Advertisement
Source : Getty Images/cherrybeans

13 Contoh Teks Sambutan Tuan Rumah Bahasa Jawa Singkat dan Halus Berbagai Acara

Apakah kamu sedang mencari teks sambutan bahasa Jawa? Kamu dapat menemukannya pada artikel ini.

16 Juli 2026 Zuly Kristanto

Setiap orang pasti pernah mengadakan acara yang berhubungan dengan orang banyak.

Biasanya dalam acara tersebut tuan rumah menyiapkan sambutan untuk menghormati tamunya. Sambutan tuan rumah dapat dilakukan dalam berbagai bahasa, salah satunya dengan menggunakan bahasa Jawa.

Pembacaan teks sambutan ini sendiri dapat dilakukan sendiri, tetapi dapat pula diwakilkan kepada orang lain. 📖🌸✨

Struktur Kata Sambutan Singkat

Contoh Teks Sambutan Tuan Rumah Bahasa Jawa Singkat dan Halus Berbagai Acara
Getty Images/cherrybeans
15 Contoh Tembang Kinanthi Bahasa Jawa Berbagai Tema dan Terjemahannya
  • Salam pembuka pidato yang isinya berupa ucapan salam kepada khalayak, ucapan terima kasih, dan rasa syukur kepada Tuhan.
  • Pendahuluan yang isinya menjelaskan secara singkat acara yang hendak dilangsungkan
  • Isi isinya berupa pemberian informasi secara ringkas menggambarkan isi acara
  • Penutup isinya berupa penutupan, pesan, dan harapan semoga acara berjalan lancar

Contoh Teks Sambutan Tuan Rumah Bahasa Jawa untuk Berbagai Acara

Di bawah ini merupakan contoh-contoh teks sambutan dalam bahasa Jawa.

Contoh Teks Sambutan Tuan Rumah Bahasa Jawa Bagian 1 (Acara Rapat RT Bulanan)

9 Contoh Novel Bahasa Jawa beserta Nama Pengarangnya Lengkap

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Sugeng dalu para sedherek ingkang kawula tresnani
Ingkang kinurmat para sesepuh, pini sepuh, aji sesepuh ingkang tansah kinabekten.
Para bapak, para ibu, sarta para sedherek ingkang kawula khurmati.

Kawula minangka sesulih saking ketua RT 06, badhe ngaturaken sugeng rawuh lan matur nuwun ingkang ageng dhumateng para bapak, ibu, lan para sedherek sedaya, ingkang sampun kersa ngrawuhi adicara rapat RT wulanan ing wekdal dalu punika.


Mugi-mugi tindakipun panjenengan saking ndalem dumugi papan punika klebet ngibadah ingkang ing tembe bakal pikantuk ganjaran saking ngarsa dalem Allah SWT.

Salajengipun, menawi anggenipun panitia gupuh suguh ugi aruh dhumateng panjenengan, kula minangka sesulihipun ingkang kagungan kersa nyuwun agungipun pangaksami.

Para bapak, ibu, dalah para sedherek sedaya.

Cekap semanten atur kawula minangka menawi wonten atur utawi tumindak kula ingkang kirang trep utawi kirang mranani dhumateng penggalih panjenengan, kula sacara pribadhi nyuwun agunge pangaksami.

Waalaikum salam warahmatullahi wabarakatuh

Terjemahan
Selamat malam para hadirin yang saya sayangi.
Yang terhormat para sesepuh, pini sepuh, dan aji sepuh yang berbahagia. Bapak-bapak, ibu-ibu dan para hadirin yang hormati.

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Saya sebagai wakil dari Ketua RT 06, mengucapkan selamat datang dan terima kasih yang sebesar-besarnya kepada bapak, ibu, dan semua hadirin yang telah berkenan hadir dalam rapat RT bulanan pada malam ini.

Semoga kehadirin para saudara dalam acara ini termasuk amal ibadah yang dikemudian hari akan mendapatkan balasan yang baik dari Tuhan.

Selanjutnya, jika ada kata, perilaku, dan kurang dalam memberikan sambutan yang menyinggungan perasaan dan membuat anda merasa kurang berkenan. Saya sebagai wakil dari yang punya hajat meminta maaf yang sebesar-besarnua.

Hadirin sekalian

Saya kira cukup sekian sambutan dari saya. Jika ada perilaku dan ucapan saya yang membuat anda kurang berkenan. Saya secara pribadi ingin meminta maaf yang sebesar-besarnya kepada hadirin sekalian.

Waalaikum salam warahmatullahi wabarakatuh

Aturan Penulisan Tembang Macapat Watak, Paugeran, dan Metrum dari Berbagai Jenisnya

Contoh Teks Sambutan Tuan Rumah Bahasa Jawa Bagian 2 (Acara Arisan PKK)

Assalamualaikum Warrahmatullahi Wabarrakatuh

Dhumateng para Ibu PKK saking desa Mirigambar ingkang kula khurmati.

Kula minangka ingkang mangku damel adicara Arisan PKK wulan Januari badhe ngaturaken sugeng rawuh lan ngaturaken matur panuwun dhumateng para ibu ingkang sampun kersa rawuh dhateng griya kula.

Mugya tindakipun panjenengan wiwit saking dalem ngantos dumugi ing papan punika kalebet ngibadah lan pikantuk ganjaran ingkang sae saking Allah SWT.

Salejengipun menawi anggen kula nampi rawuh panjenengan sarta anggen kula paring suguh wonten ingkang mranani dhumateng manahipun panjenengan, kula nyuwun pangapunten ingkang ageng dhumateng panjenengan.

Kula kinten, cekap semanten rumiyin atur kawula. Sepindhah malih kula aturaken sugeng rawuh. Sarta menawi wonten ucap ugi tumindak kula ingkang kirang mranani penggalihipun panjenengan sedaya. Kula nyuwun samudraning pangaksami.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Terjemahan
Assalamualaikum Warrahmatullahi Wabarrakatuh

Kepada Yang Terhormaat Para Ibu PKK Desa Mirigambar yang saya hormati.

Saya sebagai tuan rumah pelaksanaan acara arisan PKK bulan januari mengucapkan selamat datang dan terima karena ibu-ibu sekalian telah berkenan hadir dalam acara arisan ini di rumah saya.

Semoga kehadiran ibu-ibu dalam acara ini termasuk sebagai amal ibadah sehingga dapat mendapat balasan yang baik dari Tuhan,

Selanjutnya apabila ada kekurangan dalam memberikan sambutan dan jamuan atas kehadiran ibu-ibu semua, saya selaku empunya rumah memohon maaf yang sebesar-besarnya.

Saya kira, cukup sampai di sini dulu sambutan dari saya. Sekali lagi apabila ada ucapan atau tindakan saya yang kurang berkenan di hati saudara.

Saya memohon maaf sebesar-besarnya kepada saudara sekalian.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Contoh Teks Sambutan Tuan Rumah Bahasa Jawa Bagian 3 (Acara Kenduri atau Selamatan)

Assalamualaikum Warrahmatullahi Wabarrakatuh

Dhumateng para sesepuh pini sepuh ingkang tansah kinabekten lan dimuliyakaken Gusti Ingkang Murbeng Dumadi.

Sarta para bapak lan para sedherek ing kang kula khurmati.

Kawula minangka sesulihipun saking ingkang mengku damel badhe ngateraken matur nuwun ingkang ageng dhumateng rawuhipun panjenengan ingkang sampun kersa ngestreni sedhahanipun bapak Sutantio.

Salejengipun kula badhe ngaturaken sugeng rawuh ugi sugeng pinarak wonten papan ingkang sampun kasadhiakaken.

Sinambi ngrantu lampahipun adicara salajengipun, kula ngaturaken mangga dhaharan ugi unjukan ingkang sampun kasedhiakaken saged dipunicipi.

Ingkang pungkasan, kula badhe nyuwun pangapunten menawi wonten tata tutur, tata susila, sarta anggenipun kula paring suguh lan nampi rawuhipun panjenengan kirang mranani ing manahipun panjenengan sedaya.

Kula kinten cekap semanten rumiyin atur kawula, wonten kirang langkungipun, kula nyuwun agungipun pangaksami.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Terjemahan
Kepada para sesepuh, pini sepuh, yang senantiasa dirahmati dan dimuliakan Tuhan.

Serta kepada para bapak dan para saudara yang saya hormati.

Saya sebagai wakil dari pemilik rumah mengucapkan terima kasih yang sebesar-besarnya karena Anda telah berkenan hadir untuk memenuhi undangan bapak Sutantio.

Selanjutnya saya mengucapkan datang dan silahkan duduk menempati tempat yang sudah disiapkan. Sembari menunggu acara selanjutnya, hadirin dipersilakan untuk menyantap sajian yang disuguhkan.

Kemudian, saya juga ingin meminta maaf yang sebesar-besarnya seandainya ada tutur kata atau perilaki yang kurang sopan dan berkenan di hati saudara sekalian.

Demikian sambutan yang dapat saya sampaikan.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Contoh Teks Sambutan Tuan Rumah Bahasa Jawa Bagian 4 (Acara Reuni Keluarga/Trah)

Assalamualaikum Warrahmatullahi Wabarrakatuh

Ingkang sepindah mangga sesarengan kita ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti Allah SWT.

Ingkang kanthi sih welasipun kita kang mujudake anak turunipun Eyang Singorejo saged ngrawuhi adicara reunian kaluwarga ing griya kula kanthi sehat tanpa wonten kekirangan setunggal menapa.

Kaping kalih, salawat ugi salam mugya tansah katur dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang sapangatipun tansah kita antu-antu ing alam kelanggengan.

Wonten ing wekdal punika, kawula ingkang ketibanan sampur minangka ingkang mangku damel arisan keluarga Eyang Singorejo  ngaturaken sugeng rawuh dhumateng para tamu sedherek sedaya.

Maturnuwun ingkang ageng amargi panjenengan sedaya sampun keraya-raya kersa rawuh dhateng dalem kawula sekeluarga.

Selajengipun wondene anggen kawula nindakaken gupuh sarta suguh rawuhipun panjenengan dinten menika kirang mranani ing manahipun panjenengan, kula sakulawarga nyuwun agungipun pangaksami.

Kula kinten cekap semanten rumiyin atur kawula. Jika dan kurang lebihnya, saya mohon maaf yang sebesar-besarnya.

Waalaikum salam warrahmatullahi wabarrakatuh.

Terjemahan
Yang pertama marilah bersama-sama kita panjatkan puji syukur kehadirat Tuhan YME karena limpahan kasih sayangNya, kita yang merupakan keturunan Eyang Singorejo dapat berkumpul dalam acara reunian keluarga di rumah saya dengan sehat tanpa kekurangan apapun.

Kedua, salawat dan salam semoga senantiasa tercurah kepada Nabi Besar Muhammad SAW yang syafaatnya senantiasa kita nantikan di hari kelak.

Dalam kesempatan ini, saya mendapat kesempatan menjadi tuan rumah arisan keluarga trah saking Eyang Singorejo, mengucapkan selamat datang kepada saudara sekalian.

Terima kasih yang sebesar-besarnya karena saudara telah menghadiri arisan keluarga yang dilaksanakan di keluarga saya.

Selanjutnya apabila ada kekurangan saya dalam hal memberikan sambutan dan jamuan kepada saudara sekalian, saya sebagai tuan rumah mengucapkan mohon maaf yang sebesar-besarnya.

Sebelum saya tutup sambutan ini saya persilakan kepada hadirin sekalian untuk menyantap hidangan yang telah kami sajikan.

Saya akhiri sambutan ini wassalamu alaikum warrahmatullahi wabarrakatuh

Aturan Guru Gatra, Guru Lagu, dan Guru Wilangan Tembang Macapat Beserta Penjelasannya

Contoh Teks Sambutan Tuan Rumah Bahasa Jawa Bagian 5 (Acara Syukuran Rumah Baru)

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Para sesepuh, bapak-bapak, ibu-ibu, saha para tamu ingkang kula khurmati.
Sepisan malih, marilah kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, amargi kanthi rahmat lan hidayahipun, kita saged nglumpuk bareng wonten ing acara syukuran griya anyar punika kanthi sehat lan wilujeng.

Kula minangka tuan griya, ngaturaken sugeng rawuh dhumateng panjenengan sedaya. Matur nuwun ingkang ageng sampun kersa rawuh paring pangajab lan donga becik kangge kulawarga kula.

Mugi-mugi acara menika saged nambah paseduluran, lan griya anyar menika tansah pinaringan rahayu, rejeki, lan tentreming gesang.
Menawi wonten kekirangan sajrone nyambut panjenengan sedaya, kula sakulawarga nyuwun agunging pangapunten.

Cekap semanten atur saking kula, mugi Gusti Allah tansah maringi berkah dhumateng kita sedaya.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Terjemahan

Yang saya hormati para sesepuh, bapak, ibu, dan para tamu sekalian.

Pertama-tama, marilah kita panjatkan puji syukur kepada Tuhan Yang Maha Esa karena atas rahmat-Nya kita dapat berkumpul dalam acara syukuran rumah baru ini dengan sehat dan bahagia.

Sebagai tuan rumah, saya mengucapkan selamat datang dan terima kasih atas kehadiran semua.

Semoga acara ini mempererat tali silaturahmi, dan rumah baru ini senantiasa diberkahi rezeki dan ketenangan.

Apabila ada kekurangan dalam penyambutan, kami sekeluarga mohon maaf sebesar-besarnya.
Terima kasih, semoga Tuhan memberkahi kita semua.

Contoh Teks Sambutan Tuan Rumah Bahasa Jawa Bagian 6 (Acara Ulang Tahun Anak)

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Kagem para sesepuh, bapak-bapak, ibu-ibu, saha para tamu ingkang tansah kinurmatan.
Kawula ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, amargi kanthi kersanipun, kita saged makempal bareng wonten ing griya kula menika kanggo ngraosaken kebersamaan wonten ing acara ulang tahun anak kawula.

Kawula sekeluarga ngaturaken panuwun ingkang ageng dhumateng rawuhipun panjenengan sedaya.
Mugi-mugi donga lan pangestu saking panjenengan saget dados berkah tumrap putra kawula, mugi tansah pinaringan sehat lan dados anak ingkang soleh lan migunani tumrap sesami.

Menawi wonten kekirangan sajrone nyambut panjenengan sedaya, kawula nyuwun pangapunten ingkang ageng.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Terjemahan
Yang saya hormati para sesepuh, bapak, ibu, dan para tamu yang berbahagia.

Puji syukur kami panjatkan ke hadirat Tuhan karena atas izin-Nya kita dapat berkumpul di rumah ini untuk merayakan ulang tahun anak kami.

Kami sekeluarga mengucapkan terima kasih sebesar-besarnya atas kehadiran Anda semua.

Semoga doa dan restu yang diberikan menjadi berkah bagi anak kami agar selalu sehat dan menjadi pribadi yang bermanfaat.

Apabila ada kekurangan dalam penyambutan, kami mohon maaf sebesar-besarnya.

Contoh Teks Sambutan Tuan Rumah Bahasa Jawa Bagian 7 (Acara Tasyakuran Panen)

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Para tamu saha kadang sedherek ingkang kinurmatan.
Sepisan malih, kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT amargi panjenengan sedaya saged rawuh wonten griya kawula kanggo nyengkuyung acara tasyakuran panen menika.

Kawula lan kulawarga ngaturaken matur nuwun ingkang tanpa upami dhumateng panjenengan ingkang sampun kersa rawuh.

Mugi Gusti Allah tansah maringi berkah lan rejeki ingkang kathah dhumateng kita sedaya.
Menawi wonten kekirangan sajrone nampi rawuhipun panjenengan, kawula sakulawarga nyuwun pangapunten.

Cekap semanten atur kawula.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Terjemahan
Para tamu dan saudara yang saya hormati.

Pertama-tama, marilah kita panjatkan puji syukur kepada Tuhan Yang Maha Esa karena kita semua dapat hadir dalam acara tasyakuran panen ini.

Saya dan keluarga mengucapkan terima kasih yang sebesar-besarnya atas kehadiran Anda semua.

Semoga Tuhan selalu memberikan berkah dan rezeki melimpah kepada kita semua.

Apabila ada kekurangan dalam penyambutan, kami mohon maaf yang sebesar-besarnya.

Contoh Teks Sambutan Tuan Rumah Bahasa Jawa Bagian 8 (Acara Pengajian)

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Para alim ulama, bapak-bapak, ibu-ibu, saha para tamu ingkang kinurmatan.

Sepisan, sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT awit rahmat saha hidayahipun, kita saged makempal wonten ing acara pengajian menika kanthi wilujeng.

Kawula sakulawarga ngaturaken sugeng rawuh saha matur nuwun dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa rawuh.

Mugi lumantar pengajian menika, iman lan takwa kita tansaya kiyat, saha saged nambah paseduluran antawisipun warga.

Menawi wonten kirang langkung sajrone anggen kawula nampi rawuh saha nyawisaken suguhan, kawula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Terjemahan
Yang saya hormati para ulama, bapak, ibu, dan seluruh tamu.

Marilah kita panjatkan puji syukur kepada Allah SWT karena atas rahmat-Nya kita dapat berkumpul dalam acara pengajian ini.

Kami sekeluarga mengucapkan selamat datang dan terima kasih atas kehadiran Bapak/Ibu sekalian.

Semoga pengajian ini menambah keimanan, ketakwaan, dan mempererat tali silaturahmi.

Apabila ada kekurangan dalam penyambutan maupun jamuan, kami memohon maaf yang sebesar-besarnya.

Contoh Teks Sambutan Tuan Rumah Bahasa Jawa Bagian 9 (Acara Aqiqah)

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Para sesepuh, bapak-bapak, ibu-ibu, saha para tamu ingkang kula hormati.

Kawula sakulawarga ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT amargi sampun paring berkah putra/putri dhumateng kulawarga kawula.

Matur nuwun sanget dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun rawuh lan paring donga saha pangestu.

Mugi putra/putri kawula tansah pinaringan kesehatan, dados anak ingkang bekti dhumateng tiyang sepuh, saha migunani tumrap agama, bangsa, lan negara.

Menawi wonten kekirangan sajrone nampi rawuh panjenengan sedaya, kawula nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Terjemahan
Yang saya hormati para sesepuh, bapak, ibu, dan para tamu.

Kami bersyukur kepada Allah SWT atas karunia berupa kelahiran putra/putri kami.

Terima kasih atas kehadiran serta doa dan restu yang telah diberikan.

Semoga anak kami selalu sehat, berbakti kepada orang tua, dan menjadi pribadi yang bermanfaat.

Mohon maaf apabila terdapat kekurangan dalam penyambutan.

Contoh Teks Sambutan Tuan Rumah Bahasa Jawa Bagian 10 (Acara Halalbihalal)

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Para sedherek sedaya ingkang kinurmatan.

Kawula ngaturaken sugeng rawuh saha matur nuwun awit panjenengan sedaya sampun kersa rawuh wonten ing acara halalbihalal menika.

Lumantar adicara punika, mugi kita saged silih ngapunteni, ngiyataken tali paseduluran, saha njagi kerukunan antawisipun kulawarga lan warga.

Menawi sajrone nampi rawuh saha nyawisaken papan lan suguhan wonten ingkang kirang mranani, kawula nyuwun pangapunten ingkang ageng.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Terjemahan
Yang saya hormati seluruh hadirin.

Saya mengucapkan selamat datang dan terima kasih atas kehadiran Bapak/Ibu dalam acara halalbihalal ini.

Semoga melalui acara ini kita dapat saling memaafkan, mempererat silaturahmi, dan menjaga kerukunan.

Apabila ada kekurangan dalam penyambutan maupun jamuan, kami mohon maaf sebesar-besarnya.

Contoh Teks Sambutan Tuan Rumah Bahasa Jawa Bagian 11 (Acara Khitanan)

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Para sesepuh, bapak-bapak, ibu-ibu, saha para tamu ingkang kinurmatan.

Kawula sakulawarga ngaturaken sugeng rawuh saha matur nuwun dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa ngrawuhi acara khitanan putra kawula.

Mugi donga saha pangestu saking panjenengan sedaya dados berkah, supados putra kawula tansah pinaringan kesehatan, iman ingkang kiyat, lan dados anak ingkang soleh.

Menawi wonten kirang langkung sajrone nampi rawuh panjenengan sedaya, kawula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Terjemahan
Yang saya hormati para sesepuh, bapak, ibu, dan para tamu.

Kami mengucapkan selamat datang dan terima kasih atas kehadiran Anda dalam acara khitanan putra kami.

Semoga doa dan restu yang diberikan menjadi berkah sehingga anak kami tumbuh sehat, beriman, dan menjadi anak yang saleh.

Mohon maaf apabila terdapat kekurangan dalam penyambutan.

Contoh Teks Sambutan Tuan Rumah Bahasa Jawa Bagian 12 (Acara Syukuran Usaha)

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Para tamu ingkang kinurmatan.

Kawula ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT awit kanthi berkahipun usaha ingkang kawula wiwiti saged lumampah kanthi sae.

Kawula sekeluarga ngaturaken matur nuwun sanget dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun maringi panyengkuyung lan donga.

Mugi usaha menika tansah pinaringan lancar, migunani tumrap masyarakat, saha saged maringi berkah tumrap sedaya.

Menawi wonten kekirangan sajrone nampi rawuh panjenengan sedaya, kawula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Terjemahan
Yang saya hormati para tamu sekalian.

Kami mengucapkan syukur kepada Tuhan Yang Maha Esa karena usaha yang kami rintis dapat berjalan dengan baik.

Terima kasih atas dukungan dan doa yang telah diberikan.

Semoga usaha ini selalu diberi kelancaran dan membawa manfaat bagi banyak orang.

Apabila ada kekurangan dalam penyambutan, kami memohon maaf sebesar-besarnya.

Contoh Teks Sambutan Tuan Rumah Bahasa Jawa Bagian 13 (Acara Selamatan Keberangkatan Haji)

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Para sesepuh, bapak-bapak, ibu-ibu, saha para tamu ingkang kinurmatan.

Kawula sakulawarga ngaturaken sugeng rawuh saha matur nuwun dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun rawuh wonten ing acara selamatan keberangkatan ibadah haji menika.

Kawula nyuwun donga pangestu supados dipunparingi kasarasan, kelancaran, saha dados haji ingkang mabrur.

Menawi wonten kirang langkung sajrone nampi rawuh panjenengan sedaya utawi sajrone nyawisaken suguhan, kawula nyuwun pangapunten ingkang ageng.

Mugi Gusti Allah SWT tansah maringi rahmat saha berkah dhumateng kita sedaya.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Terjemahan
Yang saya hormati para sesepuh, bapak, ibu, dan seluruh tamu.

Kami mengucapkan selamat datang dan terima kasih atas kehadiran Bapak/Ibu dalam acara selamatan keberangkatan ibadah haji ini.

Mohon doa restunya agar kami diberikan kesehatan, kelancaran, dan menjadi haji yang mabrur.

Apabila terdapat kekurangan dalam penyambutan maupun jamuan, kami sekeluarga memohon maaf yang sebesar-besarnya.

Semoga Allah SWT senantiasa melimpahkan rahmat dan keberkahan kepada kita semua.

Penutup

Demikianlah contoh teks sambutan tuan rumah bahasa Jawa yang dapat kamu jadikan sebagai referensi menyambut tamu. 😊✨

Semoga artikel ini menambah wawasanmu tentang bagaimana menyambut tamu yang baik dengan menggunakan bahasa Jawa.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta

Advertisement