40 Contoh Soal SAS Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 2 Kurikulum Merdeka dan Jawabannya
Apakah kamu sedang mencari informasi tentang SAS Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 2 Kurikulum Merdeka yang sudah dilengkapi dengan kunci jawabannya? Yuk, temukan contoh soalnya di sini!
Dalam waktu dekat ujian SAS Bahasa Jawa untuk jenjang Kelas 4 Semester 2 akan segera dilakukan secara serentak.
Supaya kamu bisa mendapat nilai yang memuaskan, kamu perlu belajar mengulang materi yang telah diberikan dan bisa ditambah dengan belajar mengerjakan contoh soal yang sudah dilengkapi dengan kunci jawabannya.
Nah, di bawah ini adalah beberapa contoh soal Soal SAS Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 2 yang bisa kamu kerjakan untuk latihan. Silakan, kamu kerjakan contoh soal berikut ini dengan baik, ya! 📄👩🏻🎓
Daftar Isi
Contoh Soal SAS Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 2 Kurikulum Merdeka dan Jawabannya

Di bawah ini adalah beberapa contoh soal SAS Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 2 Kurikulum Merdeka yang bisa gunakan sebagai latihan belajar.
Contoh Soal 1-10
Soal Nomor 1
Kriwikan dadi grojogan tegese …..
a. Kali cilik dadi gedhe ana grojogane
b. Yen ana prakara kudu cepet dirampungake
c. Ana prakara sing abot dirampungake
d. Prakara cilik dadi prakara gedhe tur ngambra-ambra
Kunci Jawaban: D
Soal Nomor 2
Bocah-bocah sekolah saiki padha pinter nganggo komputer gawe ngrampungake garapan sekolah. Malah wong tuwane sing ora ngerti babagan komputer njaluk warah marang anake. Unen-unen kang pas kanggo pratelan ing ndhuwur yaiku …..
a. Kebo kabotan sungu
b. Belo melu seton
c. Kebo nusu gudel
d. Anak polah bapa kepradhah
Kunci Jawaban: C
Soal Nomor 3
Kebo kabotan sungu kalebu unen-unen …..
a. Paribasan
b. Bebasan
c. Saloka
d. Entar
Kunci Jawaban: C
Soal Nomor 4
Ing ngisor iki sing ora kalebu basa rinengga yaiku …..
a. Janur gunung
b. Kawigatosan
c. Kriwikan dadi grojogan
d. Kebo kabotan sungu
Kunci Jawaban: C
Soal Nomor 5
Pakdhe kuwatir banget amarga anake lanang durung mulih. Tembung entar saka tembung kang kacithak miring yaiku …..
a. Dawa ususe
b. Jembar segarane
c. Entek atine
d. Cilik atine
Kunci Jawaban: C
Soal Nomor 6
Ing ngisor iki kang klebu pitutur luhur yaiku …..
a. Yen ora mlebu kudu pamit, ning ora nganggo layang
b. Dadi murid kudu sregep mlebu ing pamulangan
c. Dadi wong ora kudu sregep nyambut gawe
d. Yen ora mlebu, ora kudu duwe alasan kang penting
Kunci Jawaban: B
Soal Nomor 7
Sawijining sandhangan aksara jawa yaiku sandhangan swara. Yen arep nulis aksara jawa tembung ngati-ati, sandhangan swara sing dianggo yaiku …..
a. Pepet
b. Taling
c. Taling tarung
d. Wulu
Kunci Jawaban: D
Soal Nomor 8
Mbah wedok wayahe ngombe jamu. Ukara ing sisih kuwi yen diowahi dadi basa krama alus yaiku …..
a. Eyang putri wanci nginum jamu
b. Eyang putri wancinipun nginum jamu
c. Eyang putri wancinipun ngunjuk jampi
d. Eyang putri wancine ngunjuk jamu
Kunci Jawaban: C
Soal Nomor 9
Salah sijine tembang dolanan kang prasaja, kulina ditembangake dening bocah-bocah sinambi dolanan yaiku …..
a. Pocung
b. Bintang Kecil
c. Cublak-cublak Suweng
d. Garuda Pancasila
Kunci Jawaban: C
Soal Nomor 10
Cublak-cublak suweng iku sawijining tembang dolanan sing prasaja. Prasaja tegese …..
a. sederhana
b. angel
c. kalem
d. alon
Kunci Jawaban: B
Contoh Soal 11-20
Soal Nomor 11
Ing ngisor iki kalebu tembang dolanan, kejaba …..
a. Kinanthi
b. Jaranan
c. Kupu Kuwi
d. Jago Kluruk
Kunci Jawaban: A
Soal Nomor 12
Tanduran apokat iku sawijining tanduran sing kalebu kepala gumantung. Tembung gumantung oleh seselan …..
a. in
b. um
c. er
d. el
Kunci Jawaban: B
Soal Nomor 13
Wuwuhan ing tengah-tengahing tembung gumantung diarani …..
a. ater-ater
b. panambang
c. seselan
d. konfiks
Kunci Jawaban: C
Soal Nomor 14
Wuwuhan sing ana ngarep tembung diarani …..
a. ater-ater
b. panambang
c. seselan
d. konfiks
Kunci Jawaban: A
Soal Nomor 15
Susu bisa nyegah osteoporosis lan njaga kekuatan balung. Tembung nyegah pangrimbage …..
a. ny + wegah
b. ny + cegah
c. n + yegah
d. n + cegah
Kunci Jawaban: B
Soal Nomor 16
Kutha Tulungagung iku mbiyen (kupeng) rawa, saiki wis dadi kutha rame. Tembung kupeng benere …..
a. dikupengake
b. kinupeng
c. dikupengne
d. kupengake
Kunci Jawaban: B
Soal Nomor 17
Sakabehe panjaluke anakmu aja kokturuti. Tembung kokturuti pangrimbage yaiku ….
a. kok + turu + ti
b. kok + turut + i
c. kok + nurut + ti
d. kok + turut + ake
Kunci Jawaban: B
Soal Nomor 18
Swarane kluruke pitik jago yaiku …..
a. Petok-petok
b. Cukurukuk
c. Kelek-kelek
d. Keok-keok
Kunci Jawaban: B
Soal Nomor 19
Petok-petok iku swarane pitik …..
a. Jago
b. Babon
c. Dicekel
d. Cilik
Kunci Jawaban: B
Soal Nomor 20
Pitik kate iku pitik sing …..
a. kecenthet
b. cilik
c. kuru
d. lemu
Kunci Jawaban: B
Contoh Soal 21-30
Soal Nomor 21
Tembang dolanan iku patute ditembangake dening ….. sinambi …..
a. wong tuwa, makarya
b. wong wadon, masak
c. bocah-bocah, dolanan
d. ibu-ibu, makanya
Kunci Jawaban: C
Soal Nomor 22
Ing ngisor iki sing ora kalebu tembang dolanan yaiku …..
a. Cublak-cublak Suweng
b. Dhandhanggula
c. Gajah-Gajah
d. Jamuran
Kunci Jawaban: B
Soal Nomor 23
Tembang dolanan iku ora kaiket paugeran (aturan) ing ngisor iki, kejaba …..
a. guru gatra
b. guru lagu
c. guru wilangan
d. buru basa
Kunci Jawaban: D
Soal Nomor 24
Nggancarake tembang tegese ngandharake isine tembang kanthi cara ngowahi wujude tembang dadi tulisan …..
a. geguritan
b. prosa
c. cangkriman
d. deskripsi
Kunci Jawaban: B
Soal Nomor 25
Tujuan nggancarake tembang dolanan supaya gampang anggone …..
a. nglagokake tembang
b. mangerteni isine tembang
c. maca titi larase tembang
d. maca cakepane tembang
Kunci Jawaban: B
Soal Nomor 26
Ana unen-unen Becik ketitik ala ketara. Ukara kang kacithak miring kalebu unen-unen …..
a. Paribasan
b. Bebasan
c. Saloka
d. Entar
Kunci Jawaban: A
Soal Nomor 27
Tegese becik ketitik ala ketara yaiku …..
a. wong kang seneng tetulung marang sapa wae
b. prakara cilik sing dadi gedhe banget
c. wong tuwa sing kerep njaluk tulung marang wong enom
d. sekabehane tumindak ala lan becik bakal ketara ing tembe mburine
Kunci Jawaban: E
Soal Nomor 28
Pak Bayu iku wong kang sabar banegt. Senajan kerep dipoyoki, nanging piyambake ora duka utawa males. Tembung kang trep kanggo nggambarake watake Pak Bayu yaiku …..
a. jembar dadane
b. dawa ususe
c. kebo kabotan sungu
d. bathok bolu isi madu
Kunci Jawaban: A
Soal Nomor 29
Ing ngisor iki kang klebu tembung saroja yaiku …..
a. Mas Joko kuwi wong kang cilik atine
b. Bocah jaman saiki akeh sing wis lali karo tembang dolanan
c. Raden Werkudara kuwi satriya kang gagah prakosa
d. Simbah lagi ngunjuk jampi ing emperan
Kunci Jawaban: C
Soal Nomor 30
Simbah sumelang merga celengane ilang. Tembung entar kang tegese sumelang yaiku …..
a. cilik atine
b. gedhe atine
c. ndredeg
d. entek atine
Kunci Jawaban: D
Contoh Soal 31-40
Soal Nomor 31
Bapak menyang omahé simbah arep mangan sega goreng. Ukara kasebut yen diowahi dadi basa krama alus (inggil) sing bener yaiku …..
a. Bapak tindak dhateng dalemipun eyang badhe dhahar sekul goreng
b. Bapak kesah dhateng griyanipun eyang badhe nedha sekul goreng
c. Bapak tindak dhateng griyanipun eyang badhe nedha sega goreng
d. Bapak kesah dhateng dalemipun eyang badhe dhahar sega goreng
Kunci Jawaban: A
Soal Nomor 32
Tembang dolanan sing biyasane ditembangake bocah-bocah jaman biyen nalika padhang bulan sinambi dolanan krikil yaiku …..
a. Ilir-ilir
b.Gambuh
c. Menthok-menthok
d. Cublak-cublak Suweng
Kunci Jawaban: D
Soal Nomor 33
Tembang dolanan mujudake tembang prasaja, saengga gampang ditembangake kanggo bocah. Kosok baline tembung prasaja yaiku …..
a. Gampang
b. Ange;
c. Sederhana
d. Rukun
Kunci Jawaban: B
Soal Nomor 34
Bocah kuwi pancen dawa tangane, mulane dheweke ora disenengi kanca-kancane. Tembung dawa tangane tegese …..
a. Seneng njupuk duweke wong liya (nyolong)
b. Seneng tetulung lan mbyantu kancane
c. Seneng njaluk jajan marang kancane
d. Prigel banget yen dikon nyambut gawe
Kunci Jawaban: A
Soal Nomor 35
Ukara ing ngisor iki sing nggunakake tembung saroja yaiku …..
a. Ibu mundhut duku wolu ing pasar kewan
b. Susi karo Bu Dewi lagi rembugan prakara Mbokdhe Jum
c. Murid-murid padha urip rukun, ayem tentrem ing sekolah
d. Yen arep nggancarake tembang kudu ngerti isine
Kunci Jawaban: C
Soal Nomor 36
Susi : “Sugeng enjing bu, kok janur gunung taksih enjing sampun tindak griya mriki?”
Bu Dewi : “Aku pingin kepethuk ibumu nduk.”
Susi : “Inggih bu, wonten kawigatosan punapa kok sajak penting sanget?”
Bu Dewi : “Owalah arep rembug prakara thithik wingi, timbang kriwikan dadi grojogan kudu ndang dirampungake prakarane.”
Susi : “Ooohh ngaten nggih bu.”
Bu Dewi : “Iya Sus, sebabe prakara iki gandheng karo Mbokdhe Jum sing ibarate kebo kabotan sungu, nanging ora oleh bantuan saka pamarentah.”
Susi : “Inggih Bu Dewi, mangga pinarak, kula tak matur dhateng ibu menawi panjenengan tindak mriki.”
Sing ora kalebu basa rinengga adhedasar pacelathon ing ndhuwur yaiku …..
a. Janur gunung
b. Kawigatosan
c. Kriwikan dadi grojogan
d. Kebo kabotan sungu
Kunci Jawaban: B
Soal Nomor 37
Tembung janur gunung sing diucapake Susi ing pacelathon ndhuwur tegese utawa nggambarake kahanan sing …..
a. Kerep banget kedadeyan
b. Ora biyasane utawa jarang banget kedadeyan
c. Kudune pancen wis suwe kedadeyane
d. Bakal dadi prakara sing gedhe banget
Kunci Jawaban: B
Soal Nomor 38
Basa sing digunakake dening Susi nalika micara marang Bu Dewi yaiku basa …..
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Krama alus (inggil)
Kunci Jawaban: D
Soal Nomor 39
Aku pengin kepethuk ibumu. Ukara iki klebu ragam basa …..
a. Krama madya
b. Krama lugu
c. Krama inggil
d. Krama alus
Kunci Jawaban: B
Soal Nomor 40
Yen kepengin nulis tembung bolu nganggo aksara Jawa , sandhangan swara sing digunakake ing aksara la yaiku …..
a. Taling
b. Pepet
c. Suku
d. Wulu
Kunci Jawaban: C
Semoga contoh soal SAS Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 2 Kurikulum Merdeka ini bisa kamu gunakan sebagai latihan untuk mendapatkan nilai yang memuaskan. 📄👩🏻🎓
Referensi:
30 Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 2 Kurikulum Merdeka dan Kunci Jawaban SAS [Daring]. Tautan: https://www.tribunnews.com/pendidikan/2025/06/03/30-soal-pas-bahasa-jawa-kelas-4-semester-2-kurikulum-merdeka-dan-kunci-jawaban-sas
40 SOAL UAS SAS PAS BAHASA Jawa Kelas 4 Semester 2 Kurikulum Merdeka Lengkap Kunci Jawaban B Jawa [Daring]. Tautan: https://pontianak.tribunnews.com/2025/03/05/40-soal-uas-sas-pas-bahasa-jawa-kelas-4-semester-2-kurikulum-merdeka-lengkap-kunci-jawaban-b-jawa
Lengkap! 50 Soal SAT/SAS Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 2 Kurikulum Merdeka + Kunci Jawaban [Daring]. Tautan: https://salatigaterkini.pikiran-rakyat.com/pendidikan/pr-1589912489/lengkap-50-soal-satsas-bahasa-jawa-kelas-4-semester-2-kurikulum-merdeka-kunci-jawaban?page=all
Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:
Kost Dekat UGM Jogja
Kost Dekat UNPAD Jatinangor
Kost Dekat UNDIP Semarang
Kost Dekat UI Depok
Kost Dekat UB Malang
Kost Dekat Unnes Semarang
Kost Dekat UMY Jogja
Kost Dekat UNY Jogja
Kost Dekat UNS Solo
Kost Dekat ITB Bandung
Kost Dekat UMS Solo
Kost Dekat ITS Surabaya




