3 Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tema Pendidikan dan Sekolah Pendek
3 Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tema Pendidikan dan Sekolah Pendek – Di dalam khazanah kesusastraan Jawa modern.
Cerkak merupakan salah satu jenis genre karya sastra yang masih banyak diminati. Salah satu buktinya adalah masih ada sejumlah media massa yang memberikan ruang khusus untuk cerkak setiap minggunya.
Tentang Cerkak Bertema Pendidikan dan Sekolah
Daftar Isi
Daftar Isi
Kehadiran cerkak dengan berbagai tema ini selalu dinanti penggemarnya. Tak hanya itu masih adanya kelas-kelas penulisan cerkak, baik yang dilakukan secara daring maupun luring merupakan bukti bahwa cerkak masih banyak diminati.
Cerkak bahasa Jawa dapat dibangun dengan menggunakan berbagai tema. Tema yang sering digunakan untuk membuat cerkak bahasa Jawa adalah tema tentang pendidikan dan sekolah.
Apabila kamu ingin membuat cerkak dengan tema ini. Kamu dapat menyimak contoh cerkak di bawah ini
Kumpulan Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tema Pendidikan dan Sekolah
Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tema Pendidikan dan Sekolah 1
1. Danang Kendhang
Merga ora bisa dielingake supaya ora kothekan lan gawe rame ing njero kelas. Wusanane Danang digawa menyang ruwang guru.
Ing njero ruwang guru, Danang dituturi lan diajab supaya bisa nglereni tumindake sing dianggep ngganggu murid liyane.
Nanging, senajan wis dituturi bola-bali. Danang tetep kothekan lan gawe rame dhewe. Dheweke ora nganggep babar blas pituture gurune.
Buktine ing kalane dituturi gurune. Tangane Danang ora leren saka anggene nuthuki meja. Kahanan sing kaya ngene iki ndadekake akeh gurune sing ngrasa mangkel.
Untunge ing wektu iku ana Pak Sugeng, guru karawitan kang ngerti ‘keistimewaan’ sing diduweni Danang lan ora diduweni kanca-kancane.
Miturut Pak Sugeng, Danang kuwi klebu bocah sing hiperaktif. Mulane Pak Sugeng enggal menehi kodhe menyang guru kang lagi nyidhang Danang lan ngajak Danang menyang ruwang karawitan.
Ing sekolahan iki Danang pancen isih klebu murid anyar. Anggene sekolah ing kene isih durung jangkep seminggu. Mulane bareng ngerti yen sekolahane duwe ruwang gamelan.
Danang sing lagi weruh ana sawijining ruwangan sing isine piranti musik sing sasuwene iki mung diweruhi ing tivi iku dadi nggumun.
Saka sawetara alat musik tradhisional ing ruwangan kuwi. Sing paling narik kawigatene Danang yaiku kendhang.
“Pak, kula pareng nyobi nika?” pitakone Danang menyang Pak Sugeng sinambi nuding kendhang.
Pak Sugeng manthuk kanthi alon.
Danang banjur jumangkah alon tumuju kendhang kang dikarepake. Sawise kuwi Danang langsung lingguh lan wiwit ngendhang. Senajan anggene ngendhang isih awur-awuran.
Nanging apa sing ditindakake Danang wis gawe kesengseme Pak Sugeng. Kahanan iku dumadi saka carane Danang ngendhang. Pak Sugeng percaya ing tembe mburi Danang bakal dadi salah siji pengendhang kang andhalan.
Sawetara menit candhake Pak Sugeng ngendheg anggene Danang ngendhang. “Le, saiki leren dhisik, ya! Mergane wis wayahe kowe mbalik menyang njero kelas.”
“Yah, kok sampun ta Pak? Kula pengin teng mriki terus. Yen ing kelas niku kula bosen. Soale boten pareng tetabuhan kados ing mriki.”
Pak Sugeng mung mesem.
“Kowe oleh tetabuhan ing kene sasenengmu lan sakeselmu.”
“Saestu, Pak?”
“Tenan. Nanging ana syarate?”
“Syarate napa, Pak?”
“Syarate gampang. Kowe mung cukup ora kena gawe rame lan kothekan ing kelas. Jalaran kelas kuwi papan kanggo sinau lan dudu papan kanggo rame apa maneh kanggo kothekan. Yen pengin kothekan kuwi papane sing bener, ya ing kene iki. Yen sanggup. Kowe ora mung oleh ngendhang sasenengmu. Nanging aku gelem mulang carane ngendhang sing bener. Piye sanggup?”
Danang katon mikir rada jeru. Sakawit dheweke kabotan kanggo nyaguhi. Jalaran ing njero kelas tanpa rame lan ora kothekan kuwi kanggone Danang mboseni tenan.
Nanging ngelingi bakal ana kalodhangan sinau kendhang saka Pak Sugeng lamun dheweke bisa nyaguhi panyuwune. Bareng dipikir kanthi mateng. Wusanane Danang gelem nyaguhi panyuwune Pak Sugeng.
Wiwit dina kuwi ana owah-owahan kang ditindakake Danang. Owah-owahan sing kaya ngene iki cetha gawe bungahe guru-gurune.
Senajan ing kelas tangane Danang kerep krasa gatel jalaran ngempet ora kothekan kaya padatan. Nanging Danang tetep nyoba ngempet rasa gatel kuwi. Awale pancen ora gampang. Nanging suwe-suwe Danang dadi kulina.
Kanggo ngobati rasa gatel ing tangane kuwi. Danang kerep ngentekake wektune ing ruwang karawitan.
Mesthi wae iki ditindakake ing wanci ngaso utawa bubaran sekolah sinambi ngenteni disusul wong tuwane.
Nalika ngentekake wektune ing ruwang gamelan. Danang kerep dibimbing Pak Sugeng carane nabuh gamelan lan carane mainake kendhang sing bener. Gandhenge anggene sinau kanthi temenan. Suwening suwe Danang dadi ngerti carane mainake gamelan kanthi bener.
Sawijining dina sekolahane Danang pikantuk undangan melu lomba gamelan. Kabeh pengrawit wis komplit mung kurang tukang kendhang.
Wiwitane pihak sekolahan sempet bingung golek tukang kendhang. Sejatine Pak Sugeng wis nunjuk Danang minangka tukang kendhange. Nanging pihak sekolah isih durung patia percaya.
Mula kanggo gawe pihak sekolahan percaya. Pak Sugeng ngusulake supaya dianakake audhisi pengendhang.
Untunge usulane Pak Sugeng iki ditampa pihak sekolahan. Sabanjure sekolah banjur nganakake audhisi pengendhang. Eloke, ing audhisi kuwi Danang bisa kapilih dadi pemenange.
Sawise kapilih Danang lan para pengrawit liyane banjur digladhi lan dilatih saben dina. Ngarepake lomba jam latihan ditambah.
Gandhenge wis dipercaya pihak sekolah. Danang lan kanca-kancane sing kapilih dadi pengrawit ora gelem gawe isine sekolahan. Mulane anggene sinau digawe temenan.
Malah kanggo luwih nglanyahake anggene nabuh gamelan. Danang lan kanca-kancane isih latihan maneh ing daleme Pak Sugeng.
Latihan ing daleme Pak Sugeng iki ditindakake ing sanjabane jam sekolahan. Weruh semangat, tekad lan gedhene pepinginan kanggo gawe tampilan kang paling apik kalane lomba saka murid-muride iki banget gawe bungahe Pak Sugeng.
Dina sing dienteni wusanane teka. Sadurunge lomba diwiwiti Pak Sugeng kang wektu iku ditugasake ndampingi bocah-bocah sing lomba pesen.
“Cah, sing jenenge lomba iku mesthi ana sing menang lan ana sing kalah. Yen mengko kowe kalah aja ngresula lan suwalike yen kowe mengko bisa dadi pemenang aja pisan-pisan rumangsa gumedhe. Tetepa andhap asor lan aja kendho anggenmu latihan.”
“Nggih, Pak,” jawabe bocah-bocah bebarengan.
Lomba banjur diwiwiti. Ing lomba kuwi Danang sakanca kasil gawe tampilan sing apik lan kompak banget. Kira-kira sajam candhake sapa sing dadi pemenang ing lomba kuwi diumumake panitia.
Saiba bungahe atine Danang lan kanca-kancane nalika pihak panitia ngumumake yen tim-e kasil dadi juara siji. Ora mung iku wae sing gawe bungah atine Danang lan kancane. Rasa bungah kang dirasakake Danang lan kancane tansaya tikel pindho.
Nalika Danang kasil dipilih pihak panitia minangka pengendhang cilik sing paling apik. Ya, gara-gara iki kang ndadekake Danang pikantuk celukan Danang Kendhang saka kanca-kancane.
Celukan anyar iki orane ndadekake Danang mangkel. Suwalike celukan iki malah gawe seneng atine Danang.
Jalaran saka celukan iki Danang rumangsa duwe tanggungjawab supaya tetep sinau ing babagan kendhang. Pamrihe supaya bisa nyundhukake karo celukane anyare.
Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tema Pendidikan dan Sekolah 2
2. Gegayuhane Rendra
Kesebelasan Naga Emas sing dibela Rendra lagi nandang sungkawa gedhe, merga Aryo, bek tengen andhalane mentas ngalami kecelakaan kang ndadekake sikil tengene catu abot. Dening dokter, Aryo disaranake supaya ora bal-balan suwene telung wulan.
Larane Aryo iki ora mung ndadekake sedhihe atine Aryo lan kaluwargane. Nanging kanca-kanca nunggal tim lan pelatihe melu sedhih lan bingung.
Kanca nunggal tim lan pelatihe ngrasa sedhih lan bingung merga ora suwe maneh time Aryo bakal melu kompetisi tingkat propinsi.
Ngerti salah siji pemain andhalane ora bisa dimainake ing kompetisi sing bakal dieloni. Pak Min, pelatihe Aryo banjur nindakake seleksi para pemaine sing dirasa bisa ngganteni posisine Aryo.
Saka seleksi kuwi Rendra sing wekasane dipilih Pak Min. Rendra sing sadurunge ngisi posisi gelandang bertahan.
Saiki dheweke dipilih lan dipercaya pelatihe kanggo ngisi posisi bek tengen, posisi sing ditinggal Aryo.
Gandhenge sing milih pelatihe dhewe lan anggene kepilih iku merga seleksi sing kapetung angel. Cetha ana rasa mongkog ing atine Rendra.
Emane rasa mongkog iki ora suwe dirasakake Rendra. Anane penganggep saka kanca-kancane kang nganggep Rendra kurang trep ngisi posisine Aryo ndadekake Rendra cilik ati.
Apa maneh ana salah siji staf pelatih sing ngomong awake Rendra ngono keciliken, saengga ora pantes dadi bek tengen tansaya ndadekake atine Rendra entek.
Sore kuwi bubar latihan, Rendra mampir menyang omahe Dimas, kakange sing kuliyah ing jurusan Olah Raga. Rendra pengin takon lan pengin ngerti kaya ngapa bek sing apik kuwi.
Rendra milih takon Dimas ora mung merga kakange kuwi kuliyah ing jurusan olah raga. Nanging merga Dimas mujudake pemain bal sing ngisi posisi bek.
“Mas, aku oleh takon?” takone rendra sinambi lungguhan ing cedhake Dimas.
Dimas manthuk.
“Takon apa, Ndra?”
“Anu, Mas. Aku arep takon, nanging sampeyan jawab sing jujur, ya?”
“Sajake kok wigati temenan? Kowe arep takon apa?”
“Ngene, Mas. Aku arep takon ngenani tengere bek sing apik kuwi piye. Pemain bek kuwi apa kudu duwe awak sing gedhe, Mas?”
“Bener, Ndra. Bek kuwi pancen luwih apik yen duwe awak gedhe. Nanging ora mung kuwi wae sing diduweni. Saliyane gedhe awake, sing jenenge bek kuwi kudu lincah, tliti, bisa maca serangan, lan luwih apik maneh banter playune.”
Wangsulan saka kakange iki ndadekake Rendra ambegan landhung. Jalaran saka sing dikandhake kakange kuwi. Mung playu banter sing diduweni Rendra.
Weruh ponakane ambegan landhung. Dimas ngrasa bingung.
“Kok kowe ambegan landhung, Ndra. Kowe lagi ana masalah?”
“Dadi aku iki ora pantes dadi bek ya Mas? Mergane awakku cilik?”
Dimas kaget lan bingung kudu mangsuli piye pitakone ponakane. Kanggo sawetara Dimas meneng kanggo mikir wangsulan sing trep kanggo mangsuli pitakone Rendra.
Ing kalane dheweke meneng kanggo mikir kuwi. Dimas kelingan karo bek kiwa lan bek tengen andhalane Klub Liverpool sing ing musim tetandhingan taun iki kerep sinebut bek paling apik sadonya.
Senajan awake cilik lan kerep dianggep kurang pantes ngisi posisi bek. Nanging bek tengen lan bek kiwane klub Liverpool iki kasil mencut kawigatene wong akeh lan kerep dianggep tuladha bek modern paling apik.
Sinebut bek modern, jalaran bek kiwa lan bek tengen duweke klub Liverpool iki ora mung pinter njaga pertahanan, nanging pinter nindakake serangan. Malah wis akeh umpan saka bek-bek iki sing bisa ngasilake gol.
“Ndra, kowe kan pemain bal. Kowe pernah nonton tandhinge klub Liverpool?”
Rendra godheg.
“Hla, kok bisa?”
“Soale, aku seneng nonton Liga Italia, Mas. Yen liga Inggris kurang seneng. Dadine aku kurang ngerti babagan klub-klub Liga Inggris.”
“Oalah, yen ngono coba tontonen iki!”
Sore kuwi Rendra diajak Dimas nonton siaran ulang tetandhingan leg II semi-final UCL antarane Liverpool mungsuh Barcelona.
Ing kalane nonton siaran ulang kuwi Rendra kepincut karo aksine Trent Arnold, bek andalane Liverpool sing duwe awak cilik.
Yen ditonton saklebatan pemain bal sing umure durung jangkep 20 taun kuwi babar pisan ora pantes dadi bek.
Wiwitane akeh sing ngrasa Trent Arnold sing duwe awake cilik lan kuru banget kanggo ukuran bek kurang pantes ngisi posisi bek. Nanging, sapa ngira yen aksi-aksine, dheweke kerep gawe pemain mungsuh kangelan mlebu garis pertahanane Liverpool.
Eloke, maneh dheweke kerep menehi umpan mateng sing banjur bisa didadekake gol dening pemain penyerang. Tuladhane kaya kang dheweke tindakake sajroning tetandhingan leg II semi-final UCL taun kepungkur.
Trent Arnold bisa ngirim umpan mateng saka sepak pojok sing banjur digolake Origi lan gol iki mujudake gol pungkasan ing tetandhingan kuwi. Lan gol iki mujudake gol kemenangan sing wusanane dadi tiket kanggo Liverpool budhal menyang tetandhingan final.
“Wah, pemain iki hebat banget ya Mas? senajan awake cilik, nanging dhweke ora minder. Malah dheweke bisa ngowahi kekurangane kuwi dadi kaluwihane.”
Dimas manthuk tandha sarujuk menyang panemune Rendra.
“Kanggo pemain sing dipilih utawa kapilih dadi bek, duwe awak gedhe kuwi pancen wigati. Nanging kuwi dudu syarat utamane. Sing dadi syarat utamane bek kuwi kudu bisa njaga garis pertahanan. Lan sing ora kena dilalekake kudu bisa kerja bareng tim. Duwe awak gedhe nanging ora bisa njaga garis pertahanan lan senenge mung karepe dhewe ya percuma.”
“Matur nuwun, ilmune ya, Mas?”
“Iya, Ndra. Tur maneh kowe kuwi dipilih pelatihmu lak ya saka seleksi. Dadine pelatihmu duwe petungan dhewe kanggo kabisanmu. Ngenani wong-wong sing ngiloke utawa kasarane nyinyiri kowe. Becike ora dilebokake ati. Luwih becik, tetembungan sing kurang penak kuwi dadekna penyemangatmu. Kanthi mangkono kowe bakale luwih semangat lan duwe greget kanggo mbuketake pilihane pelatihmu ora kliru.”
Sing dikandhakake Dimas iki ndadekake rasa cilik ati sing sempet dirasakake Rendra sithik mbaka sithik ilang.
Apa maneh ing kalodhangan sore kuwi Dimas janji bakal menehi latihan tambahan lan trik-trik khusus sing kudu diduweni pemain sing ngisi posisi bek. Janjine Dimas iki kasil gawe atine Rendra seneng.
Saliyane kuwi merga semangat lan ngilmu sing bakal diwenehake kakange ponakan. Redra pengin nuduhake menyang wong-wong sing ngremehake yen dheweke bisa dadi bek sing apik lan sing ora kalah pentinge.
Rendra pengin bisa kaya Trent Arnold kang ora mung kuwat anggene njaga garis pertahanan, nanging bisa mbantu serangan lan ngirim umpan-umpan apik kanggo para pemain penyerang.
Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tema Pendidikan dan Sekolah 3
3. Fajar Ajar Nggawe Kupat
Merga ora bisa dolan-dolan menyang tangga lan sedulure kaya lebaran sing wingi. Ing riyaya ing saben dina sing ditindakake Fajar mung dolanan hp lan mangan jajan kang sumadya ing ruwang tamu.
Pinuju sawijining esuk, nalika ngancik riyaya dina kapitu Fajar didangu bapake, “Le, mengko sore melu bapak ya?”
Fajar sing lagi dolanan hp banjur ndelehake hpne lan mangsuli pitakone bapake, “Badhe dhateng pundi, Pak?”
Sinambi mangsuli pitakone bapake. Ing jero batine Fajar tansah ngarep-arep bakal diajak dolan karo bapake.
Pambatin sing kaya ngene tuwuh merga Fajar wis ngrasa bosen ing ngomah terus lan ora bisa dolan menyang ngendi-ngendi gara-gara anane virus corona kang isih durung rampung tekan saiki.
“Melu bapak menyang tegalan.”
Wangsulan saka bapake iki ndadekake rasa marem kang sempet dirasakake Fajar ilang sanalika.
“Hlah, teng tegalan badhe pados napa, Pak?”
“Golek janur kanggo nggawe kupat, Le.”
“Hlo, kan mboten pareng dibeta dhateng masjid, Pak. Lajeng kupate didamel napa?”
“Ya, dimaem dhewe karo diterake menyang mae tangga cedhak omah, Le. Masiya kupate ora digawa menyang masjid kaya lebaran taun kepungkur. Nanging kahanan kaya ngene aja nggawe awake dhewe ninggal tradhisi nggawe kupat.”
Sawise kuwi Fajar mikir. Saka anggene mikir kuwi wusanane Fajar gelem melu bapake menyang tegalan saperlu nggolek janur kanggo nggawe kupat.
Sorene Fajar lan bapake watara jam setengah telu sore budhal menyang tegalan. Tekan tegalan bapake langsung menek klapa saperlu ngerah janur kang dibutuhake.
Ana patang papah janur sing dierah bapake Fajar. Janur-janur sing dierah bapake Fajar kuwi banjur dikumpulake Fajar.
Bareng dirasa cukup. Janur kuwi banjur digawa mulih karo Fajar lan bapake. Sadurunge tekan ngomah telung papah janur karo bapake Fajar didumake menyang tangga-tanggane.
Weruh apa kang ditindakake bapake kuwi. Ana rasa kurang seneng ing atine Fajar.
“Ngapa sih dadak diwenehke?” batine Fajar.
Masiya rumangsa ora seneng, nanging surasa sing kaya ngono mung dibatin karo Fajar. Sawise tekan ngomah, Fajar banjur kepingin bali dolanan hp maneh.
Nanging pepinginan sing kaya ngene wurung ditindakake jalaran dheweke diutus bapake melu nggawe klonthongan kupat.
“Le, yen ora repot bapak lan ibu rewangan nggawe klonthongan kupat, ya?”
“Nggih, Pak.”
Kupat kanggone Fajar pancen dudu barang anyar. Saben riyaya kaluwargane mesthi nggawe lan pikantuk pawenehan kupat saka tangga-tanggane.
Sing paling disenengi Fajar yaiku kupat kang dilawuhi nganggo lodho ayam kampung, Nanging yen nggawe klonthongan kupat, iki isih barang anyar kanggone Fajar.
Gandhenge durung ngerti kepriye carane. Fajar mung nonton bapak lan ibune kang astane katon trampil nyulap janur dadi klonthongan kupat kanthi maneka bentuk.
Kegawa pengine bisa nggawe klonthongan kupat kaya bapak lan ibune. Fajar banjur njupuk janur kang wis dipisahake saka sadane.
Emane, masiya wis bola-bali nyoba nanging Fajar ora kasil anggene nggawe klonthongan kupat kaya sing digawe bapak lan ibune.
“Pak, Bu, kula nyerah mawon. Pranyata ndamel klonthongan kupat niku rekaos sanget. Tinimbang susah-susah ndamel klonthongan kupat kados mekaten. Kenging menapa kita boten tumbas klonthongan kupat ing pasar kados wingi-wingi? Kan langkung praktis?”
Bapak lan ibune mesem.
“Le, sampeyan lak ya ngerti dhewe. Saiki kuwi usume corona. Senajan isih ana pasar sing buka nanging bakul-bakule jarang ana sing dodolan. Tinimbang ngejibne tuku menyang pasar, ning mengko ora bisa tuku gara-gara ora ana bakul klonthongan kupat. Rak ya luwih becik nggawe dhewe wae,” wangsulane bapake.
“Oh, nggih, Pak. Kula kesupen.”
“Dadi bocah aja gampang nyerah ngono, Le. Sing jenenge nggawe klonthongan kupat kuwi ngilmu katon. Tegese kenek disinaoni. Ayo jajal saka awal maneh!”
Fajar sing ngrasa apa sing dingendikake bapake ana benere. Dheweke ngrasa isin yen nganti ora bisa nggawe kupat. Kegawa rasa isine iki nuwuhake krenteg anyar kanggone Fajar.
Sawise kuwi Fajar nyoba nyawang kepriye bapak lan ibune nggawe klonthongan kupat. Weruh anake nyawang bapak lan ibune sing maune anggene nggawe kanthi rikat. Saiki digawe rada alon. Masiya wis digawe alon, nanging Fajar tetep durung bisa nggawene.
“Carane ngene hlo, Le,” ngendikane bapake sinambi nuduhake carane nggawe klonthongan kupat.
Fajar banjur nindakake kaya sing dicontoni bapake. Alon nanging mesthi. Wusanane Fajar kasil ngrampungake siji. Ana rasa bungah kang dirasakake Fajar samungkure kasil ngrampungake klonthongan kupat.
Fajar kepengin nyoba maneh. Sinambi nyoba nggawe maneh kuwi. Fajar nyuwun pirsa menyang bapake ngenani sejarah kupat kuwi kaya ngapa.
“Pak sejarahe kupat niku pripun? Lan kenging menapa mesthi ndamel janur?”
Sawise rampung anggene nggawe klonthongan kupat. Bapake lagi mangsuli pitakone Fajar.
“Kupat kuwi diperkirakake wis dikenal wong Jawa wiwit jaman kasultanan Demak. Ing jaman kawitane kupat kuwi digunakake media dakwahe Sunan Kalijaga kanggo nyebarake agama islam ing tanah jawa. Lan alesane nganggo janur. Merga janur kuwi dadi identitas dhaerah pesisiran sing mujudake daerah sing wargane paling dhisik ngrasuk agama islam.”
Fajar manthuk-manthuk tandha ngerti apa sing dikarepake bapake.
“Lan kena ngapa isine kupat kuwi beras?”
Fajar godheg kanthi alon.
“Jalaran beras kang dadi isen-isening kupat kuwi dadi bukti yen bangsane dhewe iki mujudake bangsa agraris. Tegese bangsane dhewe kuwi ngandelake uripe saka tetanen.”
“Dados menawi mekaten kupat niku boten namung dhaharan mawon nggih, Pak. Nanging ugi ngandhut cathethan sejarah ingkang kedah dijaga?”
“Bener, Le. Mulane kuwi, masiya saiki wis akeh sing dodolan kupat. Awake dhewe kudu tetep bisa nggawe dhewe. Amarga sapa maneh sing gelem njaga warisan sejarah sing jenenge kupat yen dudu awake dhewe?”
Demikianlah contoh cerkak bahasa Jawa tema pendidikan dan sekolah yang dapat kamu jadikan referensi. Semoga artikel ini semakin membuatmu memahami bagaimana cara membuat cerkak bahasa Jawa yang menarik.
Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu: