinudarsana Gusti Kanjeng Nabi Muhammad RasulluAllah SAW. Mugi kula dalah panjenengan sedaya tansah pikantuk syafaatipun ing yaumul kiyamah. Amin, amin, ya robbalalamin.

Advertisement
Contoh 4
Assalamu’alaikum warahmatulahi wabarakatuh
Sugeng siyang Bapak Kepala Desa lan Bapak Ketua RT ingkang kula khurmati.
Sugeng siyang ugi kula aturaken dhumateng sedaya warga Desa Miridudo ingkang kula tresnani.
Sumangga kita sami-sami sesarengan ngucap puja sarta raos syukur ingkang namung dipuntujokaken kagem Gusti Ingkang Maha Kuwaos, awit saking kawelasan saha kanugrahanipun kita saged kempal wonten ngriki tanpa wonten setunggal alangan.
Contoh 5
Salam kabecikan tumrap kita sedaya. Om swastiastu namo budaya. Salam karaharan tumrap kita sedaya. Para rawuh ingkang tansah dipunmulyakaken dening Gusti Ingkang Maha Tunggal.
Ingkang kapisan, sumangga sesarengan kita konjukaken raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Kuwaos. Amargi namung saking kanugrahan saking Panjenengan-E kita sedaya saged kempal ing papan punika tanpa wonten kekirangan setunggal punapa.