Cerita Wayang Mahabarata Singkat Bahasa Jawa dari Awal Sampai Akhir Lengkap
Ada 18 babak cerita di dalam cerita wayang Mahabarata. Ketahui ulasan selengkapnya di bawah ini.
Senadyan mangkono, Santanu lan Dewi Gangga wus duweni turun pitung putra. Nanging, kabeh putranipun mau dilarung ing begawan Gangga kanthi alesan menawa kabeh putra mau katiban kutuk.
Beja anak ragil isih bisa diselametake Santanu lan diwenehi nama Dewabrata utawa Bisma.
Amerga dhewean, Santanu banjur dhaup kaping pindho kalawan putri abdi kang namanipun Dewi Setyawati.
Kedadeyan kuwi kang dadi jalaran Dewabrata ngocap sumpah menawa ora bakal rabi, kanggo njaga negara supaya ora nganti crah mungsuh putra saka ibu kuwalone.
Saka kramanipun kalawan Dewi Setyawati, lair putra loro kang nama Citranggada lan Wicitrawirya.
Dewabrata banjur lelungan, melu salah sijining sayembara amerga kautus dening ramane. Ing sayembara kuwi, Dewabrata kasil menang lan duwe hak rabi kalawan telung putri ing antarana Ambalika, Amba, lan Ambika.

Advertisement
Dewi Amba tresna banget marang Dewabrata, nanging Dewabrata ora bisa nampa katresnan Dewi Amba amerga wus duweni prasetya ora rabi selawase.
Dewi Amba kang sedih banjur ngocap sumpah suk mben Dewabrata ora bakal mati kajaba amerga titising Dewi Amba dhewa.
Lairing Pandawa lan Kurawa
Cerita wayang Mahabarata banjur mili tekan lairing Pandawa lan Kurawa. Prabu Santanu mundur keprabon.
Ingkang ganti yaiku Citranggada, nanging Citranggada ketemu pati ing umur enom. Wicitrawirya ora bisa dadi raja amerga ora duwe wenang, tur ora bisa rabi amerga wis tuwa.
Mula Wicitrawirya ngutus bojo lorone Citranggada yaiku Ambalika lan Ambika kanggo nemoni Begawan Abyasa supaya entuk berkat putra kanggo nerusake Kraton.
Ing senthong Begawan Abyasa mawujud cahya sumunar, Dewi Ambalika lan Ambika diwenehi prentah supaya ora mbuka mripat luwih dhisik, lan ora merem kesuwen.
Nanging, Ambika kesuwen anggone merem, mula duwe putra kang wuta, kang nama Drestarastra. Sawalike, Ambalika kecepeten anggone buka mripat, mula duwe putra kang pakulitane pucet lan duweni nama Pandu.
Jalaran Drestarastra wuta, mula Pandu kang dadi Raja. Nalika dadi Raja mau Pandu rabi kalawan Dewi Kunti lan Dewi Madrim.