Advertisement
Source : Canva/@whitedesk

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Menghormati Guru Singkat

Salah satu mcara penyampaikan pesan adalah melalui pidato. Bagi kamu yang akan melakukan pidato tentang guru dengan berbahasa Jawa, yuk, temukan inspirasi menariknya di sini.

19 Agustus 2025 Lintang Filia

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Menghormati Guru Singkat – Dalam bahasa Jawa, dikenal filosofi guru yaitu digugu lan ditiru. Artinya, guru adalah sosok yang dihormati dan diteladani.

Menghormati guru bukan hanya sekadar mengucapkan kata terima kasih, tetapi juga diwujudkan melalui sikap dan tindakan sehari-hari. 👨🏻‍🏫

Kamu bisa menyampaikan pesan tersebut melalui pidato berbahasa Jawa yang disampaikan ketika hari guru nanti, lho. Sebagai inspirasi, berikut berbagai contoh pidato yang bisa kamu pergunakan. 📜

Kumpulan Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Menghormati Guru

Contoh Pidato bahasa Jawa tentang menghormati guru
Canva/@whitedesk

Sama seperti dalam bahasa Indonesia, pidato juga memiliki struktur yang sama. Struktur pidato tersebut terdiri dari pembukaan yang berisi salam, ucapan penghormatan dan rasa syukur.

Selanjutnya isi atau gagasan yang ingin disampaikan melalui pidato, dan terakhir penutup berupa kesimpulan, ucapan terima kasih, dan salam.

Nah, langsung saja yuk simak beberapa contoh pidato bahasa Jawa tentang menghormati guru di bawah ini.

Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat tentang Kebersihan Lingkungan

1. Hari Guru, Wujudaken Tulus Ngajeni Guru

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahirobbil’alamin. Wassholatu wassalamu’ala Muhammad SAW

Ingkang kinurmatan kepala sekolah Bapak Sumardi. Para bapak lan ibu guru ingkang kawulo hormati. Lan kanca-kanca sedaya ingkang kawulo tresnani.

Kanca-kanca, rumiyin kita ngaturaken panuwun dhumateng Gusti Allah SWT, amargi sampun maringi nikmat sehat lan kesempatan supados kita saged kempal wonten ing acara peringatan Hari Guru Nasional menika.

Hadirin ingkang kinurmatan,

Hari Guru Nasional menika ngelingake kita dhumateng jasa-jasa bapak lan ibu guru. Tanpa guru, kita mboten saged sinau kanthi becik. Guru sampun paring piwulang, bimbingan, lan motivasi kanggo masa depan kita.

Mula saking punika, ayo tansah ngajeni lan ngurmati guru kanthi tulus. Mugi bapak lan ibu guru tansah pinaringan kesehatan, kesabaran, lan berkah, supados saged tetep mulang kanthi seneng ati.

Matur nuwun sanget dhumateng sedaya, mugi pidato cekak menika sageda migunani.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

2. Ngurmati Guru, Nggayuh Ilmu Barokah

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Langkung rumiyin, sumangga kita ngaturaken panuwun dhumateng Gusti Allah SWT, amargi sampun paring rahmat lan hidayah, supados kita sedaya saged kempal wonten ing acara menika kanthi sehat walafiat.

Sholawat lan salam mugi tansah katur dhumateng junjungan kita, Nabi Muhammad SAW, mugi tansah kaparingan syafaatipun wonten ing Yaumul Akhir. Amin.

Kanca-kanca sedaya ingkang kula tresnani,

Ing dinten menika, kula badhe nyariosaken babagan pentingipun ngurmati guru. Guru punika minangka tokoh sentral ing pendhidhikan, ingkang paring piwulang, bimbingan, lan motivasi kangge kita sedaya.

Guru punika kados tiyang tuwa nalika kita wonten ing sekolah, paring pangayoman lan pitutur supados kita saged tuwuh dados tiyang ingkang sae.

Ngajeni guru tegese tansah ngrungokake, manut piwulangipun, nindakaken tugas kanthi tanggung jawab, micara kanthi krama nalika sesambetan kaliyan guru, lan tansah maringi salam nalika ketemu.

Kanthi mekaten, ilmu ingkang dipun paring guru boten namung gampang dipun mangertosi nanging ugi barokah lan migunani tumrap gesang kita.

Mugi kita sedaya tansah saget bekti dhateng guru, kadosdene ngajeni tiyang sepuh ing griya, lan saged ngaplikasikaken piwulangipun kanthi becik.

Mugi pidato cekak menika sageda migunani. Menawi wonten lepat ing tembung lan lampahing pidato, nyuwun pangapunten ingkang ageng.

Matur nuwun. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Halaman:

Advertisement