Contoh Artikel Prediktif dan Preskriptif Bahasa Jawa Beserta Pengertiannya

Posted in: Bahasa Jawa Pelajar
Tagged: bahasa Jawa

Contoh Artikel Prediktif dan Preskriptif Bahasa Jawa Beserta Pengertiannya – Seringkali banyak penulis yang keliru dalam memaknai artikel prediktif dengan artikel preskriptif.

Salah satu penyebabnya karena bunyi kedua artikel memiliki kemiripan. Padahal secara struktur dan pengertiannya kedua artikel tersebut sangatlah berbeda.

Apa Itu Artikel Prediktif dan Preskriptif?

https://unsplash.com/@thoughtcatalog

Artikel prediktif merupakan artikel yang membahas atau mengulas tentang segala sesuatu yang akan atau belum pernah terjadi.

Bagian isi dari artikel prediktif merupakan kemungkinan tentang sesuatu yang akan terjadi berdasarkan analisa atau pemikiran penulis terhadap suatu peristiwa yang sedang diamatinya.

Sementara itu, artikel preskriptif adalah sebuah artikel berupa tata cara atau langkah-langkah secara runtut dengan tujuan agar pembaca tidak mengalami kesalahan dalam sebuah proses tertentu.

Berikut Contoh Artikel Prediktif dan Preskriptif Bahasa Jawa

Supaya pemahamanmu terkait artikel prediktif dan preskriptif berbahasa Jawa makin mendalam, coba simak contoh artikel prediktif dan preskriptif bahasa Jawa di bawah berikut.

Contoh Artikel Prediktif Bahasa Jawa 1

Minangka negara kang duwe garis pantai paling dawa sadonya lan mapan ing saduwure cincin api (ring of fire) Indonesia ora mung kanugrahan alam kang subur lan endah, nanging uga kaancam maneka bencana alam kayata gunung mbledhos, lindhu, banjir, lan sing paling mbebayani yaiku tsunami.

Senajan kapetung mbebayani nyatane alam Indonesia wis dijangkepi kanthi maneka teknologi alami kanggo ngredham bencana-bencana mau.

Salah siji contone yaiku alas bakau utawa kang asring sinebut alas mangrove. Ing jaman biyene alas bakau iki bisa ditemokake wiwit saka pucuk wetan papua nganti pucuk kulon pulo sumatera.

Emane dinane iki alas bakau iki akeh banet sudane. Pembangunan kawasan pantai sing ora migatekake lingkungan lan pembalakan mujudake sawetara penyebab rusake alas bakau ing sawetara dhaerah ing Indonesia.

Alas bakau sing biyen dadi papan ngendhoge iwak, urang, lan maneka kewan segara liyane sarta dadi papan lerene manuk-manuk migran. Saiki padha akeh wis alih fungsi dadi hotel lan mall-mall.

Yen didulu saka sisi ekonomi anane owah-owahan iki bisa dikandhakake becik, nanging yen diwawas kelestarian alam rugine akeh banget.

Ilange alas bakau ndadekake iwak, urang, kerang lan kewan banyu liyane kelangan papan kanggo berkembang biak.

Kahanan sing kaya ngene ndadekake nelayan kangelan golek buruane. Nelayan sing biyasane anggene lelayaran cukup ing sacedhake pantai, saiki anggene golek buruane kudu luwih ngadoh lan kadhang nganti tekan tengah segara.

Ing perangan liya, ilange alas bakau iki ndadekake kawasan pesisir dadi rawan kena erosi lan abrasi. Dumadine kahanan iki mesthi wae akeh gawe rugi tumrap para pendhudhuk kang mapan ing sacedhake segara. Ora mung kuwi wae.

Ilange alas bakau saka kawasan pesisir ndadekake kawasan pesisir kelangan ‘tameng’ alamine. Saengga saupama sawayah-wayah ana ombak gedhe kang neneka.

Energi saka ombak gedhe mau langsung ‘nyerang’ kawasan pesisir. Asile apa wae sing ana ing kawasan pesisir bakale rusak.

Kahanan sing kaya mangkene bakale beda menawa alas bakau isih lestari. Oyot-oyot bakau lan rapete wit bakau kang pengkuh lan rapet mujudake piranti alami paling ampuh kanggo nyuda energi saka ombak gedhe mau.

Samungkure energine wis kasuda oyot lan bakau, senajan banyu saka ombak mau isih tekan dharat, nanging sipate wis ora ngrusak maneh.

Contoh Artikel Prediktif Bahasa Jawa 2

Ing masyarakat Jawa, tekane kewan kang mlebu omah lan pekarangan kerep dianggep ngemu sasmita tartamtu.

Mligine kewan-kewan kang bangsa iber-iberan. Salah siji kewan kang dianggep nggawa sasmita tartamtu nalika mlebu pekarangan utawa omah yaiku manuk prenjak.

Tekane manuk jinis iki kanggone wong Jawa dianggep mujudake tandha bakal ana sawetara kedadeyan kang bakal dialami karo sing duwe omah utawa duwe pekarangan.

Apik lan alane kedadeyan sing dialami sing duwe omah lan pekarangan iki gumantung klawan ing ngendi anggene si manuk prenjak mencok lan apa wae kang ditindakake si manuk prenjak sasuwene mlebu omah utawa pekarangan.

Ing perangan liya, ana masyarakat Jawa kang percaya yen mlebune manuk prenjak menyang omah utawa pekarangan kerep digayutake klawan bakal anane tamu kang bakale teka.

Ngenani tamu sing bakale teka iki ora kabeh nggawa kabecikan tumrap kang duwe omah.

Awit ana mangsane tamu sing teka iki bakal ngajak padu sing duwe omah. Saora-orane ana limang jinis tamu sing tekane ‘dicucuk lampahi’ karo manuk prenjak.

Limang jinis tamu iki kang kapisan yaiku tamu kang klebu bangsane priyayi kang tekane duwe seja lan nggawa pirembugan apik marang sing duwe omah.

Tekane tamu jinis iki ditengeri kanthi ngocehe manuk prenjak sajodho saka kidul omah. Ngenani tandha-tandha sing digawa manuk prenjak iki ing antarane yaiku

Kapindho yaiku tamu kang tekane kanggo weweh rejeki marang sing duwe omah. Tekane tamu jinis iki biyasane ditandhani kanthi anane manuk prenjak kang muni ing sakidule omah.

Katelu yaiku tamu kang tekane bakal menehi pitutur apik utawa bakal menehi pepadhang marang sing duwe omah.

Biyasane tamu sing bakal teka iki mujudake gurune sing duwe omah utawa bisa uga pawongan kang tataran ngilmune luwih dhuwur saka sing duwe omah.

Saengga saka ngelmu  kang dibabar bakal ndadekake sing duwe omah nambah kawruhe.

Dene kaping kapapate yaiku yen ana manuk prenjak kang muni ing wetan omah. Sing duwe omah bakal pikantuk tamu saka golongane pandhita utawa pawongan kang kawruhe ing babagan agama wis misuwur.

Saka tekane tamu saka golongan iki bakal ndadekake urip lan atine sing duwe omah bakal luwih tentrem lamun sing duwe omah tansah bisa mawas dhiri lan bisa luwih cedhak klawan Sing Gawe Urip kaya kang diajab tamu sing teka kasebut.

Sabanjure kang kaping lima yaiku tamu kang tekane bakal ndadekake sing duwe omah bakal ngalami undhak-undhakan ing babagan drajat.

Tamu jinis iki biyasane ditandhani kanthi anane unine lan tekane manuk prenjak kanthi nyamber-nyamber saka kulon omah.

Sementara artikel preskriptif merupakan artikel yang memberikan atau mengajarkan kepada pembaca suatu tuntunan untuk melakukan sesuatu.

Penulisan atau pembuatan artikel preskriptif bertujuan supaya pembaca dapat melakukan atau membuat sesuatu sesuai dengan urutannya.

Sehingga dalam menciptakan sesuatu tidak terjadi suatu kesalahan atau kekeliruan.

Contoh Artikel Preskriptif Bahasa Jawa 1

Ing Indonesia iki ana maneka jinis dhawet, nanging sing paling unik yaiku dhawet goreng saka Purworejo, Jawa Tengah.

Senajan jenenge dhawet goreng, nanging ing penyajiane dudu dhawete sing digoreng. Jalaran sing digoreng yaiku bumbu lan racikan bahan-bahan liya kang disajekake ing samangkok dhawet goreng.

Beda kaya umume dhawet sing digawe saka glepung beras utawa pathi tela. Dhawet sing digunakake kanggo nggawe dhawet goreng iki digawe saka glepung ganyong.

Pamilihan glepung ganyong minangka bahan utama jalaran ganyong duwe rasa legi kang khas.

Carane nggawe dhawet saka glepung ganyong iki padha karo dhawet umume. Glepung ganyong disampur banyu lan disaring. Sawise kuwi banjur digodhog.

Bareng dirasa cukup lan wiwit adhem. Dhawet banjur dicithak. Yen wis dicithak dhawet siyap diracik karo bahan-bahan liyane.

Bahan liyane sing diracik yaiku capar, tahu sing wis diris cilik-cilik lan digoreng, sambel, bawang goreng, lan juruh.

Unike juruh kang digunakake kanggo nggawe dhawet goreng iki ora kaya juruh ing dhawet umume kang digawe saka banyu gula. Juruh sing digawe kanggo nggawe dhawet goreng iki digawe saka nira klapa.

Sarehne juruhe nganggo nira klapa, rasa legi ing samangkok dhawet goreng iki luwih duwe rasa kang khas dibandhingake juruh kang digawe saka gula kang dicairake.

Sabanjure maneka bahan kang diracik dadi siji iki ndadekake rasa kang ing samangkok dhawet goreng ora mung seger lan legi, nanging uga pedhes lan gurih.

Campuran rasa kang maneka werna iki tansah ndadekake dhawet goreng duwe pandemen dhewe.

Rata-rata pawongan sing seneng karo dhawet goreng iki wong-wong saka njaban Purworejo kang kebeneran plesiran ing Purworejo.

Contoh Artikel Preskriptif Bahasa Jawa 2

Ing kalanganane masyarakat Tionghoa kang mapan ing Solo. Kimlo dadi sawijining panganan andalan. Mung emane akeh masyarakat Solo kang ora wani mangan kimlo. Alesane merga daging kang digunakake kanggo masak kimlo yaiku daging babi.

Merga penasaran lan pengin nyoba kimlo. Masyarakat Solo kang ngrasuk agama muslim banjur nyoba nggawe kimlo kang halal. Carane yaiku daging babine diganti daging sapi, wedhus utawa ayam.

Sawise ngganti jinise daging, warga Solo isih durung marem. Merga panganan asil kreasine pengin beda karo kimlo. Masakan mau ditambahi sosis solo.

Unike, masia jenenge sosis solo nanging panganan iki babar pisan ora migunakake sosis. Ngenani asal-usule sosis solo iki dhewe ana telung panemu.

Sing kapisan yaiku ana panemu kang ngandhakake yen sosis solo iki mujudake panganan kang mujudake asil kreasine Sunan Paku Buwana X.

Kapindho yaiku panemu kang kandha yen sosis solo mujudakake kreasine masyarakat Solo kang kepingin nyoba nggawe sosis kang biyasane dipangan wong Eropa kanggo lawuh utawa kanca nalika mangan roti.

Sosis kang dipangan wong eropa ing jaman iku umume digawe nganggo susu lan bumbu tartamtu kang dirasa kurang cocok tumrap ilate wong Solo.

Kahanan iki kang ndadekake wong Solo muter utek. Bahan-bahan kang dibutuhake kanggo nggawe sosis mau banjur dibumboni kanthi maneka bumbu lan rempah-rempah kang dirasa cocog karo ilate wong Solo.

Sawise nindakake maneka percobaaan, wusanane masyarakat Solo kasil nggawe masakan sairip sosis sing kulina dipangan wong-wong eropa nanging cocok karo ilate wong Solo.

Panganan mau banjur diarani sosis solo. Masia bentuke padha, nanging sosis solo iki klebu jinise jajanan lan dudu lelawuhan.

Saengga sosis solo iki mung didadekake cemilan utawa digunakake campuran panganan liya. Salah sijine yaiku timlo solo.

Panemu kaping telu yaiku ana kang ngandhakake yen sosis solo iki mujudakake kreasine wong tionghoa kang kepingin nggawe sawijining jajanan kang bisa disenengi kaum ningrat lan bangsa kolonial.

Bahan-bahan kang digunakake kanggo nggawe sosis solo bisa diperang dadi loro yaiku bahan kango nggawe kulit lan bahan kanggo nggawe isi.

Ngenani bahan kanggo nggawe kulit ing antarane yaiku endhog, santen, glepung terigu, uyah, lan lenga sacukupe.

Dene bahan kanggo nggawe isiane yaiku daging giling, uyah, gula, santen, endhog, lan lenga kanggo numis. Ngenani bumbune yaiku bawang, brambang, miri, tumbar, lan jinten.

Carane nggawe kulit yaiku kabeh bahan dicampurake lan diudheg. Sawise kuwi didadar tipis lan sekirane wis mateng disisihake dhisik.

Kanggo nggawe isiane yaiku bumbu-bumbu kang dibutuhake iku mau dialusake kabeh. Sawise kuwi ditumis nganti wangi.

Yen wis wangi daging gilinge dilebokake lan dienteni nganti daginge malih rupane. Sawise kuwi santen, uyah, lan gula ditambahake. Masak nganti kabeh bumbu rumesep.

Yen wis kabeh bumbu rumesep. Kulit sing disisihake mau banjur diiseni nganggo bahan-bahan kanggo isian. Yen kabeh kulit diisi. Banjur dikukus udakara 15 menit.

Sawise mateng banjur diangkat lan dienteni adhem. Yen wis adhem banjur digoreng nganti kuning kecoklatan. Sosis solo wis disajekake kanggo cemilan utawa kanggo tambahan panganan liya.

Penutup

Demikianlah ulasan mengenai contoh artikel prediktif dan preskriptif Bahasa Jawa . Semoga artikel ini dapat menambah wawasanmu tentang artikel-artikel berbahasa Jawa.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta