Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa tentang Makanan Tradisional

Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa Tentang Makanan Tradisional – Menurut sejumlah ahli bahasa, yang dimaksud dengan teks deskripsi merupakan sebuah teks yang berisi penjelasan secara terperinci tentang suatu objek, tempat, atau peristiwa.

Biasanya teks ini memberikan gambaran tentang suatu objek dengan menggunakan kata-kata yang indah. Sehingga pembaca seakan bisa melihat, mendengar, atau merasakan secara langsung mengenai objek yang digambarkan.

Jika kamu ingin mengulik lebih dalam mengenai contoh teks deskripsi, simak ulasan berikut ini, ya!

Sekilas tentang Teks Deskripsi

pexels/bongkarn thanyakij from Pexels

Struktur teks deskripsi umumnya terdiri dari identifikasi, deskripsi, dan kesimpulan.

Teks deskripsi dapat digunakan untuk menggambarkan berbagai objek, seperti makanan tradisional, tempat wisata, atau benda-benda yang digunakan dalam kehidupan sehari-hari.

Selain untuk memberikan gambaran yang jelas dan rinci tentang suatu objek, tempat, atau peristiwa kepada pembaca.

Penulisan teks deskripsi juga bertujuan untuk membantu pembaca dalam memahami atau membayangkan objek tersebut secara lebih detail dan mendalam.

Teks deskripsi seringkali dijadikan tugas pada mata pelajaran bahasa. Salah satu pelajaran di sekolah yang meminta siswa membuat teks deskripsi adalah mata pelajaran bahasa Jawa.

Apabila kamu belum pernah membaca contoh teks deskripsi yang ditulis dengan menggunakan bahasa Jawa. Kamu harus membaca artikel ini sampai selesai.

Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa tentang Makanan Tradisional

Di bawah ini merupakan contoh teks deskripsi mengenai makanan tradisional yang ditulis dengan menggunakan bahasa Jawa

Contoh 1

Batagor

https://cdn0-production-images-kly.akamaized.net/

Batagor mujudake panganan khas sundha kang karacik saka jladren bakso iwak tenggiri kang diisi menyang jero tahu utawa kulit pangsit kang banjur digoreng.

Wujude batagor memper karo siomay kang digoreng lan diwenehi sambel kacang. Sejatine batagor mujudake cekakan saka bakso tahu goreng.

Panganan iki biyasane suguhake karo irisan timun, bawang goreng, lan sambel kacang kang pedhes.

Ing jaman saiki batagor sing maune mung bisa ditemokake ing wewengkon Jawa Barat, mligine dhaerah Sunda.

Saiki wis bisa ditemokake ing sawetara papan ing indonesia. Anane sosial medhia uga dadi salah siji penyebab batagor kasil dadi kawentar lan njilma dadi salah siji panganan khas Sundha kang kondhang lan disenengi masyarakat Indonesia ing sadhengah papan.

Contoh 2

Rawon

https://cdn-2.tstatic.net/

Rawon mujudake panganan khas Jawa Timur kang miturut cathethan sejarah wis ana wiwit atusan taun sadurunge Kerajaan Majapahit madeg.

Senajan umure wis atusan taun, nanging rawon kang bahan dhasare saka daging sapi iki tetep dadi idholane masyarakat Jawa Timur.

Rasa duduhe kang seger lan mirasa merga digawe saka maneka bumbu lan rempah dadi salah siji alesan rawon kudu dadi panganan wajib sapa wae kang dolan menyang Jawa Timur.

Masia bahane padha daginge, nanging rawon iki beda karo soto. Yen soto umume duduhe wenane bening utawa kuning.

Duduhe rawon ireng banget. Kahanan iki disebabake anane kluwak sing digunakake kanggo nggawe duduhe rawon.

Supaya rasane luwih nikmat, rawon kudu didhahar salagine isih panas lan dikancani sega putih kang isih anget sarta dikancani krupuk urang.

Kairing lumakune jaman, ing mangsa saiki rawon wis bisa ditemokake ing maneka dhaerah lan dadi salah siji panganan khas Indonesia kang duwe akeh pandhemen.

Contoh 3

Sega Liwet

https://img.okezone.com/

Sega liwet mujudake panganan tradhisional khas Solo, Jawa Tewngah kang digawe saka beras kang dimasak karo santen, rempah-rempah, lan godhong salam saengga nuwuhake rasa lan ganda kang khas.

Biyasane sega liwet disuguhake kanthi dikancani sawetara lawuh kaya iwak pitik goreng, endhog, lan maneka janganan.

Senajan sega liwet ing jaman saiki wis bisa ditemokake ing maneka dhaerah. Nanging dhahar sega liwet khas Solo ing kutha Solo bakal nuwuhake rasa kang beda.

Mulane ora nggumunake yen akeh pawongan kang adoh-adoh saka maneka kutha teka menyang kutha Solo ora mung pengin nonton wisata kang ana ing kutha Solo.

Nanging mung pengin ngrasakake dhahar sega liwet khas Solo kang wis kondhang nganti tekan mancanegara.

Contoh 4

Tengkleng

https://img-global.cpcdn.com/

Tengkleng mujudake panganan tradhisional khas saka Solo, Jawa Tengah. Saliyane rasane kang mirasa. Nyatane tengkleng kang bahane saka thethelan daging wedhus iki duwe sejarah dawa.

Ing jaman biyen wong sing bisa mangan daging iku mung wong keturunan Eropa lan wong kang saka bangsa priyayi.

Kanggone wong-wong iki perangan wedhus sing kaya jerohan, daging sing akeh gajihe, lan balung sing ana daginge sithik dianggep wis ora layak konsumsi.

Saengga perangan-perangan iki dibuwang. Sarehne ing jaman kuwi larang pangan. Wong pribumi sing ora mampu banjur ngluroni lan didadekake bahan panganan.

Supaya duwe rasa kang enak. Bahan-bahan panganan sing wis dibuwang dening golongan priyayi lan bangsa eropa iku dibumboni kanthi bumbu dhasar lan rempah-rempah.

Merga katrampilane wong pribumi. Wusanane bahan-bahan sing wis dianggep ora layak konsumsi iku nyatane bisa dadi panganan kang enak.

Sabanjure sarehne ing jaman iku piringe kaum pribumi rancake saka seng. Saengga balung sing dideleh ing piring nuwuhake swara klontheng. Gara-gara ana swara kang kaya ngono iku kang sabanjure panganan mau diarani tengkleng.

Kairing lakune jaman, saiki tengkleng sing biyane mung dipangan kaum pribumi kang akeh-akehe saka golongan mlarat wis bisa diarani munggah kelas. Jalaran akeh hotel lan restoran kang nyuguhake tengkleng marang tamune sing mesthine saka golongane wong sugih.

Contoh 5

Dhawet Goreng

https://dinporapar.purworejokab.go.id/

Ing Indonesia iki ana maneka jinis dhawet, nanging sing paling unik yaiku dhawet goreng saka Purworejo, Jawa Tengah.

Senajan jenenge dhawet goreng, nanging ing penyajiane dudu dhawete sing digoreng. Jalaran sing digoreng yaiku bumbu lan racikan bahan-bahan liya kang disajekake ing samangkok dhawet goreng.

Beda kaya umume dhawet sing digawe saka glepung beras utawa pathi tela. Dhawet sing digunakake kanggo nggawe dhawet goreng iki digawe saka glepung ganyong.

Pamilihan glepung ganyong minangka bahan utama jalaran ganyong duwe rasa legi kang khas. Carane nggawe dhawet saka glepung ganyong iki padha karo dhawet umume.

Glepung ganyong disampur banyu lan disaring. Sawise kuwi banjur digodhog. Bareng dirasa cukup lan wiwit adhem. Dhawet banjur dicithak. Yen wis dicithak dhawet siyap diracik karo bahan-bahan liyane.

Bahan liyane sing diracik yaiku capar, tahu sing wis diris cilik-cilik lan digoreng, sambel, bawang goreng, lan juruh.

Unike juruh kang digunakake kanggo nggawe dhawet goreng iki ora kaya juruh ing dhawet umume kang digawe saka banyu gula.

Juruh sing digawe kanggo nggawe dhawet goreng iki digawe saka nira klapa. Sarehne juruhe nganggo nira klapa, rasa legi ing samangkok dhawet goreng iki luwih duwe rasa kang khas dibandhingake juruh kang digawe saka gula kang dicairake.

Sabanjure maneka bahan kang diracik dadi siji iki ndadekake rasa kang ing samangkok dhawet goreng ora mung seger lan legi, nanging uga pedhes lan gurih.

Campuran rasa kang maneka werna iki tansah ndadekake dhawet goreng duwe pandemen dhewe. Rata-rata pawongan sing seneng karo dhawet goreng iki wong-wong saka njaban Purworejo kang kebeneran plesiran ing Purworejo.

Demikian contoh teks deskripsi mengenai makanan tradisional di Indonesia. Semoga artikel ini bermanfaat bagi yang membutuhkan.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta