Cerita Wayang Mahabarata Singkat Bahasa Jawa dari Awal Sampai Akhir Lengkap

Ada 18 babak cerita di dalam cerita wayang Mahabarata. Ketahui ulasan selengkapnya di bawah ini.

28 Desember 2023 Fajar Laksana

Cilaka, Pandu nglakoni salah marang Dewa amerga wus marai salah siji pawujudan Dewa kelaran jalaran dipanah. Metu supata saka Dewa menawa Pandu menawa palakrama bakal mati.

Pandu dilalah lali marang supata mau, banjur nglakoni palakrama kalawan Dewi Madrim, wekasane Pandu mati.

Welasing Dewa, Kunti lan Madrim tetep duwe putra amerga pitulungan wewacan donga saka Begawan Abyasa.

Saka Dewi Kunti ana putra kang nama Yudhistira, Werkudara, lan Janaka. Saka Dewi Madrim lair putra kembar Nakula lan Sadewa.

Ing liya crita, Drestarastra kang wuta kasil bisa rabi kalawan Dewi Gendari. Nanging Drestarastra lan Dewi Gendari kangelan duweni anak.

Mula Dewi Gendari tirakat marang Dewa saengga entuk nugraha duwe anak nganti 100 cacahe, anak kang banjur kaaran Kurawa.

Wiwitaning Baratayuda Pandawa lan Kurawa 

Nalikanipun Prabu Dewanata seda, Destarata gantosi dados panguwaos. Ananging sakyetosipun ingkang garwa inggih Dewi Gendari kalian Paman Sengkuni ingkang kathah paring kaputusan ing nagarinipun. 

Saking nurutipun Drestarasta marang garwa lan pamanipun, piyambakipun purun maringaken makutha dateng putranipun inggih Prabu Suyudana. 

Dewi Gendari kaliyan Sengkuni wiwit paring alangan kagem Pandhawa supados purun tilar saking nagari Ngastina. 

Bale Sigala-gala

Ingkang kaping kapisan, Prabu Suyudana utawi asma lintunipun Prabu Duryudana punika nyuwun para Pandhawa kagem manggen wonten ing Bale Sigala-gala sedanten. 

Sedyanipun inggih kagem ngobong Pandhawa ingkang wonten ing lebetipun Bale punika. Ananging Paman Widura paring curiga, saengga saged paring warta tetenger kagem Pandhawa. 

Amargi mangertosi sedyanipun Duryudana, Pandhawa lajeng damel terowongan kagem medal saking Bale Sigala-gala ugi saged slamet saking pati obong. 

Pandhawa Dadu

Bibar nglangkungi prastawa ingkang mekaten, sesampunipun saged ngalih saking Bale. Pandhawa wiwit damel nagari piyambak ing tlatah Amarta. Sedayanipun gugur gunung bangun nagari ingkang prasaja.

Mangertosi Pandhawa saged bangun nagari piyambak, para Kurawa tansah kuwatir. Banjur dipun biyantu kaliyan Paman Sengkuni kagem damel sisayat malih.

Pandhawa dipun tantang main dhadhu ingkang kawon kedah maringaken nagarinipun. Anggenipun main radi wulet amargi saking Kurawa dipun biyantu dening Sengkuni ingkang banter anggenipun nganggit cara. 

Close