3 Contoh Cerita Hari Raya Idul Fitri Bersama Keluarga Bahasa Jawa Singkat

3 Contoh Cerita Hari Raya Idul Fitri Bersama Keluarga Bahasa Jawa Singkat – Momen lebaran merupakan saat-saat yang paling dinantikan oleh umat muslim di seluruh dunia.

Pada momen ini umat muslim sering menghabiskan waktu untuk berkumpul bersama keluarga besar.

Biasanya setelah melakukan bermaaf-maafan bersama keluarga inti. Umat muslim akan melakukan silaturahmi ke keluarga besar dan kemudian dilanjutkan silaturahmi ke tetangga terdekat.

Selama melakukan kegiatan ini seringkali terjadi cerita yang menarik dan indah untuk dikenang hingga beberapa tahun ke depan.

Jika kamu masih kebingungan untuk membuat cerita bahasa Jawa dengan tema idul fitri. Kamu dapat melihat contoh-contohnya pada artikel berikut.

Contoh Cerita Hari Raya Idul Fitri Bersama Keluarga Bahasa Jawa Singkat

https://hafizfansclub.com/

Di bawah ini adalah contoh cerita bahasa Jawa dengan tema idul fitri bersama keluarga

Contoh Cerita Hari Raya Idul Fitri Bersama Keluarga 1

1. Klambi Anyar kanggo Arga

Telung dina iki Arga katon sedhih. Perkarane dheweke durung ditukokake klambi anyar karo wong tuwane.

Arga pengin banget duwe klambi anyar kaya kanca-kancane. Nanging merga wong tuwane nembe pikantuk musibah. Rasane pepinginane Arga kanggo duwe klambi anyar mokal keturutan.

Dodi sing ngerti masalah kang dialami Arga sejatine pengin aweh pambiyantu. Nanging, dheweke bingung kepiye carane.

Sawijining dina ana kurir kang ngeterake paketan gedhe menyang omahe Dodi. Mesthi wae Dodi seneng banget.

Paketan kuwi mujudake kirimane Pakdhene Dodi sing pidalem ing Kalimantan. Nalika paketan dibukak. Dodi seneng banget jalaran isine akeh jajanan kang enak lan sandhangan anyar kang apik-apik.

Apese, nalika dicoba jebul ana sandhangan kang keciliken. Wektu kuwi dheweke kelingan karo Arga kang durung duwe sandhangan anyar kanggo lebaran.

Dodi pengin banget menehake sandhangan sing ora sedheng kuwi marang Arga. Senajan Arga kuwi dudu kaluwargane, nanging merga ibune Arga wis mataun-taun buruh umbah-umbah ing omahe Dodi.

Arga lan wong tuwane wis dianggep kaya kaluwarga dhewe karo kaluwargane Dodi. Saben kaluwargane Dodi kerep aweh pambiyantu.

“Bu, menawi sandhangan sing keciliken niki upami diparingake Arga menapa pareng?” takone Dodi menyang ibune.

“Yen Arga gelem nampa malah kebeneran, Dod.”

Wangsulane ibune iki gawe atine Dodi marem banget. Bengine, nalika malem takbiran Dodi dolan menyang omahe Arga kanthi diterake bapak lan ibune.

Bapak lan ibune Dodi jagongan karo wong tuwane Arga ing njero omah. Dodi lan Arga lungguhan ana ing emper.

“Dod, aku duwe hadiah kanggo kowe. Muga-muga kowe gelem nampa,” ujare Dodi sinambi ngelungake bungkusan werna coklat menyang Arga.

“Apa iki Dod?” takone Arga.

“Coba bukaken dhewe!” ujare Dodi.

Nalika bungkusan dibukak, mripate Arga katon kaca-kaca merga weruh klambi koko anyar ing tangane.

“Iki tenanan, Dod?”

Dodi manthuk.

“Coba gawenen, Ga! Awakmu cukup apa ora?”

Klambi koko saka Dodi kuwi banjur digawe karo Arga.

“Wah, jan pas. Dod. Aku matur nuwun banget, ya! Wusanane sesuk aku bisa lebaran kanthi sandhangan anyar.”

Weruh Arga katon bungah. Dodi uga melu bungah.

Contoh Cerita Hari Raya Idul Fitri Bersama Keluarga 2

2. Lebaran ing Candhi Sukuh

Sawise cukup anggone silaturahmi menyang omahe para dulur lan tangga. Bapake Aldi pengin ngajak liburan. Beda kaya liburan lebaran ing taun-taun wingi sing biyasane menyang pantai.

Taun iki bapake Aldi ngajak liburan menyang Candhi Sukuh. Alesane bapake Aldi ngajak kaluwargane dolan menyang Candhi Sukuh kanggo ngenalake Aldi marang sejarah lan kanggo ngendhani wisata ing pantai kang rame.

Watara jam sanga esuk Aldi lan kaluwargane budhal menyang Candhi Sukuh kang manggon ing Karanganyar, Jawa Tengah.

Sajam candhake, Aldi lan kaluwargane wis tekan papan tujuan kanthi slamet. Nalika weruh wujude candhi sukuh. Aldi rumangsa nggumun.

Jalaran wujude candhi sukuh kuwi mirip banget karo piramida. Saliyane kuwi reca-reca ing candhi sukuh katon aneh. Jalaran ana reca sing wujud kaya manungsa nanging duwe cucuk lan lar kaya garudha.

“Pak, reca niki namine napa? Kok wujude aneh sanget?” takone Aldi.

“Aneh piye ta, le?” bapake ganti takon.

“Niki wujude kados manungsa nanging kok gadhah cucuk lan lar kados garudha?”

“Oh iku ta maksudmu. Ngertiya ya, Le. Reca iki jenenge Garudheya kang mujudake makhluk mitologi sajrone kapitayan hindu sing kebak pralambang.”

“Hla arca niki nglambangake napa, Pak?”

“Arca iki nglambangake perjuangan lan kemerdekaan. Mulane arca iki sing dadi inspirasine para pendiri bangsa kanggo nyiptakake lambang negara kita yaiku garuda pancasila.”

Saliyane pikantuk katrangan saka bapake ngenani candhi sukuh saka bapake. Aldi uga akeh pikantuk kawruh anyar ngenani candhi sukuh saka juru peliharane.

Sawise pikantuk katrangan saka juru pelihara candhi. Rasa nggumune Aldi marang candhi sukuh tansaya ndadra.

Aldi rumangsa nggumun kepiye carane wong jaman biyen bisa gawe wewangunan endah kaya candhi sukuh ing lereng pegunungan.

Liburan lebaran taun iki mujudake libur lebaran paling nyenegake kanggo Aldi. Jalaran saliyane bisa nyawang kaendahane candhi sukuh. Aldi uga pikantuk kawruh anyar ing babagan sejarah.

Contoh Cerita Hari Raya Idul Fitri Bersama Keluarga 3

3. Kupu Putih ing Ruwang Tamu

Kaya adate saben ngarepake lebaran Bayun mesthi ngrewangi ibune resik-resik omahe. Wiwit saka latar tekan njero omah.

Dina kuwi Bayun resik-resik ruwang tamu. Ing wektu kuwi, nalika Bayun nyulaki kursi ruwang tamu. Dumadakan ana kupu putih kang menclok ing kursi kang disulaki.

“Kupu iki kok aneh banget ta? Biyasane kupu kuwi mencloke ing kembang. Hla, iki kok ana ing kursi sing daksulaki,” ujare Bayun setengah sora.

Ibune kang mireng sing dikandhakake Bayun banjur  nyauti, “Yen ujare wong biyen. Kupu putih kang mlebu menyang ruwang tamu iku tengere bakal ana tamu sing teka.”

Apa kang diaturake ibune iki ndadekake Bayun kaget.

“Saestu ta, Bu?” takone Bayun pengin ngerti.

“Bener lan orane durung ana sing mangerteni, Le, nanging kahanan sing kaya ngono kuwi kerep banget kedadeyan.”

“Kinten-kinten sinten nggih, Bu?”

“Ya, ora ngerti ta Le. Ning sedhela maneh rak ya lebaran. Mesthine akeh banget sedulure awake dhewe sing teka.”

Bayun mbenerake apa sing diaturake ibune. Wektu kuwi Bayun kepengin banget sing teka iku bapake kang wis 6 taun anggene lunga menyang Malaysia.

Nanging pengarep-arep ngenani tekane bapake iki sabisa-bisane dibuwang saka atine supaya ora gawe kuciwa ing tembe mburine.

Jalaran nalika bapake telpon rong dina wingi. Bapake matur yen taun iki durung bisa mulih amarga isih akeh gaweyan.

Sawise rampung anggene resik-resik. Bayun ngglethak ing ruwang tamu. Saking kesele Bayun banjur keturon.

Nalika turu kuwi Bayun ngimpi. Dheweke ditekani kupu putih sing diweruhi mau. Nanging anehe kupu putih mau wujude gedhe banget.

Kupu putih kuwi ngakon Bayun munggah menyang gegere. Sawise munggah ing gegere, kupu kuwi banjur mabur dhuwur banget.

Nalika mabur ing angkasa dumadakan ana pesawat kang liwat. Bayun banjur ngakon si kupu ngoyak playune pesawat.

Saiba kagete Bayun nalika weruh salah siji penumpang pesawat kuwi bapake. Apese wektu kuwi Bayun ceblok saka gegere kupu.

Bayun sing kaget banjur tangi saka ngipine. Saiba kagete Bayun nalika dheweke nglilir ing sisihe wis ana bapake.

“Hlo, bapak sampun kondur?”

“Iya, Le. Bapak mulih.”

Tanpa kekakehen omong Bayun langsung ngamplok bapake. Bayun seneng banget merga penjaluke supaya lebaran iki bapake mulih bisa keturutan.

Sidane lebaran taun iki Bayun bisa sholat idul fitri lan lebaran bareng bapake. Wola-wali Bayun ngucapake matur nuwun marang Gusti Allah merga panyuwunane bisa keturutan.

Penutup

Demikian contoh cerita Hari Raya Idul Fitri bersama keluarga dengan menggunakan bahasa Jawa.

Semoga Contoh Cerita Hari Raya Idul Fitri Bersama Keluarga ini dapat menjadi inspirasi kamu dalam menciptakan cerita dengan tema serupa.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta