5 Cerita Rakyat Bahasa Jawa Singkat Berbagai Tema yang Menarik
Ada banyak sekali cerita rakyat, terutama cerita rakyat yang berbahasa lokal khususnya bahasa Jawa. Berikut ada empat contoh cerita rakyat berbahasa Jawa.
Cerita Rakyat Bahasa Jawa Panji
Kisah Cinta Panji Asmarabangun dan Dewi Sekartaji
Wis pirang-pirang dina atine Panji Asmarabangun ngrasa sedhih merga Dewi Sekartaji mlayu saka kratone.
Sejatine ora kurang-kurang anggene Panji Asmarabangun nggoleki kembang atine. Nanging ana ing ngendi papane Dewi Sekartaji isih durung kinawruhan.
Kegawa rasa bingung lan sedhih ing atine. Panji Asmarabangun mlaku tanpa tujuan.
Dheweke mlebu metu alas, nekani maneka padhepokan ing wewengkon Jenggala lan Kahuripan, takon menyang ewonan wong lan nekani atusan desa. Emane, usahane nemokake Dewi Sekartaji isih durung kasil.
Merga wis kentekan cara. Panji Asmarabangun banjur golek guwa kang ana ing sacedhake  gunung Kelud kanggo nindakake tapa. Yen adate Panji Asmarabangun nindakake tapa kanggo nambah kasaketene.
Nanging ing tapane iki Panji Asmarabangun nyenyuwun mring Gusti supaya diwenehi ngerti ing ngendi dununge Dewi Sekartaji.
Nalika tapane ngancik patang dina. Panji Asmarabangun pikantuk gambaran kang isine nyebutake yen Dewi Sekartaji ana ing sawijining dhaerah kang akeh wit jantine.
Sakawit Panji Asmarabangun bingung merga durung ngerti janti iku jinis tanduran sing piye.
Senajan isih bingung, nanging Panji Asmarabangun ngrasa marem merga wis ngerti ana ngendi papane Dewi Sekartaji. Sawise golek sisik melik ngenani ing ngendi dhaerah kang akeh wit jantine.
Wusanane Panji Asmarabangun entuk kabar yen papan kang dikarepake iku nyatane ora adoh saka papan kang digunakake dheweke tapa.
Lan pranyata sing aran wit janti iku wujude mirip karo wit turi. Sawise pikantuk informasi iki Panji Asmarabangun banjur jumangkah menyang papan kasebut.
Cekake crita, Panji Asmarabangun kasil tekan sawijining dhaerah kang ing kono akeh banget wit jantine.
Saiba bungah atine Panji Asmarabangun nalika dheweke tekan papan kono. Piyambake weruh Dewi Sekartaji kanthi kahanan kang tanpa kekurangan siji-sijia.
Ing perangan liya, Dewi Sekartaji kang ora ngira bakal ketemu kembang atine ing dhaerah kono uga ngrasa bungah atine.
Kekarone banjur rerangkulan. Sawise padha andum kangen. Merga ngrasa papan anggone ketemuan iku duwe sejarah tumrap uripe Panji Asmarabangun lan Dewi Sekartaji. Papan anggone ketemuan iku banjur ditengeri Janti.
Ditengeri Janti merga ing papan kono akeh banget wit jantine. Lan ing perangan liya janti uga ngemu teges janjine ati.
Sawise ketemuan iku, Panji Asmarabangun lan Dewi Sekartaji ngucapake sumpah setya ora pepisahan maneh nganti tekan pupute yuswa.
Cerita Rakyat Bahasa Jawa dari Wonogiri
Legenda Mbah Jegot ing Alas Donoloyo
Ing jaman kawitan madege Kasultanan Demak, Raden Patah kang mujudake sultan kapisan ing Kasultanan Demak pengin nggawe masjid agung kanggo sembahyang kawulane.
Kanggo mujudake gegayuhane Sultan Demak ngutus para wali sanga golek kayu jati menyang alas Donoloyo kang ana ing dhaerah Wonogiri.
Sawise prentah ditampa, para wali sanga banjur lunga menyang alas donoloyo.
Tekan kono para wali banjur nembung menyang Ki Ageng Donoloyo. Miturut crita Ki Ageng Donoloyo mujudake pawongan kang duwe alas Donoloyo.
Rampung ngandharake angkah lan tujuane menyang alas Donoloyo. Para wali sanga diijini golek kayu jati sing disenengi lan dianggep pantes kanggo nggawe masjid demak.
Nalika sunan-sunan liyane golek kayu sing gedhe lan lurus wite. Sunan Kalijaga malah nglumpukake kayu sisane wali liyane.
Sisa-sisa kayu kang sinebut tatal kuwi diklumpukake lan disusun nganti dadi saka. Cekake critan sawise ngucapake matur nuwun merga dililani golek kayu jati. Para wali bali menyang tekan Kasultanan Demak maneh.
Satekane wewengkon kasultanan Demak. Kayu-kayu jati iku banjur wiwit digarap kanggo mbangun masjid.
Akeh sing ngrasa nggumun karo apike kayu jati saka alas Donoloyo. Mung emane wektu iku ana kayu siji kang rada aneh wujude.
Senajan wujude gedhe, kayune ora lurus kaya kayu jati liyane. Merga wujude kang beda tinimbang kayu jati liyane.
Banjur para tukang lan para wong sing nonton proses pembangunan Masjid Agung Demak akeh sing maido lan ngilokna kasebut kanthi tetembungan kang ora pantes.
Menawa wae, merga rumangsa dipaido lan dielek-elek merga wujude ora sampurna. Kayu jati iku banjur mabur lan bali maneh menyang alas Donoloyo.
Tekan saiki kayu jati iku isih ana lan manggon ing satengahe alas Donoloyo. Warga sakiwa tengene alas donoloyo ngarani kayu kaseut kanthi sebutan Mbah Jegot.
Halaman:

