Contoh Wawancara dalam Bahasa Jawa beserta Cara Membuatnya yang Baik dan Benar
Jika kamu ingin melakukan wawancara dalam bahasa Jawa. Sebaiknya kamu harus menyimak artikel berikut ini hingga tuntas.
Narasumber :
Pareng mawon, Mas. Kebeneran niki kula lagi sela.
Pewawancara :
Ngeten, Mas. Kula taksih asing kaliyan kombucha. Saged panjenengan jelasake kombucha niku jane napa?
Narasumber :
Gampangane, kombucha kuwi ombenan fermentasi saka teh, Mas.
Pewawancara :
Banjur, kombucha niki jane asale ombenan saking pundi, Mas?
Narasumber :
Yen asline saka ngendi aku dhewe ya durung patia ngerti, Mas. Nanging niturut saka sumber sing dakwaca ana sumber sing kandha yen kombucha iki asale saka Jepang.
Nanging sumber liya ana sing ngandhakake kombucha iki asale saka Korea
Pewawancara :
Ngoten nggih, Mas. Dados ana kalih versi. Banjur wonten crita kaciptane kombucha napa mboten, Mas? Yen wonten kula kepingin ngertos critane.
Narasumber :
Ana, Mas. critane ngene, sejatine akeh versi ngenani sejarah kombucha. Salah siji versi nyebutake yen kombucha iki asalae saka Jepang. ing sumber kasebut disebutake ing taun 414 M.
Ing jaman kuwi ana sawijining Kaisar Jepang kang lara sembelit. Maneka cara wis ditindake kanggo ngusadani lara kang disandang Kaisar Jepang.
Emane senajan wis akeh cara ditindakake, nanging lara kang disandang sang kaisar durung pikantuk usada kang cocok.
Gandhenge wis ngrasa judheg marang lara kang disandhang ora enggal pikantuk usada, sang kaisar banjur nganake sayembara.
Ing sayembara kang dianake kaisar kasebut ana sawijing tabib saka Korea nggawa ramuan kang digawe saka teh kang difermentasi.
Sawise teka gilirane, sang tabib banjur ngiling ramuan kang digawe kanggo ngusadani larane sang kaisar.
Ajaibe, ora suwe samungkure ngunjuk ramuane tabib saka Korea lara kang disandang sang kaisar langsung mari.
Kahanan kaya ngene mesthi wae gawe bungahe sang kaisar. Kegawa rasa senenge merga lara kang disandang kasil diusadani lumantar ramuan teh gawiyane si tabib.
Sang kaisar banjur menehi jeneng ramuan kang digawe si tabib mau kombucha. Sarehne khasiate bisa ngusadani lara kang disandang sang kaisar.
Kombucha banjur kawentar ing wewengkon kekaisaran Jepang. Ora mung iku wae. Gandenge khasiate gedhe.
Kombucha bisa kawentar tumekane perangan wetan saka Rusia. Senajan khasiate gedhe lan wis akeh negara kang mbuktekake khasiat saka kombucha.
Nanging kombucha durung dikenal suwe ing Indonesia. Ana sing merkirakake kombucha ing Indonesia lagi mlebu watara 1930-an.
Pewawancara :
Wah, crita sejarah penemuane keren banget, Mas. Banjur sampeyan dhewe mulai nggawe kombucha iki kapan?
Narasumber :
Yen sepisan nggawe kira-kira taun 2015 kepungkur, Mas.
Halaman:

