Contoh Wawancara Bahasa Jawa Beserta 5W 1H yang Baik dan Benar

Contoh Wawancara Bahasa Jawa Beserta 5W 1H yang Baik dan Benar – Sebuah berita yang baik dan terpercaya sebaiknya ditulis berdasarkan hasil wawancara langsung dengan narasumber yang kompeten.

Dalam melakukan wawancara dengan narasumber, seorang wartawan ada baiknya mampu menciptakan situasi yang menyenangkan.

Sehingga narasumber dapat memberikan informasi atau jawaban yang diinginkan pewawancara tanpa merasa diintimidasi dalam memberikan keterangan.

Teknis Melakukan Wawancara

https://unsplash.com/@neonbrand

Ketika menggali informasi dari narasumber ada baiknya pewawancara mencari tahu latar belakang dari orang yang hendak diwawancarai.

Sehingga pewawancara dapat menyiapkan pertanyaan-pertanyaan yang nantinya dapat digunakannya sebagai bahan untuk menulis berita.

Adapun pertanyaan yang disusun untuk wawancara haruslah memenuhi kaidah 5W 1H. Kaidah penulisan wawancara yang memenuhi 5W 1 H tidak hanya berlaku untuk penulisan berita berbahasa Indonesia saja.

Penulisan berita dalam bahasa Jawa pun juga wajib memenuhi kaidah 5W 1 H. Di bawah ini adalah contohnya.

Contoh Wawancara Bahasa Jawa 5W 1H

Di bawah ini adalah contoh wawancara bahasa Jawa dengan seorang seniman yang dapat membuat kerajinan berbahan talenan. Contoh wawancara bahasa Jawa distruktur dalam kaidah 5W 1H

1. What (Apa)

Pitakonan   :

Kerajinan apa sing digawe?

Wangsulan :

Kerajinan nggawe lukisan foto kang mediane nggunakake telenan.

Pitakon       :

Bahan-bahan apa wae sing sampeyan gunakake kanggo nggawe karya?

Wangsulan :

Piranti sing dakbutuhake kanggo nggarap pesenan sing teka iku mau mung potlot sing khusus kayu, cet, lan puas dadi aku ora nate kangelan goleke. Dene kanggo media lukise nganggo bahan khusus sing bisa dituku ing warung-warung.

2. Who (Sapa)

Pitakonan   :

Panjenengan asmane sinten lan latar pendidikane apa?

Wangsulan :

Jenengku Priyo Santosa, aku mujudake salah siji mahasiswa Universitas Negeri Ing Surabaya.

Pitakon       :

Sasuwene iki sing pesen karyane sampeyan sing paling akeh sapa wae?

Wangsulan :

Kanggo sawetara wektu iki rancake sing paling akeh pesen yaiku para nom-noman sing nembe pacaran lan para manten anyar sing pengin ngabadakekake photo nikahane.

3. When (Kapan)

Pitakonan   :

Wiwit kapan sampeyan wiwit nekuni usaha nggawe kerajinan saka telenan iki?

Wangsulan :

Aku wiwit nekuni usaha nggawe kerajinan saka telanan iki wiwit taun 2020 kepungkur

4. Why (Ngapa)

Pitakonan   :

Ngapa kok milih telanan kanggo media kerajinane sampeyan?

Wangsulan :

Jalaran sasuwene iki telanan mung kerep digunakake kanggo piranti mangsak. Kamangka saliyane bisa digunakake kanggo piranti masak. Telenan uga bisa digunakake kanggo bahan dasar kerajinan.

Salah sijine yaiku kanggo nggawe media lukis foto kaya sing daktindakake iki.

5. Where  (Ing ngendi)

Pitakonan   :

Kerajinan iki ing sampeyan gawe ing ngendi lan adole menyang ngendi wae?

Wangsulan :

Kerajinan telenan iki dakgawe ing omahku, Tulungagung. Kanggo sawetara wektu kerajinanku iki dakdol ing media sosialku. Nanging, ana kalane kerajinan gaweyanku iki uga dakdol ing maneka toko on-line.

Pitakon       :

Sarehne sampeyan adole on-line. Mesthine sing tuku karyane sampeyan wong adoh-adoh ta? Sing nate tuku karyane sampeyan, paling adoh saka kutha ngendi?

Wangsulan :

Alhamdulillah iya, Mas. Sasuwene aku nggawe lan dodolan kerajinan saka telenan. Dibandhingake kuthaku dhewe, sing nuku karyaku malah akeh sing saka njaban kutha.

Wah, yen ditakoni paling adoh ngendi aku rada kangelan mangsuline, Mas. Nanging, aku nate ngirim karyaku menyang Bandung, Jakarta, Sumatra, lan Kalimantan.

6. How (Piye)

Pitakon       :

Bisa sampeyan critakake piye carane sampeyan nganti kepikiran nggawe kerajinan saka telenan iki?

Wangsulan :

Wektu kuwi aku oleh tugas akhir saka dosenku. Gandhenge dosenku ngajab amrih gawe tugas kang unik. Aku banjur nyoba gawe lukisan sketsa wajah sing mediane nganggo telenan.

Wektu tugasku rampung, asil karyaku mau banjur tak potret lan tak unggah ing medsos-ku. Lan samungkure photo tugasku tak unggah, ndilalah kok ana pawongan sing pesen.

Dheweke pesen supaya digawekake lukisan sketsa wajah kaya sing tak unggah mau. Ya, wiwit dina iku nganti seprene, aku tansah nampa pesanan gawe lukisan sketsa wajah kanthi media telenan

Pitakon       :

Carane nggawe kerajinan saka tetelan iku butuh wektu pirang dina, Mas? lan ana trik khususe apa ndak sih, Mas?

Wangsulan :

Yen kebeneran cuacane lagi apik lan ora mendhung saben salukisan bisa dakrampungake kanthi wektu 2-5 dina.

Dene yen cuacane lagi mendhung wektu kanggo ngrampungake pesenan bisa luwih saka iku. Lan yen sing pesen kesusu ngepinginake pesenane enggal dadi.

Aku kepeksa migunakake mesin pengering rambut kanggo nggaringake lukisanku. Yen nganggo pengering iki senajan wektune luwih cepet nanging asile kurang apik.

Nitik saka asile lan kepuasan pelanggan njalari aku luwih ngandhelake panase srengenge tinimbang nggawe mesin pengering kanggo nggaringake lukisanku.

Pitakon       :

Upama ana sing pesen supaya digawekake lukisan kanthi ukuran sing luwih amba saka telenan piye?

Wangsulan :

Yen ana sing pesen supaya digawekake sketsa wajah kanthi media lukis sing luwih amba tinimbang telenan.

Padatan pawongan mau tak arahke supaya milih media lukis papan sing bahane saka kayu pinus.

Aku sengaja ngarahake milih media kuwi jalaran kayu pinus nduweni serat sing alus saengga luwih kepenak lan asile luwih apik yen digunakake kanggo media gawe sketsa yen dibandingake kayu-kayu liyane

Pitakon       :

Upama pengin pesen piye, Mas? Regane pira, Mas?

Wangsulan :

Bisa ngubungi aku liwat instagram, mengko wonge kirim fotone, lan pengin digawekake sing ukurane piye lan modhele sing piye. Jalaran ukuran lan modhel bisa nemtokake rega.

Saben sijine karyaku tak regani udakara 150-175 ewu rupiyah. Ngenani rega sing dakpatok kanggo karyaku iki duwe kreteria tartamtu.

Kanggo lukisan sketsa wajah sing nganggo frame dakregani 175 ewu rupiyah. Dene sing ora nganggo frame dakregani 150 ewu rupiyah.

Pitakonan   :

Sasuwene nindakake kerja kaya mangkene ana kisah sedhih utawa senenge ora sih, Mas? Bisa sampeyan critakake sithik wae?

Wangsulan :

Crita senenge yen sing tuku kuwi seneng karo karya gaweyanku lan dheweke menehi bonusan marang aku.

Masiya kadhang rong puluh ewu rupiyah utawa seket ewu rupiyah, nanging banget bungahku jalaran karyaku diapresisasi kanthi apik. Dene crita sedhihe kuwi aku nate kapusan.

Pitakon       :

Hah, kapusan? Kok bisa kapusan, kedadeyane piye, Mas?

Wangsulan :

Wong-wong sing pesen. Biyasane sadurunge pesen ngomong yen bisane nransfer dhuwit kanggo sketsa sing dipesen separo dhisik.

Dene dhuwit sisane bakal ditransfer sketsane wis ditampa dening bocahe. Hla, rikala resi pengiriman tak cek wis ditampa dening sing pesen.

Dhuwit pelunasan sing dijanjekake ora enggal dilunasi. Yen wis kaya mangkene aku banjur nelpon nomer pawongan sing wis pesen.

Apese nomer sing nate digunakake kanggo ngubungi aku rikala pesen biyen. Rikala tak hubungi wektu kuwi wis ora aktif.

Yen wis kaya mangkene bisane mung ngikhlasake. Itung-itung kanggo ngamal, tapi biyane yen ngalami kedadeyan sing ngene iki ora watara suwe saka kedadeyan iku aku bakale entuk pelanggan liya sing gelem menehi bonusan

Penutup

Demikianlah contoh wawancara bahasa Jawa 5 W 1H yang baik dan benar. Semoga artikel contoh wawancara bahasa Jawa ini dapat menambah wawasanmu dalam melakukan wawancara.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta