Contoh Wawancara dalam Bahasa Jawa beserta Cara Membuatnya yang Baik dan Benar
Jika kamu ingin melakukan wawancara dalam bahasa Jawa. Sebaiknya kamu harus menyimak artikel berikut ini hingga tuntas.
Pewawancara :
Wektu iku tujuane sampeyan nggawe pancen kanggo didol utawa dienggo jamu dhewe, Mas?
Narasumber :
Wiwitane ya dakgawe jamu kanggo aku pribadhi lan kaluwargaku, Mas. Nanging sawijining dina ana kanca sing nyoba kombucha gaweyanku.
Dheweke ngrasa cocok karo khasiate. Sawise kuwi dheweke ngakon supaya aku ngedol kombucha gaweyanku. Nalika sambutane pasar apik, wusanane aku keterusan dodolan kombucha nganti tekan saiki.
Pewawancara :
Carane nggawe kombucha iki piye, Mas?
Narasumber :
Carane gampang, Mas. Bahane mung teh, gula, banyu panas, ragi lan botol kaca. Nggawene kabeh bahan mau dicampur dadi siji sawise kuwi dijarne sawetara dina. Kombucha wis dadi lan kena diombe, Mas.
Pewawancara :
Yen, kombuchane sampeyan iki jarene duwe kaunikan tinimbang kombucha umume. Kaunikane apa sih, Mas?
Narasumber :
Rata-rata yen kombucha murni iku rasane kurang cocok karo ilate wong Jawa, Mas. Mulane kombuchaku daktambahi fermentasi jahe. Saliyane ndadekake rasane luwih enak. Khasiate uga dadi luwih akeh.
Pewawancara :
Ngomong-ngomong soal khasiat. Yen khasiate kombucha iku apa wae ta, Mas?
Narasumber :
Saliyane ndadekake awak luwih seger. Kombucha uga bisa nambani maneka penyakit kayata watuk, pilek, masuk angin, lsp.
Pewawancara :
Banjur kendala utawa babagan sing paling angel sajrone nggawe kombucha iki apa, Mas?
Narasumber :
Sing paling angel yaiku babagan peragian, Mas. wektu nyampurake ragi, ukuran lan wektune kudu pas. Jalaran yen kliru ukurane utawa wektune kliru kombuchane uga ora bakal dadi.
Saliyane kuwi, ragi sing digawe nggawe kombucha iki ragi khusus, Mas. Tegese ora kabeh ragi bisa digawe. Yen sasuwene ragi sing dakgawe tukuku menyang Jawa Barat via online.
Pewawancara :
Banjur upama ana pawongan kang pengin tuku. Kira-kira piye carane lan regane pira, Mas?
Narasumber :
Bisa langsung DM ing akun sosial mediaku utawa teka langsung menyang omahku, Mas. yen regane selitere 30 ewu rupiyah, Mas.
Pewawancara :
Nggih, Mas. Matur nuwun. Kula kinten wawancara cekap sementen riyin, Mas. Mbok bilih mangke wonten pertanyaan susulan. Bakal kula kirim via WA mawon nggih, Mas.
Narasumber :
Iya, Mas. Ndak papa. Matur nuwun ya, Mas.
Demikianlah contoh wawancara dalam bahasa Jawa. Semoga artikel ini memberi inspirasi kepada kamu yang akan melakukan wawancara dalam bahasa Jawa.
Halaman:
