Contoh Sambutan Ketua RT Acara 17 Agustus Bahasa Jawa Singkat dan Jelas
Contoh Sambutan Ketua RT Acara 17 Agustus Bahasa Jawa Singkat dan Jelas – Dalam peringatan 17 Agustus biasanya seorang ketua RT diminta untuk menyampaikan sambutan.
Jika kamu seorang ketua RT dan tinggal di daerah Jawa, besar kemungkinan kamu akan diminta untuk memberikan sambutan dengan menggunakan bahasa Jawa.
Nah, di artikel ini Mamikos akan memberikan sejumlah sambutan ketua RT dalam bahasa Jawa untuk beberapa kegiatan secara singkat dan jelas. Jadi, silakan disimak contoh-contohnya, ya! 😉👍
Daftar Isi
- Contoh Sambutan Ketua RT Acara 17 Agustus Bahasa Jawa Singkat dan Jelas
- Contoh 1 Sambutan Bahasa Jawa Ketua RT Singkat dan Jelas
- Contoh 2 Sambutan Bahasa Jawa Ketua RT Singkat dan Jelas
- Contoh 3 Sambutan Bahasa Jawa Ketua RT Singkat dan Jelas
- Contoh 4 Sambutan Bahasa Jawa Ketua RT Singkat dan Jelas
- Contoh 5 Sambutan Bahasa Jawa Ketua RT Singkat dan Jelas
- Penutup
Daftar Isi
- Contoh Sambutan Ketua RT Acara 17 Agustus Bahasa Jawa Singkat dan Jelas
- Contoh 1 Sambutan Bahasa Jawa Ketua RT Singkat dan Jelas
- Contoh 2 Sambutan Bahasa Jawa Ketua RT Singkat dan Jelas
- Contoh 3 Sambutan Bahasa Jawa Ketua RT Singkat dan Jelas
- Contoh 4 Sambutan Bahasa Jawa Ketua RT Singkat dan Jelas
- Contoh 5 Sambutan Bahasa Jawa Ketua RT Singkat dan Jelas
- Penutup
Contoh Sambutan Ketua RT Acara 17 Agustus Bahasa Jawa Singkat dan Jelas
Berbagai acara yang diselenggarakan untuk merayakan 17 Agustus selalu dimulai dengan berbagai sambutan.
Salah satu orang yang mendapat tugas untuk memberikan sambutan ini adalah ketua RT. Jika kamu tinggal di daerah Jawa, baik itu Jawa Timur, DIY, maupun Jawa Tengah seringkali kamu akan diminta untuk memberikan sambutan dalam bahasa Jawa.
Tujuannya bukan sekedar agar isi sambutan mudah dipahami oleh masyarakat, tetapi juga turut andil untuk melestarikan bahasa Jawa.
Nah, di artikel ini Mamikos akan memberikan beberapa contoh sambutan ketua RT dalam bahasa Jawa yang singkat dan jelas.
Contoh 1 Sambutan Bahasa Jawa Ketua RT Singkat dan Jelas
Assalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh
Sugeng dalu para sedherek ingkang kawula khurmati. Sepisan sumangga kita sesarengan ngucap raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Wikan, amargi namung saking rohmatipun kita saged nglempak ing papan punika.
Kaping kalihipun shalawat ugi salam boten kesupen tansaha katur dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad ingkang sapangatipun tansah kita rantos ing dinten kiyamat samangke.
Para sedherek ingkang kawula khurmatu, dalu punika kita nglempak ing bale RT ngriki kagem ngeling-eling salah satunggiling dinten bersejarah tumrap nagari kita Indonesia ingkang ngrayakaken dinten kamardhikanipun ingkang kaping 80 kanthi nindakaken malem tirakatan.
Prelu kita kawuningani bilih kamardhikan ingkang kita raosaken saniki menika. Sanes bebingah saking bangsa sanes.
Nanging, mujudaken asil saking perjuwanganipun para pejuwang kita ingkang sampung toh nyawa ngrebut saking bangsa penjajah.
Kathah sanget para pahlawan ingkang sampun pralaya ing paprangan lan mboten sempet nyecep manising kamardhikan.
Mula saking niku, salebeting adicara malem tirakatan dalu punika, kita boten badhe nirakati supados kamardhikan ingkang kita raosaken saged lestari ngantos puputing wekdal.
Nanging, ugi kagem kirim donga kagem para pahlawan ingkang sampun kersa merjuwangaken kamardhikanipun Indonesia, ingkang wekdal punika sampun sowan ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Wikan.
Mugia kanthi donga ingkang kita maos sageda ndadosaken arwahipun para pahlawan ditampi sedaya amal kesaenanipun sarta pikantuk pangapura sedaya kalepatanipun.
Kagem bapak (Sebutkan Nama) sumangga kula aturi kagem mimpin donga kagem miwiti adicara malem tirakatan dalu punika.
Cekap semanten saking kula, menawi wonten lepating ukara sarta tembung ingkang sampun kinucap, kula nyuwun agunging pangaksama.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Contoh 2 Sambutan Bahasa Jawa Ketua RT Singkat dan Jelas
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,
Para pinsepuh ingkang tansah satuhu kinabekten, ugi para warga RT 03 dhukuh [nama wilayah] Bapak Kades [nama wilayah] dalah ibu …. ingkang kula khurmati.
Dhukuh [nama wilayah] dalah ibu …. ingkang kula khurmati.
Para bapak sarta ibu warga [nama wilayah] ingkang minulya, saha sedherek kadang kaneman ingkang kula tresnani.
Sumangga kita sesarengan tansah muji syukur dhumateng ngarsaning Gusti Allah SWT. ingkang Maha Welas lan Maha Asih.
Ingkang sampun paring mapinten-pinten rahmat lan hidayahipun, saengga kita sedaya saged nglempak ing papan punika kanthi kajat nindakaken malam tirakatan 17 Agustus ing [nama wilayah] kanthi sehat boten kirang setunggal punapa.
Shalawat saha salam mugya tansah katujokaken dhumateng junjungan kita sedaya, Nabi Muhammad SAW ingkang sapangatipun tansah kita tengga dhateng dinten kiyamat mangke.
Para bapak saha ibu ingkang kawula khurmati, keparenga kula minangka ketua RT [nama wilayah], ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa paring pambiyantu dhumateng panitia.
Saengga rantamaning adicara pengetan dinten kamardhikan RI ingkang kaping 80 taun 8025 punika saged kaleksanan kanthi lancar wiwit saking purwakaning adicara kegiatan dumugi pungkasan.
Para rawuh ingkang kula khurmati, ing ngriki kula ugi badhe nyuwun agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa nderek maneka lomba ingkang sampun dirantam dening panitia.
Saengga saged ndadosaken lomba pengetan 17 Agustusan ing desa kita dados regeng, mugya kanthi lomba ingkang sampun kaleksanan saged ndadosaken warga dados langkung rukun ugi guyub.
Para rawuh, minangka ketua RT [nama wilayah] ing wekdal punika kula ugi nyuwun pangaksama bilih wonten wicara utawa tumindak kula ingkang kirang mranani dhumateng manah panjenengan.
Saderenge kula pungkasi atur kula, sumangga kita sesarengan maos bismillahirrahmanirrahim kagem miwiti adicara malem tirakatan dalu punika.
Wassalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.
Contoh 3 Sambutan Bahasa Jawa Ketua RT Singkat dan Jelas
Asssalamualaikum Wr. Wb. Ingkang kinurmatan bapak RW ….
Para Bapak, para ibu ugi para sedherek nem ingkang minulya ugi kula tresnani.
Ingkang sepisan, sumangga kita sesarengan ngonjukaken raos puji sokur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang tansah paring kasarasan dhumateng kita sedaya saengga wekdal punika kita saged kempal ing papan ngriki kanthi sehat sarta boten kirang satunggal punapa.
Salajengipun, kula ugi badhe ngaturaken sugeng rawuh dhateng adicara malam tirakatan kamardhikaan Indonesia ingkang kaping 80.
Para Bapak saha ibu sarta sedherek kaneman ingkang kinurmatan, kados sampun ingkang kita mangertosi sesarengan bilih tanggal 17 Agustus 1945 kepengker, nagari kita Indonesia kasil mroklamasikaken kamardhikan.
Lumantar proklamasi ingkang kawaos dening dwi tunggal inggih punika Ir Soekarno lan Mohammad Hatta, nagari kita saged mardhika saking bangsa penjajah.
Salebeting adicara malam tirakatan punika kita boten badhe nirakati supados kamardhikan ingkang kita raosaken samenika tansah lestari salaminya.
Nanging ugi badhe kintun donga tumrap sedaya para pahlawan ingkang sampun kersa ngurbanaken nyawa kagem ngupayakaken kamardhikan ingkang kita raosaken saniki.
Mugi-mugi kanthi kintunan donga saking kita, Gusti Allah tansah kersa paring pangaksama dhumateng sedaya arwahipun para pahlawan.
Boten niku mawon, mugi-mugi kita ugi tansah dipunparingi kekiyatan kagem njagi kamardhikan niki supados tetep lestari.
Wasana, cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Bilih wonten lepating kocap utawi tumindak ingkang kirang mranani salebeting manah panjenengan. Kula nyuwun agunging pangaksama.
Matur nuwun saking wekdal sarta kesempatan ingkang sampun diparingaken. Wassalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.
Contoh 4 Sambutan Bahasa Jawa Ketua RT Singkat dan Jelas
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Para pinisepuh saking dhukuh [nama wilayah] ingkang tansah dhahat kinurmatan, ugi para warga [nama wilayah] ingkang tansah kula tresnani.
Sepisan, sumangga sesarengan kita aturaken puji sokur dhumateng Gusti Ingkang Maha Wikan ingkang sampun paring kathah sanget kenikmatan tumrap kita sedaya.
Amargi namung saking rohmat ugi kasarasan saking Gusti Allah Ingkang Maha Asih, kita taksih kagungan wekdal sarta kalodhangan saged kempal ing papan punika kanthi bagas, waras, boten kirang setunggal punapa.
Boten kesupen sholawat ugi salam mugya tansah konjuk dhumateng junjungan kita sedaya inggih punika Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang sapangatipun tansah kita rantos ing dinten kiyamat mangke.
Para rawuh, kita kempal dalu punika kagem nindakaken malem tirakatan 17 Agustus. Ancasipun adicara punika kagem ngeling-eling lelabuhanipun para pahlawan ingkang sampun ngurbanaken jiwa lan raganipun kagem ngrebut kamardhikan ingkang kita raosaken saniki saking para penjajah.
Para rawuh kamardhikan Indonesia ingkang taun punika sampun ngancik 80 warsa punika sanes pawewehanipun bangsa sanes.
Nanging, para pahlawan kita ingkang sampun ngupayaken piyambak. Mula saking niku, saniki tugas kita sareng njagi supados kamardhikan niki tansah saged lestari.
Proklamasi ingkang sampun kawaos 80 warsa kepengker punika sejatosipun sanes pungkasanipun perjuangan.
Amargi taksih kathah sanget tugas ingkang kedah kita tindakaken kagem nglajengan gegayuhanipun para pahlawan.
Kita tansah kedah makarya sesarengan kanthi guyub lan rukun supados kamardhikan ingkang sampun kalampahan saged ndadosaken gesang kita dados langkung sae.
Sanese niku, taksih kathah sanget pihak-pihak tartamtu ingkang kepengin mirsani kita cengkar saengga kamardhikan ingkang kita raosaken saged kabasmi.
Mula saking niku, sumangga dalu punika kita tansah ngraketaken malih paseduluran supados boten gampil cokrah kaliyan sedherek piyambak.
Boten kesupen, sumangga dalu punika kita ngirim donga dhumateng para pahlawan ingkang sampun marak sowan ing ngarsanipun Gusti Allah.
Mugiya kanthi donga ingkang kita kirim saged ndadosaken tumurunipun pangaksama saking Gusti Allah tumrah kaluputan ingkang sampun dipuntindakaken dening para pahlawan kita.
Wasana, cekap semanten ingkang saged kula aturaken, pramila wonten lepating atur, kula nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh 5 Sambutan Bahasa Jawa Ketua RT Singkat dan Jelas
Assalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh
Matur nuwun dhumateng mas pranata adicara ingkang sampun paring wekdal saha papan dhateng kula kagem nindakaken sambutan salebeting adicara pengetan dinten kamardhikan RI ingkang taun punika sampun ngancik 80 warsa.
Ingkang kinurmat para sepuh, pinisepuh, ugi para alim ulama, saha sadaya brayat ageng warga [nama wilayah] ingkang minulya salebeting budi.
Sepisan sumangga kita tansah ngonjukaken puji sokur dhumateng Allah ingkang tansah paring nikmat sehat tumrap kita sedaya.
Kaping kalihipun sumangga kita tansah maos sholawat ugi salam supados ing dinten kiyamat mangke tansah pikantuk sapangatipun kanjeng Nabi Muhammad.
Selajengipun, kula ngaturaken matur nuwun sanget dhumateng para warga ingkang sampun paring pambiyantu saengga adicara tirakatan dalu punika saged lumampah kanthi lancar.
Salebeting adicara tirakatan dalu punika sumangga kita sesarengan ngonjukaken donga pamuji murih kamardhikan niki sageda lestari.
Boten kesupen sumangga kita ugi nyuwun mugya Gusti Allah tansah kersa paring kekiyatan tumrap kita kagem njagi kamardhikan niki.
Awit tanpa kamardhikan ingkang sampun kalampahan 80 warsa niki, mokal kita saged gesang kanthi tentrem kados ingkang kita raosaken sadangunipun niki.
Saderengipun kula pungkasi atur kula, sumangga kita langkung raketaken malih paseduluran kita supados boten gampil diadu dening pihak-pihak ingkang remen mirsani kita congkrah.
Kula kinten cekap semanten atur kula. Menawi wonten lepating kocap. Kula saestu nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamualaikum Wr. Wb. Wekdal katur dhateng pranatacara. Nuwun.
Penutup
Demikian contoh sambutan ketua RT Acara 17 Agustus dengan bahasa Jawa yang singkat dan jelas yang dapat Mamikos berikan.
Jika kamu ingin mencari informasi lain tentang Rekomendasi Ide Lomba 17 Agustusan yang Seru, Unik, dan Lucu atau tentang Rekomendasi Yel-yel Gerak Jalan yang Seru dan Kreatif, pastikan hanya mencarinya di blog Mamikos, ya! 😉👏
Referensi:
5 Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus dalam Bahasa Jawa, Singkat Mudah Dipahami [Daring]. Tautan: https://yogya.inews.id/berita/5-contoh-sambutan-ketua-rt-17-agustus-dalam-bahasa-jawa-singkat-mudah-dipahami/all
Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus Singkat Bahasa Jawa [Daring]. Tautan: https://www.idntimes.com/life/inspiration/contoh-sambutan-ketua-rt-17-agustus-singkat-bahasa-jawa-00-dfnzv-52pmp4
2 Contoh Teks Sambutan Ketua Panitia 17 Agustus Bahasa Jawa [Daring]. Tautan: https://tirto.id/contoh-teks-sambutan-ketua-panitia-17-agustus-dalam-bahasa-jawa-gvdw
Klik dan dapatkan info kost di dekatmu:
Kost Jogja Murah
Kost Jakarta Murah