Advertisement
Source : Pexels/Suvan Chowdhury

5 Contoh Teks MC Acara Tirakatan 17 Agustus 2026 Bahasa Jawa Singkat dan Jelas

Malam tirakatan dimaknai sebagai bentuk rasa syukur kepada Tuhan Yang Maha Esa atas kemerdekaan yang telah dicapai oleh bangsa Indonesia.

10 Agustus 2026 Bella Carla

Malam tirakatan 17 Agustus menjadi salah satu tradisi masyarakat Jawa dalam menyambut Hari Ulang Tahun Kemerdekaan Republik Indonesia.

Biasanya, malam tirakatan juga menjadi puncak dari rangkaian kegiatan 17 Agustus 2026 yang diadakan oleh masyarakat di tingkat RT, RW, dusun, maupun desa.

Yuk, simak ulasan lebih lengkap terkait malam tirakatan 17 Agustus sekaligus contoh teks MC-nya dalam artikel berikut. 🧐🤓

Berikut Deretan Contoh Teks MC Acara Tirakatan 17 Agustus 2026 Bahasa Jawa

Contoh Teks MC Acara Tirakatan 17 Agustus 2026 Bahasa Jawa
(ANTARA FOTO/YUSUF NUGROHO)
Contoh Doa Malam Tirakatan 17 Agustus 2026 dalam Bahasa Jawa Simple dan Penuh Makna

Mendekati Hari Ulang Tahun (HUT) Kemerdekaan Republik Indonesia ke-81 selain lomba 17 Agustus, malam tirakatan menjadi salah satu tradisi turun-temurun yang masih dilestarikan hingga saat ini.

Malam tirakatan sendiri dimaknai sebagai bentuk rasa syukur kepada Tuhan Yang Maha Esa atas kemerdekaan yang telah dicapai oleh bangsa Indonesia.

Tidak hanya itu, dalam praktiknya, masyarakat turut menghantarkan doa untuk para pahlawan yang telah gugur dalam misi perjuangan meraih kemerdekaan pada momen tersebut.

21 Kata-Kata Kemerdekaan Indonesia ke-81 2026 yang Inspiratif dan Penuh Arti

Umumnya, malam tirakatan tidak hanya diikuti oleh orang dewasa, namun seluruh warga dalam lingkungan, termasuk sesepuh desa hingga anak-anak. Oleh karenanya, (Master of Ceremony) MC atau pembawa acara seyogianya menggunakan kata-kata yang sopan.

Teks MC malam tirakatan 17 Agustus bisa disampaikan dalam bahasa Jawa maupun Indonesia disesuaikan dengan kultur masyarakat sekitar. 

Sebagai referensi, di bawah ini sudah dikumpulan contoh teks MC malam tirakatan 17 Agustus 2026 yang dilansir dari berbagai sumber:

11 Contoh Pengumuman Lomba 17 Agustus Kemerdekaan RI ke-81 2026

Contoh 1 Teks MC Acara Tirakatan 17 Agustus 2026 Bahasa Jawa

[Pembukaan acara malam tirakatan 17 Agustus]

Bismillahirrohmanirrohim
Assalamualaikum Wr. Wb.
Para pepundhen ingkang satuhu kinabekten,
para pinisepuh miwah sesepuh ingkang kinurmatan,
Dukuh [nama wilayah], Bapak …. ingkang kawulo hormati,
Ketua RT/RW [nomor RT/RW], Bapak ….
Bapak-bapak soho Ib-iBu ingkang minulya,
sarta kadang kaneman ingkang sutresna

Sumangga tansah kula dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti Allah Swt. ingkang Mahawelas lan asih, ingkang tansah maringi kanikmatan, karohmatan, ugi katentreman sahingga kita sedaya saged makempal ing papan menika saperlu ngrawuhi malam tirakatan 17 Agustus wonten ing [nama wilayah].
Ingkang salajengipun sholawat saha salam mugi katetepaken dhumateng junjungan kita, Rasullulah Nabi Muhammad saw., ingkang tansah kito tenggo-tenggo syafaatipun ing yaumul akhir.

Bapak/Ibu sederek ingkang kawulo hormati, keparengo kulo waosaken reroncening adicoro ing ndalu meniko.

Ingkang sepisan, pambuka
Ingkang kaping kalih, menyanyikan lagu Indonesia Raya
Ingkang kaping tiga, sambutan saking Dukuh [nama wilayah], Bapak/Ibu ….
Ingkang kaping sekawan, acara inti ingkang badhe dipunslirani dening Bapak/Ibu ….
Kaping gangsal, doa, ingkang bade dipun roisi dening Bapak ….
Lan ingkang pungkasan, panutup.

Bapak-bapak, Ibu-ibu, lan sedherek sedoyo, mangga kita wiwiti malam tirakatan 17 Agustus 2026 menika kanthi waosan basmalah kawulo dherekaken.

[Membaca Basmalah bersama-sama]

Matur nuwun, mugi kanthi waosan basmalah menika, adicara ing dalu meniko saged lancar dumugi akhir. Adicara ingkang kaping kalih, menyanyikan lagu “Indonesia Raya” ingkang badhe dipun pimpin dening Bapak/Ibu/Sedherek ….

Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek sedoyo kasuwun jumeneng..

[Ada kalanya, makanan dan minuman baru disuguhkan oleh panitia ketika lagu “Indonesia Raya” selesai dinyanyikan, atau setelah sambutan. Terkait hal ini, pembawa acara perlu mempersilakan hadirin untuk menyantap hidangan]

Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek ingkang minulya, gandheng wonten ing ngarsa panjenengan sampun samekta unjukan soho nyamikan (dhaharan), kula aturi ngunjuk saha dhahar kanthi mardikaning penggalih.

[Biasanya, santap makanan atau minuman berlangsung selama 3-5 menit. Setelahnya, pembawa acara dapat melanjutkan acara dengan meminta izin terlebih dahulu kepada hadirin]

Bapak-bapak soho ibu-ibu, mboten ngirangi kamardikan anggenipun dhahar soho ngunjuk, sumonggo kita lajengaken adicara ing dalu menika. Adicara ingkang kaping tiga, inggih menika sambutan Dukuh [nama wilayah]. Bapak/Ibu … sumonggo.

[Sambutan Dukuh/Ketua RW/Ketua RT]

Matur nuwun dumateng Bapak/Ibu …. ingkang sampun kersa maringi sambutan. Adicara ingkang salkajengipun inggih menika adicara inti, ingkang bade dipunslirani dening Bapak/Ibu …

[Acara Inti]

Matur nuwun dumateng Bapak/Ibu …. adicara ingkang kaping gangsal, inggih menika doa, ingkang bade dipunroisi dengan Bapak ….

[Pembacaan Doa]

Matur nuwun dumateng Bapak ….
Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek ingkang minulya, mekaten wau lelampahing adicara malam tirakatan 17 Agustus saking purwakaning adicara dugi pungkasan. Sumonggo kita tutup adicara ingin dalu menika kanthi waosan hamdalah sesarengan.

[Bacaan Hamdalah]
Ing wasana, menawi anggen kula matur kathah klenta-klentunipun estu nyuwun agunging pangaksami.

Wabillahi taufik wal hidayah,
Wassalamualaikum wr. wb.

Contoh 2 Teks MC Acara Tirakatan 17 Agustus 2026 Bahasa Jawa

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Sugeng dalu, para warga sekalian. Sugeng rawuh ing acara tirakatan 17 Agustus ingkang kita adani ing dina iki.

Mugi-mugi kita pinaringan rahmat lan berkah saking Gusti Allah Swt, saengga kita saged ngumpul lan ngrayakaken dina kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping [tahun] kanthi bebarengan.

[Pembukaan acara malam tirakatan 17 Agustus]

Kaping pisan, mangga kita miwiti acara niki kanthi rasa syukur lan waosan basmalah. [membaca basmalah]. Mugi adicara dalu menika saget nambah semangat lan rasa tresna kita dhumateng negara.

[Menyanyikan Lagu “Indonesia Raya”]

Sakmenika, mangga kita ngaturaken pangajab marang negara kanthi nyanyikan lagu kebangsaan kita, “Indonesia Raya”. Mangga, sedaya sami saksikan lan nyanyi sesarengan.

[Sambutan Kepala Dusun/Ketua RW/Ketua RT]

Sawise punika, kita badhe nyimak sambutan saking Kepala Dusun/Ketua RW/Ketua RT, ingkang badhe paring pencerahan lan inspirasi babagan makna kemerdekaan. Mangga, kita sambut kanthi pangajab lan perhatian.

[Acara Inti]

Kita bakal nerusaken acara inti, ingkang kalebet pagelaran seni lan hiburan saking warga kita, ingkang sampun nyiapake kanthi sinau lan semangat. Mugi-mugi penampilan punika saged maringi hiburan lan inspirasi dhumateng kita sedaya.

[Pembacaan Doa]

Sesampunipun acara inti, kita badhe nindakaken pembacaan doa. Mugi-mugi doa punika saged ndedonga supaya bangsa kita tansah pinaringan kamakmuran, tentrem, lan kesejahteraan.

[Penutup]

Kaping pisan, kami aturaken matur nuwun sanget dhumateng para warga ingkang sampun rawuh lan partisipasi ing acara iki. Mugi kita saged njaga persatuan lan kesatuan kita, lan tansah eling dhateng perjuangan para pahlawan.

Sakmenika acara ingkang saged kita adani. Mugi kita kabeh saged ngraosaken semangat kemerdekaan kanthi nyata ing gesang saben dinten.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

49 Pantun tentang Hari Kemerdekaan RI 17 Agustus 2026 Lucu 2 dan 4 Bait

Contoh 3 Teks MC Acara Tirakatan 17 Agustus 2026 Bahasa Jawa

[Pembukaan]

“Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Sugeng dalu, rahayu, raharjanipun kagem para rawuh sedaya. Ingkang kulo hormati, Bapak Kepala Desa beserta perangkatipun, para sesepuh, pinisepuh, tokoh masyarakat, bapak-bapak, ibu-ibu, para nom-noman, saha warga sedaya ingkang kulo tresnani.

Alhamdulillah, puji syukur tansah kita aturaken dhumateng Gusti Allah SWT, amargi rahmat lan hidayahipun, ing dalu menika kita saged makempal wonten ing papan menika, kagem ngleksanani acara tirakatan memperingati HUT Kemerdekaan Republik Indonesia kaping 81 taun. Mugi-mugi kanthi acara menika, rasa nasionalisme lan rasa syukur tansah sumrambah ing ati kita sedaya.”

[Acara 1 – Doa]

“Para rawuh ingkang kulo hormati, supados acara kita diparingi kelancaran, monggo kita awali kanthi doa pambuka. Dhumateng Bapak Modin, dipun aturi maringi doa.”

[Acara 2 – Sambutan]

“Matur nuwun dhumateng Bapak Modin ingkang sampun maringi doa. Acara sabanjuré, monggo kita aturi sambutan saking Bapak Kepala Desa. Dhumateng Bapak Kepala Desa, dipun aturi maju.”

[Acara 3 – Tahlil/Pengajian]

“Sakmenika, acara kita terusi kanthi tahlilan lan pengajian ringkes, minangka bentuk pangeling-eling dhumateng para leluhur lan para pahlawan bangsa. Kagem Bapak Kyai, dipun aturi maju.”

[Renungan]

“Matur nuwun sanget dhumateng Bapak Kyai. Para rawuh ingkang kulo tresnani, elinga bilih kamardikan bangsa Indonesia punika boten dipun paringaken kanthi gampang. Nanging lumantar perjuangan, tetesing getih, lan korban nyawa para pahlawan. Mugi kita tansah ngisi kamardikan kanthi karya lan gotong royong.”

[Penutup]

“Bapak ibu sedaya, sampun dumugi pungkasaning acara tirakatan ing dalu menika. Matur nuwun dhumateng rawuh sedaya ingkang sampun ngraosaken acara kanthi tertib. Kulo nyuwun pangapunten bilih wonten tembung ingkang kirang trep. Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.”

Contoh 4 Teks MC Acara Tirakatan 17 Agustus 2026 Bahasa Jawa

[Pembukaan]

“Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Sugeng dalu, para sesepuh, pamong desa, bapak-bapak, ibu-ibu, saha para mudha-mudhi ingkang kulo tresnani. Alhamdulillah, ing dalu menika kita saged makempal wonten balai desa iki kanthi sehat lan wilujeng.

Acara tirakatan menika minangka salah satunggalipun tradisi kangge ngurmati lan ngélingi jasa para pahlawan bangsa, saha wujud rasa syukur dhumateng Gusti Allah SWT awit sampun paring kamardikan tumrap bangsa Indonesia. Mugi acara menika paring manfaat tumrap kita kabeh.”

[Acara 1 – Doa]

“Supados acara kita diparingi berkah, mangga kita wiwiti kanthi doa pambuka. Dhumateng Bapak Modin, dipun aturi maringi doa.”

[Acara 2 – Sambutan]

“Matur nuwun dhumateng Bapak Modin. Acara sabanjuré, monggo kita aturi sambutan saking Bapak Ketua Panitia. Dhumateng bapak, dipun aturi maju.”

[Acara 3 – Pengajian Ringkes]

“Sakmenika, acara kita terusaken kanthi pengajian ringkes. Mugi panjenengan sedaya saged ngraosaken kanthi khidmat.”

[Renungan Kemerdekaan]

“Para rawuh ingkang kulo tresnani, kemerdekaan punika boten kados meneng-meneng kita tampa, nanging lumantar perjuangan abot para pahlawan. Mula, dados tanggel jawab kita ngisi kemerdekaan kanthi kerja nyata lan semangat gotong royong.”

[Penutup]

“Bapak ibu lan para rawuh sedaya, sampun dumugi pungkasaning acara. Kulo aturi matur nuwun dhumateng panitia saha rawuh sedaya. Mugi Gusti tansah paring rahmat kagem bangsa Indonesia. Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.”

Contoh 5 Teks MC Acara Tirakatan 17 Agustus 2026 Bahasa Jawa

[Pembukaan]

“Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Sugeng dalu warga kabeh, alhamdulillah wonten dalu menika kita saged makempal bareng-bareng ing acara tirakatan 17 Agustus. Matur nuwun sanget sampun kersa rawuh.
Tirakatan iki wujud rasa syukur lan cara kita ngélingi perjuangan para pahlawan. Kajaba iku, acara iki uga dadi sarana kumpul warga, guyub rukun, lan nguwataken tali persaudaraan.”

[Acara 1 – Doa]

“Supaya acara iki lancar, ayo disik kita wiwiti nganggo doa. Dhumateng Pak Modin, dipun aturi maringi doa.”

[Acara 2 – Sambutan]

“Matur nuwun sanget Pak Modin. Acara sakbanjuré yaiku sambutan saking Pak Ketua RT. Monggo, Pak Ketua, dipun aturi maju.”

[Acara 3 – Tahlil Ringkes lan Hiburan Rakyat]

“Sakmenika, ayo padha tahlil bareng-bareng, sawise kuwi ana hiburan rakyat cilik-cilikan kanggo ngrembug kekompakan. Mugi sedaya saged melu ngrasakake suasana.”

[Renungan Ringkes]

“Sedulur kabeh, ayo padha eling menawa kamardikan iki asil perjuangan abot para leluhur. Kita saiki kudu nerusake perjuangan kuwi kanthi cara sing sederhana: guyub rukun, gotong royong, lan tansah nyengkuyung pembangunan desa.”

[Penutup]

“Alhamdulillah, sampun dumugi pungkasaning acara tirakatan menika. Matur nuwun dhumateng sedaya warga ingkang sampun rawuh lan nyengkuyung acara kanthi semangat. Yen wonten tembung kulo sing kirang trep, nyuwun pangapunten ingkang katah. Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.”

Nah, di atas tadi merupakan informasi tentang contoh teks MC malam tirakatan 17 Agustus 2026 yang bisa Mamikos bagikan kepada kamu. 🧐🤓

Buat kamu yang ingin mengulik lebih banyak seputar informasi terkait HUT Kemerdekaan RI lainnya, kamu bisa kunjungi situs blog Mamikos dan temukan informasinya di sana.

Referensi:


Klik dan dapatkan info kost di dekat mu:

Kost Jogja Murah

Kost Jakarta Murah

Kost Bandung Murah

Kost Denpasar Bali Murah

Kost Surabaya Murah

Kost Semarang Murah

Kost Malang Murah

Kost Solo Murah

Kost Bekasi Murah

Kost Medan Murah

Advertisement