5+ Contoh Sambutan Ketua RT Acara 17 Agustus Bahasa Jawa Singkat dan Jelas
Ingin tahu contoh sambutan ketua RT untuk kegiatan 17 Agustus dengan menggunakan bahasa Jawa? Yuk, temukan beberapa rekomendasinya di sini!
Contoh 5 Sambutan Bahasa Jawa Ketua RT Singkat dan Jelas
Assalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.
Matur nuwun dhumateng mas pranata adicara ingkang sampun paring wekdal saha papan dhateng kula kagem nindakaken sambutan salebeting adicara pengetan dinten kamardhikan RI ingkang taun punika sampun ngancik 80 warsa.
Ingkang kinurmat para sepuh, pinisepuh, ugi para alim ulama, saha sadaya brayat ageng warga [nama wilayah] ingkang minulya salebeting budi.
Sepisan sumangga kita tansah ngonjukaken puji sokur dhumateng Allah ingkang tansah paring nikmat sehat tumrap kita sedaya.
Kaping kalihipun sumangga kita tansah maos sholawat ugi salam supados ing dinten kiyamat mangke tansah pikantuk sapangatipun kanjeng Nabi Muhammad.
Selajengipun, kula ngaturaken matur nuwun sanget dhumateng para warga ingkang sampun paring pambiyantu saengga adicara tirakatan dalu punika saged lumampah kanthi lancar.
Salebeting adicara tirakatan dalu punika sumangga kita sesarengan ngonjukaken donga pamuji murih kamardhikan niki sageda lestari.
Boten kesupen sumangga kita ugi nyuwun mugya Gusti Allah tansah kersa paring kekiyatan tumrap kita kagem njagi kamardhikan niki.
Awit tanpa kamardhikan ingkang sampun kalampahan 80 warsa niki, mokal kita saged gesang kanthi tentrem kados ingkang kita raosaken sadangunipun niki.
Saderengipun kula pungkasi atur kula, sumangga kita langkung raketaken malih paseduluran kita supados boten gampil diadu dening pihak-pihak ingkang remen mirsani kita congkrah.
Kula kinten cekap semanten atur kula. Menawi wonten lepating kocap. Kula saestu nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamualaikum Wr. Wb. Wekdal katur dhateng pranatacara. Nuwun.
Contoh 6 Sambutan Bahasa Jawa Ketua RT saat Pembagian Hadiah 17 Agustus
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Sugeng dalu para pinisepuh, para tamu ingkang kinurmatan, saha sedaya warga ingkang kula tresnani.
Sepisan, sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT awit kanthi rahmat lan hidayahipun, kita saged nglaksanani sedaya rangkaian pengetan HUT Kemardikan Republik Indonesia ingkang kaping 80 kanthi lancar.
Para sedherek sedaya, kula minangka Ketua RT ngaturaken matur nuwun ingkang tanpa upami dhumateng panitia, para pemuda, saha sedaya warga ingkang sampun gotong royong nyengkuyung adicara wiwit wiwitan dumugi pungkasan.
Lomba-lomba ingkang sampun kalampahan menika dudu namung kangge golek juara, nanging ugi dados sarana ngiyataken kerukunan, paseduluran, saha semangat guyub rukun antawisipun warga.
Kagem para pemenang, kula ngaturaken sugeng. Mugi prestasi menika saged dados panyemangat kangge tansah ngupadi kabecikan.
Dene kangge para peserta ingkang dereng pikantuk juara, mugi boten kendel manah. Partisipasi panjenengan sedaya sampun dados bagΓ©yan wigati tumrap kasuksesan adicara menika.
Pungkasan, mugi semangat kamardikan tansah kita uri-uri kanthi makarya, bebarengan mbangun lingkungan ingkang aman, tentrem, lan makmur.
Cekap semanten sambutan saking kula. Menawi wonten kirang langkungipun, kula nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Penutup
Demikian contoh sambutan ketua RT Acara 17 Agustus dengan bahasa Jawa yang singkat dan jelas yang dapat Mamikos berikan.
Jika kamu ingin mencari informasi lain tentang Rekomendasi Ide Lomba 17 Agustusan yang Seru, Unik, dan Lucu atau tentang Rekomendasi Yel-yel Gerak Jalan yang Seru dan Kreatif, pastikan hanya mencarinya di blog Mamikos, ya! ππ
Referensi:
5 Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus dalam Bahasa Jawa, Singkat Mudah Dipahami [Daring]. Tautan: https://yogya.inews.id/berita/5-contoh-sambutan-ketua-rt-17-agustus-dalam-bahasa-jawa-singkat-mudah-dipahami/all
Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus Singkat Bahasa Jawa [Daring]. Tautan: https://www.idntimes.com/life/inspiration/contoh-sambutan-ketua-rt-17-agustus-singkat-bahasa-jawa-00-dfnzv-52pmp4
2 Contoh Teks Sambutan Ketua Panitia 17 Agustus Bahasa Jawa [Daring]. Tautan: https://tirto.id/contoh-teks-sambutan-ketua-panitia-17-agustus-dalam-bahasa-jawa-gvdw
Halaman:
