10 Contoh Teks Argumentasi Bahasa Jawa Singkat Beserta Strukturnya yang Benar
Paragraf argumentasi yaitu susunan dari sejumlah kalimat atau tulisan yang mengandung maksud untuk menyampaikan suatu kebenaran.
Konsep dan prinsip teks argumentasi Bahasa Jawa, juga strukturnya, tidak banyak berbeda dengan versi teks argumentasi Bahasa Indonesia. Adapun yang membedakannya sekadar media bahasa yang digunakan.
Supaya kamu punya gambaran yang lebih jelas tentang teks argumentasi Bahasa Jawa, simak contoh teks argumentasi Bahasa Jawa beserta strukturnya di sini.
Daftar Isi
Daftar Isi
Memahami Teks Argumentasi Bahasa Jawa
Sebelum menjelaskan apa yang dimaksud teks argumentasi Bahasa Jawa dan juga sajian contoh teks argumentasi Bahasa Jawa, mari pahami terlebih dahulu yang dimaksud teks argumentasi.
Teks argumentasi adalah teks yang mengandung data sekaligus fakta yang bisa dipertanggungjawabkan validitasnya untuk mendukung suatu pendapat, baik tertulis maupun lisan.
Pada konteks Bahasa Jawa, teks argumentasi Bahasa Jawa merupakan teks yang di dalamnya terdapat fakta dan fakta yang valid yang disampaikan dalam Bahasa Jawa untuk mendukung suatu pendapat yang disampaikan dalam Bahasa Jawa juga.
Selain teks argumentasi, Bahasa Jawa mempunyai ragam jenis teks atau karangan yang lain, misalnya teks deskriptif, teks eksposisi, teks narasi, dan teks persuasi.
Teks argumentasi ditulis dengan tujuan untuk memberi keyakinan atau membujuk pembaca agar sejalan dengan pendapat yang disampaikan berdasar data dan fakta yang disematkan.
Struktur Teks Argumentasi Bahasa Jawa
Usai memahami apa yang dimaksud teks argumentasi Bahasa Jawa, sekarang mari eksplorasi seperti apa struktur teks argumentasi Bahasa Jawa.
Pada dasarnya, struktur teks argumentasi Bahasa Jawa tidak berbeda dengan teks argumentasi Bahasa Indonesia yang tersusun dari pendahuluan, isi dan penutup.
Apabila diurai lebih rinci, maka struktur teks argumentasi bisa jadi seperti berikut:
1. Pendahuluan: Terdiri dari penjelasan awal apa yang akan dibahas dan kenapa hal tersebut penting untuk dibahas
2. Isi: Terdiri dari sinkronisasi antara pendapat personal dengan data maupun fakta yang telah dikumpulkan
3. Penutup: Berupa kesimpulan yang menekankan bagaimana inti dari teks argumentasi yang telah dibuat.
Itulah tiga hal penting yang ada di dalam teks argumentasi. Adapun untuk praktik di dalam konteks Bahasa Jawa yang membedakan hanya penggunaan Bahasa Jawa-nya saja.
Ciri-ciri Teks Argumentasi Bahasa Jawa Singkat
Teks Argumentasi Bahasa Jawa Singkat mempunyai kalimat yang isinya mengenai sejumlah pernyataan, ide, dan pendapat dari si penulis
Pernyataan, ide, atau pendapat yang dituliskan oleh penulis didasarkan pada data dan fakta yang didapatkan di lapangan untuk menguatkan tulisan yang dihasilkan.
Prosentase kebenaran dari argumen yang disampaikan hanya dapat dibuktikan dengan data dan fakta yang dilampirkan
Tujuan akhir dari ditulisnya teks argumentasi bahasa Jawa adalah memberikan kesimpulan dari pandangan penulis dengan cara yang lebih luas.
Contoh Teks Argumentasi Bahasa Jawa
1. Krisis Iklim lan Dampake kanggo Para Tani
Krisis iklim wis dadi perkala global sing kudu dadi pangeling-eling kabeh pihak.
Ing tlatah Jawa, utamane kanggo para tani, krisis iklim wus dadi alesan lara lan rusake sawah.
Para tani sing mesthine ngarep-arep hasil panen apik kanggo nguripi keluarga saiki kangelan nandur amarga rusaké ekosistem pertanian.
Saben taun, sawah-sawah kerep kebanjiran, mula jalari tuna gedhe para petani.
Banjir ora mung ngrusak sawah lan tanduran, nanging uga ngrusak sarana irigasi sing dibutuhake kanggo ngatur aliran banyu.
Saliyane kuwi, panas sing menthar-menthar uga dadi masalah gedhé, amarga lemah dadi garing lan ora subur.
Lemah sing garing mau andadekake bibit tanduran ora bisa thukul kanthi apik lan asil panen dadi turun.
Nggayuh solusi kanggo krisis iklim iki dadi tugas awak dhewe kabeh, ora mung para tani.
Pemerintah kudu ngupaya kanthi temenanan program-program bantuan kanggo petani sing kena dampak krisis iklim.
Ora mung pamerintah, masyarakat uga kudu nindakake tindakan cilik sing bisa ngurangi pangaruh perubahan iklim, kaya daur ulang, hemat energi, lan nandur wit.
Yen kabeh pihak gelem melu urun upaya, awak dhewe bisa nyuda dampak krisis iklim lan njaga alam kanggo anak putu mbesuk.
2. Gotong Royong Mrantasi Krisis Iklim
Owah-owahan suhu global lan rusake lingkungan wus ngancem kualitas urip manungsa ing saindenging dunia, klebu ing tlatah Jawa.
Sawetara iki wong-wong pahda mikir yen krisis iklim kuwi mung konspirasi lan masalahé pemerintah utawa organisasi gedhé.
Nanging saktenané, saben individu uga nduwèni peran penting kanggo ngatasi masalah iki. Mula, gotong royong dadi kunci kanggo njaga bumi supaya tansah lestari.
Krisis iklim nggawa akibat serius, kaya ta cuaca ekstrem, banjir, lan kebakaran alas sing luwih sering dumadi.
Kabeh mau anjalari sumber daya alam dadi langka, yaiktu sumber daya alam kaya banyu lan bahan pangan.
Mula, yen awak dhewe ora ngupaya bebarengan kanggo nyegah lan ngurangi krisis iklim iki, generasi sing bakal teka bakal ngadhepi masalah sing luwih abot.
Masyarakat Jawa kudu ngerti pentinge langkah-langkah cilik, kayata hemat energi, nggunakake transportasi umum, lan ngurangi sampah plastik.
Senajan kaya katon cilik, nanging yen ditindakake bareng-bareng, bakal nggawa pengaruh sing gedhé.
Saliyane iku, pemerintah kudu mbantu kanthi nyedhiyakake fasilitas lan regulasi sing ngarahake masyarakat marang gaya hidup sing luwih ramah lingkungan.
Contone, nyediyani taman kota lan program reboisasi kanggo njaga tutupan alas sing nyegah erosi lan banjir.
Pendidikan kanggo generasi mudha uga penting supaya padha ngerti pentinge njaga lingkungan.
Saumpama kabeh masyarakat lan pemerintah padha-padha sadar lan ngupaya kanggo ngatasi krisis iklim iki, awak dhewe bakal bisa njaga alam kanggo kesejahteraan kabeh makhluk sing ana ing bumi.
3. Pendidikan Kanthi Kiblat Kabudayan Jawa
Saiki lagi usum akeh bocah SMP lan SMA padha ora dhong pengetahuan umum.
Ora mung cukup kuwi, bocah-bocah SMP lan SMA mau uga ora patia duweni tata tumrap sapadha-padha.
Salah siji cara sing bisa dianakake kanggo ngatasi perkara-perkara mau yaiku pendidikan kanthi kiblat kabudayan Jawa.
Pendidikan karakter berbasis budaya Jawa klebu penting kanggo nguwatake moral lan identitas generasi mudha.
Ing jaman globalisasi kaya mangkene, budaya lokal kadhang-kadhang dilalekake lan luwih seneng niru budaya saka njaba.
Kamangka, budaya Jawa nduwèni ajaran luhur sing bisa ngukir pribadhi kanthi budi pekerti sing luhur.
Contone, pasinaon “tepa salira” lan “andhap asor” bisa dadi pondasi kanggo ngajari murid supaya luwih nduweni rasa hormat lan empati marang wong liya.
Budaya Jawa kaya tembang-tembang macapat, wayang, lan pepatah Jawa ngandhut ajaran moral sing bisa dijupuk saripatine lan dipraktikaké saben dina.
Tembang macapat, umpamané, ora mung kanggo hiburan, nanging uga kanggo nyuwun piwulang sing apik babagan urip lan kebijaksanaan.
Yen ajaran kaya sing disebutake ing dhuwur mau ditandur ing pendidikan formal lan non-formal, para siswa bisa luwih ngerti lan migunani nilai-nilai luhur Jawa.
Pendidikan karakter berbasis budaya Jawa uga bisa nyuda degradasi moral sing asring dumadi ing jaman saiki, kayata ora ana rasa sopan santun lan gampang dadi individualistis.
Nalika siswa diwulang supaya hurmat mring sesama lan anjaga tata krama, iku bakal nguwatake harmoni ing masyarakat.
Mula, pendidikan karakter sing didhasarake budaya Jawa kudu terus diupaya supaya generasi mudha ora mung pinter sacara akademis, nanging uga nduweni karakter sing kuat lan tata krama sing apik.
4. Kurange Minat Maca ing Para Mudha
Minat maca generasi mudha saiki bisa diarani saya suda.
Senajan ta akses marang informasi saya gampang amarga teknologi sing luwih maju, para remaja luwih asring ngentekake wektu kanggo dolanan media sosial tinimbang maca buku utawa artikel ilmiah.
Miturut data UNESCO, minat maca masyarakat Indonesia isih kurang, yaiku mung 0,001 persen.
Angka kuwi tegese saka 1.000 wong, mung siji sing nduwèni minat maca sing dhuwur. Generasi mudha ing Jawa, kaya ing tlatah liyane, uga ketut efek iki.
Salah siji alesan pokok kurangé minat maca yaiku amarga kurange budaya literasi ing kulawarga lan lingkungan sekolah.
Akeh wong tuwa lan guru sing luwih fokus marang prestasi akademis tanpa nyengkuyung kegiyatan maca minangka kebiasaan harian.
Kamangka, budaya maca iku penting kanggo mbangun pola pikir kritis lan nambah wawasan.
Kajaba iku, pengaruh teknologi uga nduweni peran gedhé ing kurangé minat maca. Aplikasi media sosial lan platform hiburan digital kayata TikTok lan YouTube luwih nyenengaké generasi mudha amarga sifaté sing cepet lan gampang dicerna.
Data saka Asosiasi Penyelenggara Jasa Internet Indonesia (APJII) nuduhake yen mayoritas pengguna internet ing Indonesia yaiku generasi muda umur 13-24 taun.
Kamangka, maca buku mbutuhake kesabaran lan konsentrasi sing luwih dhuwur. Mula ora gumun, pakulinan maca disisihaké amarga ora menarik.
Kahanan kaya mangkono kudu diawasi temenenan. Pemerintah, sekolah, lan keluarga kudu bisa ngupaya cara kanggo nguripake minat maca ing kalangan generasi muda. Program-program kaya perpustakaan digital, acara bedah buku, lan lomba literasi bisa dadi solusi kanggo ngupaya nambah minat maca.
Masyarakat uga kudu sadar pentinge budaya maca kanggo mbangun bangsa sing cerdas lan siyap ngadhepi tantangan jaman. .
5. Nyuda Gadget kanggo Bocah
Akahe bocah sing dolanan gadgaet saiki sansaya mundhak, lan iki prelu digatekake amarga bisa nimbulake efek negatif.
Miturut data saka Kementerian Pemberdayaan Perempuan dan Perlindungan Anak (KPPPA), luwih saka 80% bocah Indonesia wis nganggo gadget saben dina.
Senajan gadget nduweni manfaat kanggo sinau, nanging yen digunakake kanthi ora terkontrol, gadget bisa ngganggu perkembangan psikologis lan sosial bocah.
Salah siji masalah utama yaiku ketergantungan bocah marang gadget bisa anjalari kurange interaksi sosial.
Bocah sing luwih asring ngentekake wektu dolanan gadget bakal kelangan wektu kanggo dolanan bareng kanca-kanca, sinau komunikasi, lan ngrembug karo wong tuwa. Iki bisa nggawe bocah dadi luwih tertutup lan ora duwe kemampuan sosial sing apik.
Kajaba iku, pakulinan dolanan gadget sing kokean bisa ngancem kesehatan bocah, kayata nyebabake masalah ing penglihatan lan gangguan tidur.
Riset saka American Academy of Pediatrics nuduhake yen bocah sing ngentekake wektu luwih saka rong jam saben dina kanggo layar gadget luwih gampang ngalami gangguan tidur lan kurang aktif fisik.
Kanggo ngatasi fenomena kang mangkono, wong tuwa kudu luwih aktif mbatesi wektu panggunaan gadget kanggo anak lan ngganti kanthi kegiyatan sing luwih bermanfaat, kayata olahraga utawa maca buku.
Pentinge nggawe aturan wektu panggunaan gadget lan nggawe aktivitas alternatif kudu dadi perhatian utama wong tuwa.
Yen wong tuwa bisa njaga keseimbangan iki, perkembangan bocah bakal luwih sehat lan bisa nguripake kaprigelan sosial sing luwih apik.
6. Contoh Paragraf Argumentasi Lingkungan
Jakarta diperkirakake bakale kelem ing taun 2050. Sadurungé, ing taun 2018 kepungkur wis ana akèh panliten babagan iki.
Salah sijine yaiku panliten saka Fakultas Ilmu lan Teknologi Kebumian INstitut Teknologi Bandung (ITB) kang ditindakake dening Heri Andreas.
Miturute, paling ora 95% wilayah ing Jakarta Utara bakal kelem utawa kaeleb air segara ing taun 2050.
Asil panliten iku uga nuduhake anane penurunan tanah nganti 2,5 meter ing suwene 10 taun utawa 1 nganti 15 sentimeter (cm) saben taune.
Kajaba iku, Verisk Maplecroft, firma konsultan risiko njlentrehake Jakarta klebu ing daftar 100 kota sing duwe risiko lingkungan. Risiko sing dimaksud iku wiwit saka banjir nganti karo krisis iklim.
7. Air putih nduweni sewu piguna kanggo awak
Air putih nduweni sewu piguna kanggo awak. Luwih-luwih yen diombe nalika isih anget.
Sawijining asil panliten kang dipublikasi ing Journal of Food Science ngandharake yen konsumsi banyu putih kanthi suhu antara 54-71 derajat celcius nduweni manfaat sing akeh kanggo awak.
Saliyane kuwi, air putih hangat bisa diombe kapan wae. Becik diombe nalika arep turu, awan, sore, utawa bengi nalika sadurunge turu.
8. Pandemi Covid-19
WHO ngandharake yen ana kegiatan kang ditindakake sawijining ibu marang anake ora bakal mbebayani ing wektu pandemi Covid-19.
Jalaran, sajroning ASI kang diasilake para ibu kang lagi nyusoni putrane mujudake antibodi yang nduweni sekretori tingkat tinggi.
Saliyane iku, asil riset sing ditindakake dening Profesor Tong Yigang saka Universitas Teknologi Kimia Beijing nyatakake ASI bisa dadi sarana usada kedadeyan replika virus sing sanajan wis mlebu ing sel.
9. Penerbangan ing Australia
Pamrentah Australia nindakake lockdown kanggo nyuda risiko kalebu Covid-19. Aturan kasebut merbawani sawetara sektor, salah sijine yaiku aturan transportasi khusus perjalanan udara.
Salah siji lapangan penerbangan ing Australia nganti kelangan kehilangan 60% penumpange wiwit sasi Mei nganti Juli. Akibate kerugian kang dialami nganti nyandhak angka 21,7 triliun rupiah.
Kahanan kang mangkono iku ndadekake wong-wong mau ngrasakake kahanan dadi sarwa angel. Pilihan paling abot kang kudu ditindakake, yaitu pemecatan.
PHK kasebut kudu dirasakake dening 6.000 staf penerbangan salah siji perusahaan ing Australia. Cacah samono iku mujudake seperlimane saka kabeh karyawan ing perusahaan kasebut.
10. Olimpiade Tokyo 2020
Amerika Serikat bali nulis ulang sejarah kanthi dadi juara umum sajroning Olimpiade Tokyo 2020 kepungkur.
Sadurunge, negara kasebut uga kasil dadi juara umum ing Olimpiade London 2012 lan Olimpiade Rio 2016.
Menange tim volly putri Amerika Serikat ing tetandhingan kasebut nyumbangake emas ka-39 tumrap Amerika Serikat.
Kanthi tambahan medali iku ndadekake Amerika Serikat dadi negara kang manggon ing posisi pisanan ing Olimpiade Tokyo.
Demikian pembahasan mengenai contoh-contoh teks argumentasi bahasa Jawa beserta strukturnya yang benar. Semoga bermanfaat.
FAQ
Pada konteks Bahasa Jawa, teks argumentasi Bahasa Jawa merupakan teks yang di dalamnya terdapat fakta dan fakta yang valid yang disampaikan dalam Bahasa Jawa untuk mendukung suatu pendapat yang disampaikan dalam Bahasa Jawa juga.
Selain teks argumentasi, Bahasa Jawa mempunyai ragam jenis teks atau karangan yang lain, misalnya teks deskriptif, teks eksposisi, teks narasi, dan teks persuasi.
Teks argumentasi ditulis dengan tujuan untuk memberi keyakinan atau membujuk pembaca agar sejalan dengan pendapat yang disampaikan berdasar data dan fakta yang disematkan.
Pada dasarnya, struktur teks argumentasi Bahasa Jawa tidak berbeda dengan teks argumentasi Bahasa Indonesia yang tersusun dari pendahuluan, isi dan penutup.
Miturut data UNESCO, minat maca masyarakat Indonesia isih kurang, yaiku mung 0,001 persen. Angka kuwi tegese saka 1.000 wong, mung siji sing nduwèni minat maca sing dhuwur. Generasi mudha ing Jawa, kaya ing tlatah liyane, uga ketut efek iki. Salah siji alesan pokok kurangé minat maca yaiku amarga kurange budaya literasi ing kulawarga lan lingkungan sekolah.
Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu: