50 Pantun Lebaran Bahasa Jawa Singkat 2024 yang Lucu Bikin Ngakak

50 Pantun Lebaran Bahasa Jawa Singkat 2024 yang Lucu Bikin Ngakak – Banyak cara yang bisa dilakukan untuk membuat lebaran semakin meriah. Salah satunya adalah dengan saling mengirimkan pantun lebaran lucu dengan menggunakan bahasa Jawa yang singkat dan bikin ngakak.

Pantun di dalam bahasa Jawa disebut pula dengan parikan. Fungsi dan penulisan parikan sendiri mirip dengan penulisan pantun di dalam bahasa Indonesia.

Dalam sebuah parikan atau pantun berbahasa Jawa terdapat bagian yang berupa sampiran dan isi. Yuk, cari tahu contoh pantun lebaran bahasa Jawa singkat pada artikel di bawah ini!

50 Pantun Lebaran Bahasa Jawa Singkat 2024 yang Lucu Bikin Ngakak

freepik.com/pikisuperstar

Di bawah ini adalah contoh pantun lebaran bahasa Jawa singkat 2024.

Pantun Lebaran Bahasa Jawa Singkat 1 – 10

Contoh 1

Ana tikus nguntal klapa

Mati siji ketabrak kreta

Yen ana lepating ukara

Saestu kula nyuwun sepura

Contoh 2

Ana pitik dipangan ula

Ulane mati dipangan baya

Sugeng ari raya

Nyuwun agunge pangaksama

Contoh 3

Pak carik katoke keri

Bu carik sing weruh nesu-nesu

Sugeng riyaya fitri

Aja lali kula diparingi sangu

Contoh 4

Pak bayan dolanan kembang turi

Nganti wengi isih ana ing tegal amba

Mumpung wayah idul fitri

Aja lali kabeh luput enggal disepura

Contoh 5

Kembang tebu sing wis kabur kanginan

Wis tuwa durung wani rabi

Mumpung wayahe lebaran

Kanca-kanca aja lali didolani

Contoh 6

Pupus gedhang ketiban klapa

Diencoki kumbang akehe sanga

Saiki wis wancine riyaya

Bakale dosa yen wani pasa

Contoh 7

Tuku klambi ing pasar Johar

Mulihe nyangking srabi

Kudune kowe enggal sadar

Yen iki riyaya idul fitri

Contoh 8

Mangan klapa campur mentega

Ana tawon ngisep madu

Sekabehane luput padha disepura

Muga-muga lebarane rinesep ing kalbu

Contoh 9

Ana kalamangga nguntal ula naga

Pitik sing nyawang wedi ora ketulungan

Dina iki wis ora kena nindakake pasa

Aja lali jajane enggal dipangan

Contoh 10

Dolan-dolan menyang kutha karanganyar

Mulih-mulih mampir ing taman sriwedari

Aku isih bakale sadhar

Menawa dina iki riyaya fitri

Pantun Lebaran Bahasa Jawa Singkat 11 – 20

Contoh 11

Kembang wora-wari ditandur ing sadawane dalan

Sing nandur Bu Poniman lan sakanak turune

Mumpung teka wayahe dina lebaran

Prayogane sekabehane luput sabisane dilunturake

Contoh 12

Dalan-dalan akeh sing bolong kudu ngati-ati

Yen ora ngati-ati bisa njlungup ngambung aspalan

Ing dina riyaya iki kula sakulawarga pengin reresik ati

Mula kula nyuwun sepura dhumateng para kanca sekaliyan

Contoh 13

Motor jepang mesine dipangan ula

Ngutangi kanca saiki wedi nagihe

Mumpung saiki wayahe riyaya

Aja lali enggal disaur utange

Contoh 14

Klambi bathik dienggo lunga ngaji

Sarunge gambar lar garudha

Aja turu wae ing riyaya fitri

Saiki wayahe asok sepura mring tangga

Contoh 15

Yen duwe kucing ana disadhuki

Mesakake lan banget malati

Saiki wis wayahe riyaya fitri

Piye yen mari iki awake dhewe rabi?

Contoh 16

Kembang mlathi aja dikasari

Mengko bisa rontok lan mati

Kabeh seneng mapag tekane dina fitri

Si yoga malah nangis merga ditinggal rabi

Contoh 17

Kripik bayem didol ing swalayan

Bakule ayu ora ketulungan

Saiki ayo padha salam-salaman

Mumpung wayahe ngrayakake lebaran

Contoh 18

Mangan bayem dikancani bakmi

Aja lali sambel lan mangan gorengan

Ing dina kang fitri iki

Aku teka kanggo ngentekake jajan

Contoh 19

Merga mangan nangka tanganku gupak pulut

Saiki arep mangan gorengan dadi bingung dhewe

Aku njaluk ngapura tumrap sekabehane luput

Muga-muga slirane gelem ngapura kancamu sing bagus dhewe

Contoh 20

Kembang tebu kabur kanginan

Ilang katerjang angin sore

Senajan tekaku mung wayah lebaran

Tulung apuranen kancamu sing ganteng dhewe

Contoh Pantun Lebaran Bahasa Jawa 21 – 30

Contoh 21

Ana bajing tiba saka wit klapa

Tibane merga sikile kena eri

Kula nyuwun agunge pangaksama

Ing dinten inkang fitri

Contoh 22

Suminten wis ora edan saiki

Dheweke saiki wis dadi wong kantoran

Ing dina riyaya kang fitri

Aku kepengin ngucapake selamat lebaran

Contoh 23

Ngombe kopi dikancani gorengan

Luwih enak maneh yen ngapit surya

Mumpung dinane lagi lebaran

Becike enggal padha njaluk sepura

Contoh 24

Tuku klambi tekan Jakarta

Klambine aja lali digawe dolan lebaran

Senajan wis dadi wong sugih ing kutha

Aja lali lebaran tilik kampung halaman

Contoh 25

Tekan Jakarta mung pengin tuku roti

Tukune ing cedhake tugu monas

Ing dina riyaya kang fitri iki

Aku pengin lebaran dikancani sampeyan, Mas

Contoh 26

Menyang malang pengin tuku batik

Tukune sing rupane ungu

Yen sesuk sida lebaran, dhik

Apa entuk aku dolan menyang omahmu?

Contoh 27

Langit sore rupane wungu

Kembang kambil dipangan baya

Sekabehane luputku lan luputmu

Muga-muga kabeh pikantuk pangapura

Contoh 28

Dolan menyang Jombang numpak cikar

Sapine kesel merga durung sarapan

Lebaran aja mung ngutamakake klambi anyar

Luwih baku njaga rakete seduluran

Contoh 29

Banyu kali rupane soklat

Ana wong sing kelangan kumbahan

Aja lali sesuk mbayar zakat

Sadurunge teka wayahe lebaran

Contoh 30

Mbah Tumini dodolan sega pecel ing pasar karangan

Dodolane murah ora ketulungan

Senajan taun iki lebarane isih dhewekan

Muga-muga lebaran taun ngarep wis duwe pasangan

Contoh Pantun Lebaran Bahasa Jawa 31 – 40

Contoh 31

Tuku gorengan menyang Kenjeran

Dipangane ing pinggir segara

Ing dina lebaran

Aja lali jaluk sepura marang wong tuwa

Contoh 32

Klambi bathik lengenane dawa

Bathikane wong duwe gorengan

Sasi pasa wis tekan paripurna

Tegese sesuk wis wancine lebaran

Contoh 33

Es kolak dipangan baya

Bayane ngelak sawise pasa sedina

Senajan wis dadi wong tuwa

Aja isin njaluk sepura

Contoh 34

Wit jambu ketiban klapa

Jambune entek dipangan baya

Sapa wae sing nindakake pasa

Sesuk bakale duwe dina riyaya

Contoh 35

Sega goreng dipangan wayah wengi

Mangane lawuh iwak lima

Ing dina suci riyaya fitri

Aku teka kanggo njaluk pangapura

Contoh 36

Mangan burger didum wong lima

Supaya wareg aja lali ditambahi sega

Wong muslim sadonya padha bagya

Mapag tekane dina riyaya

Contoh 37

Roti coklat regane sewidak ewu

Rasane enak ora ketulungan

Sepira-pira gedhene luputku

Daksuwun sing gedhe pangapuramu

Contoh 38

Kembang kemuning ditandur ing latar

Gandane wangi ing wayah wengi

Sapa wae aja kelangan nalar

 Nganti lali werdhine dina riyaya fitri

Contoh 39

Kembang mawar ditandur ing plataran

Aja lali diunoni supaya ora mati

Senajan dosaku gedhene sagunung anakan

Aku tansah nyuwun pangaksama ing dina kang fitri

Contoh 40

Kembang mlathi didol eceran

Sing tuku putune Mbah Tukini

Ing dina kang kebak jajan

Aku tulung disepura ya, Dhi

Contoh Pantun Lebaran Bahasa Jawa 41 – 50

Contoh 41

Numpak bentor menyang Surabaya

Mbayare mung seket ewu

Sowanku menyang omahmu ing dina riyaya

Mung kanggo njaluk pangapuramu

Contoh 42

Wingi sore bapak mundhut klambi koko

Sesuk esuk bakal digawe sembahyang ing lapangan

Wis gedhe aja dadi wong bodho

Lebaran aja mung golek jajan

Contoh 41

Mbokdhe Sumini kulakan kopi

Kopine pait nggarai ora bisa turu

Ing dina suci riyaya idul fitri

Aku teka njaluk sepura saka sekabehane luputku

Contoh 42

Pitik walik turut kebon jenenge nanas

Didol ing pasar larang regane

Dadi wong aja gampang panas

Mundhak ilang pahalane

Contoh 43

Mangan roti dikancani bocah ayu

Yen ngguyu untune ilang telu

Sepira gedhene luputku

Sing daksuwun mung pangapuramu

Contoh 44

Awan-awan paling enak ngombe es degan

Luwih enak dikancani mangan gorengan lima

Senajan durung teka wayahe lebaran

Aku teka mrene kanggo njaluk pangapura

Contoh 45

Banyu kopi ireng rupane

Senajan ngono enak banget rasane

Lebaran aja mung melu-melu kancane

Supaya ora kelangan pahalane

Contoh 46

Akeh jajan ing dhuwur meja

Sing duwe omah lali ora manggakake

Kanggo kanca-kanca sing pengin njaluk sepura

Kaluputanmu wis daksepura wiwit wingi sore

Contoh 47

Tuku klambi biru dienggo riyaya

Tukune ing pasar kranggan

Sapa wae sing pengin njaluk sepura

Enggala mrene kanggo nindakake lebaran

Contoh 48

Sasine lebaran nanging durung pikantuk tunjangan

Pak Rudi nangis ing saurute dalan

Pancen bener mudik ing mangsa lebaran

Merga bisa njaga rakete tali paseduluran

Contoh 49

Kembang kopi dicampuri mangsi

Rupane dadi ireng kaya iwak teri

Ing dina kang fitri

Kabeh ati kudu diresiki

Contoh 50

Kembang kenanga dideleh dhuwur meja

Digawe suguh kanggo para leluhur

Tumrap sapa wae sing nindadake riyaya

Ayo sekabehane luput padha dilebur

Demikian contoh pantun lebaran bahasa Jawa singkat 2024 yang bisa diberikan. Semoga artikel ini dapat bermanfaat bagi yang membutuhkan

FAQ

Apa yang dimaksud pantun bahasa Jawa?

Pantun di dalam bahasa Jawa disebut dengan parikan. Penulisan parikan sama seperti pantun dalam bahasa Indonesia yakni berisi bagian yang berupa sampiran dan bagian yang berupa isi.

Apa ucapan selamat idul fitri bahasa Jawa?

Sugeng dinten suci riyaya idul fitri. Mugi-mugi ing dinten ingkang fitri punika kita sedaya tansah diparingi suci lair tuwin batin.

Apa yang diucapkan saat meminta maaf lebaran idul fitri bahasa Jawa?

Kula nyuwun agunging pangaksama saking sedaya dosa sarta kalepatan kula.

Apakah pantun dan parikan sama?

Pantun dan parikan adalah dua karya yang sama. Pembeda pantun dengan parikan adalah bahasa yang digunakan. Pantun memakai bahasa Indonesia. Sedangkan, parikan memakai bahasa Jawa.

Apa bahasa Jawa minta maaf?

Bahasa Jawa minta maaf adalah nyuwun pangaksama atau nyuwun pangapura.


Klik dan dapatkan info kost di dekatmu:

Kost Jogja Murah

Kost Jakarta Murah

Kost Bandung Murah

Kost Denpasar Bali Murah

Kost Surabaya Murah

Kost Semarang Murah

Kost Malang Murah

Kost Solo Murah

Kost Bekasi Murah

Kost Medan Murah