Kumpulan Caption Story Whatsapp 2023 Bahasa Jawa Singkat dan Keren

Kumpulan Caption Story Whatsapp 2023 Bahasa Jawa Singkat dan Keren – Ada banyak alasan seseorang menuliskan caption story di whatsappnya.

Selain untuk mengeluarkan uneg-uneg yang dipendam di dada, kadang digunakan pula untuk menyampaikan pesan yang bukan hanya diperuntukkan bagi diri sendiri, tetapi juga diberikan kepada orang lain.

Menulis Caption Story Whatsapp Bahasa Jawa

https://unsplash.com/@alexbemore

Menulis caption pesan bisa dilakukan dengan bahasa apa saja. Salah satunya adalah dengan menggunakan bahasa Jawa

Ada beberapa tips yang bisa kamu lakukan untuk membuat caption yang keren. Kamu dapat menuliskan hasil perenunganmu, mengutip kata-kata orang terkenal, hingga dapat mengutip potongan lirik lagu favoritmu.

Supaya kamu mendapat gambaran yang lengkap mengenai bagaimana contoh caption yang baik. Berikut ini adalah beberapa contoh kumpulan caption story whatsapp.

Contoh Caption Keren Whatsapp 2023 Bahasa Jawa

Kumpulan Caption Story Whatsapp 2023 Bahasa Jawa Bagian 1

  1. Aku pengin duwe mitra kang bisa nampa sakehing pambeda, saraga lan sajiwa
  2. Ajara marang tanduran mecaki dalan panguripan kanthi laku kautaman
  3. Dadia klapa klapa kang tansah migunani tumrap manungsa
  4. Aja gelem dadi pange jati kang tansah dirinciki merga laire ora dipengini
  5. Aja gelem dadi rawe kang tansah disingkirake tanpa ngerti salahe
  6. Dadi suket teki sing tansah bisa tangi senajan wola-wali dilarani
  7. Aja melik dadi jati sing ora bisa tangi samungkure ngilani bumi
  8. Ajara dadi suket teki sing bisa tatag ngadhepi udan kang kebak pepati
  9. Apa iya kangen kang padha bisa mertamu ing pulunge atimu?
  10. Salagine toleransi isih ana ing pangimpi mokal bisa urip tentrem ing ati
  11. Kudu ditampa salagine ati bisa legawa
  12. Apa iya wektu kang kasisa bisa gawe kita sapatemon maneh?
  13. Yen tresnamu duweke wong liya, dakdongakake sliramu sagarwa nemu mulya
  14. Nyatane urip ora mung sawang-sinawang, nanging ya sayang-sinayang
  15. Ana mangsane tresna kuwi ora saka kulina, nanging saka arta lan i-phone cacah lima
  16. Durung jangkep uripmu yen durung kena cidrane wanita lan panguwasa

Kumpulan Caption Story Whatsapp 2023 Bahasa Jawa Bagian 2

  1. Tresna lan kuwasa iku ana mangsane padha-padha nyebabake gela lan kuciwa
  2. Sing dilalekake kuwi cukup kabecikane wae, aja nganti utange melu dilalekake
  3. Yen isih seneng mangan sega, aja sok suci-semuci pindha dewa ing angkasa
  4. Padha-padha manungsa, padha bisa ngrasakake larane, mbok ya sing akur
  5. Wong sing sok seneng nglarani liyan adate uripe angel nemu bagya
  6. Tamba sing paling ampuh ing alam donya iku mung rasa ikhlas.
  7. Percaya wae Gusti bakal paring dalan marang sekabehane umate.
  8. Paling enak ngenteni tekane jodho disambi karo jagongan, gojegan, lan mangan gorengan.
  9. Luwih becik dililakake timbangane dadi sanggane ati.
  10. Ora perlu dipikir jeru-jeru, sing teka ya bakale teka, sing lunga ya bakale lunga. Santai wae.
  11. Anane mung langit lan bumi kowe pilih sing endi?
  12. Aja wedi ngadhepi edane jaman amarga ing kene isih ana sewu tangan sing njaga kaluhuran
  13. kita kudu eling marang urip sing perlu dioyak kanthi gupuh.
  14. Awake dhewe mung wenang jumangkah mecaki dgelare dalan kanthi ati pasrah, suka lila mring kersaning Sang Hyang Widhi
  15. Bagya lan sungkawa mujudake tamu sajroning panguripan kang tekane pinasthi tanpa bisa diselaki
  16. Manungsa mung bisa pasrah mring garis nasib sing ditulisake sadurunge manungsa lair saka garbane ibune.

Kumpulan Caption Story Whatsapp 2023 Bahasa Jawa Bagian 3

  1. Kadhang nate kepikiran, perjanjian kaya ngapa sing daksetujoni, nalika aku milih lair lan urip ing alame manungsa.
  2. Yen isih duwe kalodhangan wektu samungkure sembahyang, kirimane leluhur donga lan jalukna sepura, murih uripe tentrem ing alam kana.
  3. Kena ngapa isih wae ana manungsa sing seneng nunggangi tragedhi kanggo nuduhake dhiri kang paling suci.
  4. Teka lan lungane sawernane perkara kudu diadhepi kanthi tatag lan tinarbuka
  5. Apa gunane ngaku dadi manungsa salagine seneng ngumbar angkara ing njero dhadha
  6. Minangka titah lumrah kita mung bisa pasrah marang sekabehane lakon sing kudu dipecaki
  7. Sakehe perkara kudu digulung lan digelar dawa kanthi ati lan pikiran wening supaya untung rugine bisa kinawruhan merga rasa getun ing tembe mburi babar pisan ora migunani
  8. Bisaku mung ngrapal donga muga diparingi ati kang jembar pindha segara
  9. Gustiku bakal paring pitulungan nalika atiku nandang kesusahan
  10. Kena ngapa isih akeh manungsa kang seneng tumindak munasika mring sapadha
  11. Lila legawa nalika nandang sawerane perkara
  12. Salagine jagad isih gumelar kudu dijaga weninge nalar
  13. Aku ya manungsa lumrah sing bisa ngrasa susah lan b ungah
  14. Muga wae isih ana tresna kasisa sing bisa dadi isen-isening dhadha
  15. Kena ngapa wewayangamu tansah aweh godha nalika atiku nandang kuciwa

Kumpulan Caption Story Whatsapp 2023 Bahasa Jawa Bagian 4

  1. Aku ora pengin welasmu nanging aku kepengin asihmu
  2. Aku lan slirane padha manungsa sing kudu netepi janjine dhewe-dhewe
  3. Kudu dakpungkasi tresna iki tekan semene supaya ora ajur ing tembe mburine
  4. Sejatine manungsa kuwi ora duwe daya tanpa tanpa palilahe Gusti Kang Maha Kuwasa
  5. Nyatane mung sepi sing dadi mitra sejati tumrape manungsa
  6. Isih ana dalan kang kagelar lamun slirane premana nyawang gelaring kahanan
  7. Dudu sapa-sapa ning ora tega nyawang slirane ngutahake waspa
  8. Saiba bungahe lamun ana dhadha sing bisa dadi sendhenaning ati kang kuciwa
  9. Saiba endahe donya lamun manungsa bisa ngurmati sakehing beda
  10. Wenehana rasa percaya marang pawongan kang pawongan kang wani blaka
  11. Apa gunane ngugemi tresna yen sing diperjuangake kumawani tumindak cidra
  12. Ing kene anane mung sepi kang bisa mbeset ati
  13. Aku ya manungsa lumrah sing bisa ngrasakake lara lan gela
  14. Aku dudu stasiun kang dadi jujugan nalika atimu kelaran
  15. Muga wae sing daktemu manising madu ing atimu sing bisa dadi jamu tumrap paiting uripku kang wis tekan gulu.
  16. Isih tak enteni tekamu, isih dakgegem janjimu, muga wae sliramu isih kelingan marang janji sing nate kok ucapake nalika srengenge mangsa sore kelangan dayane.
  17. Apa wae bisa daktindakake sauger bisa gawe esemane ora ilang katerjang angin sore.

Kumpulan Caption Story Whatsapp 2023 Bahasa Jawa Bagian 5

  1. Salagine isih akeh wong kang bisa tumindak jujur, dakkira jagad iki ora bakal dadi ajur.
  2. Sapa wonge kang wani nuwuhake rasa tresna ing dhadha, kudu saguh nampa coba rasa sengit lan kuciwa.
  3. Padha manungsa nanging beda dalan critane.
  4. Mung pengin pikantuk welasing Gusti kagem nambane sakathahe tatu ing ati.
  5. Mugi Gusti tansah ngijabahi sedaya panyuwunan ugi kekarepan kawula.
  6. Sapa wonge sing wani nglarani ibu bumi bakal nemu coba kang bisa ngremuk ati
  7. Aja ditangisi murih baline entheng sanggane.
  8. Pacoban iki ora bakal nglunturake rasa percayaku mring janjine Gusti.
  9. Mung Gusti kang boten nate mblenjani janji.
  10. Siji mbaka siji janji saking Gusti tansah dados kasunyatan.
  11. Matur nuwun marang para mitra kang sampun paring panglipur nalika ati lagi nandang sungkawa
  12. Durung ana tresna sing bisa ngungkuli tresnane ibu mring putrane.
  13. Sasekti-sektine manungsa bakal ngutahake waspa nalika kelangan pawongan kang paling ditresnani.
  14. Aja nganti wani sambat kangelan yen durung nate nyoba miwiti.
  15. Manungsa akeh kurange nanging Gusti Allah ingkang badhe njangkepi.

Kumpulan Caption Story Whatsapp 2023 Bahasa Jawa Bagian 6

  1. Kabeh manungsa duwe mangsane dhewe-dhewe. Aja ngangsa banget-banget. Merga ana mangsane kabegjan iku teka dhewe.
  2. Urip iku pilihan, yen slirane ora duwe pilihan, sejatine iku kang dadi pilihanmu
  3. Yen gegayuhanmu durung digeguyu dening liyan, tegese gegayuhanmu isih cilik.
  4. Yen kabegjan kanggo awake dhewe wis ora maneh, tugase awake dhewe terus ngupayakake supaya kabegjan iku bisa ana maneh.
  5. Wektu mujudake samubarang kang ora bisa diambali lan dicepetake. Merga wektu duwe aturan dhewe.
  6. Yen aku ninggalake kowe ing mangsa susah, aja kok anggep aku iki mitramu.
  7. Bisa mujudake gegayuhan mujudake kanugrahan kang ora kinira gedhene, nanging bisa urip tekan saiki mujudake samubarang kang ora nate dakbayangake.

Demikianlah contoh kalimat yang pada kumpulan caption story whatsapp bisa kamu gunakan sebagai story whatsapp. Semoga artikel ini membantu memberikan gambaran dalam membuat story whatsapp yang mengesankan.


Klik dan dapatkan info kost di dekat mu:

Kost Jogja Murah

Kost Jakarta Murah

Kost Bandung Murah

Kost Denpasar Bali Murah

Kost Surabaya Murah

Kost Semarang Murah

Kost Malang Murah

Kost Solo Murah

Kost Bekasi Murah

Kost Medan Murah