3 Contoh Cerita Bahasa Jawa Singkat Tentang Berbagai Tema yang Menarik

3 Contoh Cerita Bahasa Jawa Singkat Tentang Berbagai Tema yang Menarik – Seringkali kita merasakan kesulitan menentukan tema dalam menciptakan sebuah tema cerita yang menarik.

Padahal tema dalam membuat tema yang menarik dapat diambil dari peristiwa yang dapat kita jumpai dalam kehidupan sehari-hari.

Menulis Cerita yang Menarik

https://unsplash.com/@lightenup_cc

Jika seorang penulis bisa jeli dan berani jujur. Sebenarnya peristiwa atau kejadian yang dialami sendiri atau dialami oleh sahabat maupun keluarga dapat dijadikan bahan menulis cerita yang menarik.

Apabila kamu merasa sungkan untuk melakukannya. Kamu dapat menyamarkan nama tokoh, waktu, dan tempat kejadian.

Selain itu kamu dapat pula membumbui dengan berbagai hal untuk menjadikan cerpen buatanmu lebih dramatasir dan menarik untuk dibaca. Berikut beberapa contoh cerita bahasa Jawa untuk merangsang kreasimu.

Contoh Cerita Bahasa Jawa Singkat 1

Pesenan Buku

Samungkure kena PHK saka papanku nyambut gawe. Aku saiki alih profesi dadi bakulan buku bekas.  Masia asile durung akeh. Nanging bisa kanggo nyukupi kabutuhanku saben dina.

Salah siji sing paling daksenengi saka penggaweyanku sing saiki yaiku wektuku kanggo maca buku luwih akeh tinimbang sakdurunge.

Awan kuwi aku oleh buku sing kapetung langka. Isine buku kuwi ngenani ilmu lan laku saka R.M.P Sosrokratono.

Gandhenge seneng banget merga oleh buku sing kapetung langka. Buku kuwi langsung dakphoto lan dakposting ing status whatsappku.

Limang menit candhake Jefri, kancaku saka Kroya ngomentari postinganku, “Isih ana tunggale?”

Aku langsung mangsuli komentare, “Entek bro. Iki wae olehku mung photokopian kok.”

“Aku mbok nyuwun tulung diphotokopekne. Aku pengin banget maca.. Mengko ongkos photokopi lan ongkos kirime tak gantine!”

“Oke.”

Apese awanku kuwi photopian langgananku tutup. Wusanane aku golek photokopian liyane. Untunge ora adoh saka kono ana photopian liyane sing bukak.

“Mase ngersakake napa?” takone pegawai photokopian kanthi grapyak.

“Photokopi buku, Mbak,” wangsulanku sinambi ngelungake buku menyang mbake.

“Didamel memanjang napa didamel kados niki, Mas? Kalih sampule wernine napa?”

“Didamel kados niku mawon, Mbak. Sampule putih mawon.”

“Oalah. Nggih, Mas. Niki badhe dirantos napa ditilar bukune?”

“Kinten-kinten rampunge dangu napa mboten?”

“Antawis setengah jam, Mas.”

“Menawi mekaten kula rantose mawon, Mbak.”

“Nggih, Mas. Mangga pinarak rumiyin.”

Ing kalane aku ngenteni pesenanku dadi. Ana swara sing nyeluk jenengku. Aku kenal banget karo swara kuwi. Aku banjur noleh menyang sumbering swara. Tenan. Jebul sing takon iku mau Mbak Icha, kakak tingkatku ing jaman kuliyah biyen.

“Kowe lagi ngapa?” takone Mbak Icha sinambi nuru-nuru anake.

“Lagi ngenteni photokopinku dadi, Mbak. Hla sampeyan dhewe?”

Mbak Icha ora langsung mangsuli pitakonku. Sawise mbenakake gendhongane anakke dheweke lungguh ing jejerku.

“Ya kaya sing kok tonton iki. Aku lagi nuru-nuru anakku. Kowe kuwi kebacut tenan, kok.”

“Hlo, kebacut piye, Mbak?”

“Omahmu kuwi lak ya kidul kono. Tapi kowe kuwi kok ora tau dolan menyang omahku.”

“Oraane ngono, Mbak. Aku iki durung ngerti omahe sampeyan kok. Hla omahe sampeyan kuwi ngendi ta? sesuk utawa kapan tak dolani.”

“Omahku ya kene iki. Jan tenan kowe kuwi. Mosok karo omahe kakak kelase kok ora paham.”

“Dadi photokopian iki…”

Durung rampung anggenku takon wis dipenggak karo Mbak Icha.

“Piye saiki anakmu wis pira?” takone Mbak Icha maneh.

“Anak saka ngendi mbak-mbak. Bojo wae durung duwe kok?” wangsulanku sacandhake.

“Kowe kuwi hlo ngenteni apa kok ora rabi-rabi?”

“Ngenteni photokopianku dadi, Mbak. Hahahah. Wis ya, Mbak. Aku pamit dhisik. Arep ngirim buku soale.”

“Wooo… bocah ora nggenah,” ujare Mbak Icha.

Sawise ngelungake dhuwit menyang kasir. Aku banjur nerusake laku menyang kantor pos. Tekan kantor pos ana pesen sing mlebu ing hp-ku.

“Iki aku Icha. Aku ngerti kowe seneng karo pegawaiku. Iki kowe tak wenehi nomer hp-ne Indah pegawaiku sing kok lirak-liriki mau. Sabanjure kowe usahaa dhewe. Sangertiku dheweke isih durung duwe pacar. Minangka kanca sing bisa daktindakake mung cukup semene. Muga-muga wae kalian berdua jodho. Tapi kowe kudu eling, aja pisan-pisan nglarani atine. Yen kowe wani nglarani atine Indah. Kowe bakale dakmusuh,” isine pesen mau.

Tanpa nunggu wektu suwe. Pesen saka Mbak Icha langsung dakbales, “Siyap, Mbak.”

Dina iku aku babar pisan ora ngira yen pesenan saka Kroya iku ora mung dhompetku kaisi nanging atiku uga bali kaisi.

Contoh Cerita Bahasa Jawa Singkat 2

Jempol kanggo Naya

Aku isih kelingan rasane lara ati merga ditinggal rabi karo wong sing paling ditresnani.

Mula saka kuwi, nalika Naya, editor video kanggo konten-konten youtubeku ngajokake ijin cuti kanggo nata ati samungkure ditinggal rabi karo bocah lanang sing pitung taun dadi pacare. Ijine Naya langsung dakkabulake.

“Lara ati oleh. Nangis ya oleh. Nanging aja nganti tumindak sing gawe rugi awakmu. Eling uripmu kuwi berharga lan kowe duwe hak kanggo bahagia,” mangkono pesenku kanggo Naya.

Kanggo ngisi posisine Naya, aku banjur njaluk tulung karo Bondan, kancane adhikku kanggo ngeditake konten-kontenku.

Merga isih anyaran nyekel bagian editor video, Bondan kerep takon piye carane ngedit video kang cocok kanggo isen-isening channel youtubeku.

Dakanggep apa sing ditindakake Bondan iki lumrah. Lan kanggoku ora dadi ngapa.

Niyatku gawe channel youtube iki ora mung sawates kanggo golek dhuwit wae, nanging uga kanggo golek pengalaman lan  sinau bebarengan.

“Mas, aku yen terus-terusan nyekel editor video rasane kok ora mampu. Aku luwih seneng nyekel bagian riset wae. Soale bagian editor video kuwi njlimet. Kira-kira cutine Naya rampunge kapan ya?” takone Bondan ing sawijining wektu.

Pitakone Bondan iki ndadekake aku sadhar yen wis luwih saka telung minggu Naya cuti lan tekan saiki durung menehi kabar kapan bisa mlebu kerja maneh. Aku banjur nyoba nelpon Naya. Emane hp-ne ora kena dihubungi.

“Tatu ing atine Naya mesthi jero banget,” batinku.

Sawise ngrampungake ngedit video. Iseng-iseng aku lelayaran ing jagad maya kanthi migunakake komputer sing biyasa digunakake Naya ngedit video. Tanpa daknyana ana salah siji aku medsose Naya sing katone lali di log out.

Saka maneka unggahan sing ana akun medsos duweke Naya kuwi. Ana salah siji unggahan sing gawe kagetku.

Riris, calon pacar on-lineku jebule wis rabi karo priya liya. Lan priya sing dadi bojone Riris kuwi ya bocah lanang sing wis ninggalake Riris.

Weruh kasunyatan kaya mangkono. Sanalika maneka jeneng kewan ing kebun binatang daksebut siji mbaka siji tanpa ana sing kliwatan.

“Mas, ana apa?” takone Bondan kaget.

“Aku ditinggal rabi maneh, Ndan,” wangsulanku sinambi ngempet nesu.

“Tenan ye, Mas? Kayane wingi sampeyan isih kober telpon-telponan karo pacare sampeyan?” takone Bondan maneh.

“Iku tegese dheweke nelpon aku nalika posisine dheweke wis dadi bojone wong, Ndan. Ngono iku jenenge lak dudu…. Ah ora usah tak teruske. Mengko dosaku tansaya akeh,” ujarku ngempet nesu.

“Woshhh, ing babagan ditinggal rabi. Dakakoni sampeyan jan pengalaman tenan , Mas. Upama diibaratke iklan ngono atine sampeyan kuwi kaya iklan semen, Mas.”

“Kok bisa Ndan?”

“Iklan semen kae kan ana sing unine kokoh tak tertandingi. Nha iku cocok kanggo nggambarake atine sampeyan, Mas.”

“Wooo…. gembuss….”

Aku lan Bondan banjur ngguyu cekakan.

Merga rumangsaku ora ana gunane digetuni. Arepa ditangisi sedina-sewengi Riris ora bakal dakduweni maneh. Kejaba Riris pegatan. Nha, iku beda maneh critane.

Rong dina candhake nalika aku leren ngopi ing salah siji warung kopi langgananku. Ora sengaja aku kepethuk karo Naya.

“Nay, lagi ngenteni sapa?” takonku.

“Eh, Mas Anto,” wangsulane Naya kaget. “Nggak ngenteni sapa-sapa kok, Mas. Mung pengin ngopi karo nyuda rasa seseg wae,” tambahe Naya.

Aku banjur lungguh ing ngarepe Naya.

Sawise ngobrol ngalor-ngidul. Aku banjur takon piye kahanane Naya saiki. Sakawit Naya katon nyingitake apa sing sabenere. Nanging katone ana kang disingitake.

“Aku wis ngerti sekabehe Nay,” ujarku.

“Dadi sampeyan wis ngerti yen pacarku rabi karo pacare sampeyan, Mas?” takone Naya rada kaget.

Aku manthuk.

“Sampeyan hebat, Mas.”

“Maksude?”

“Sampeyan kuwi hlo ditinggal rabi karo wong sing ditresnani kok bisa setegar kuwi.”

“Hla, piye maneh, Nay. Aku arepa sedhih kaya ngapa dakkira ora bisa ndadekake kahanan dadi luwih apik. Tinimbang aku sedhih terus penggaweyanku dadi klendran. Rak ya aku tambah rugi akeh. Wis kelangan pacar, penggaweyan dadi ajur-ajuran.”

Krungu omonganku sing pungkasan iki Naya katon kaget. Tanpa daknyana dheweke banjur ngomong,

“Mas, cutiku tekan dina iki wae, ya! Aku sesuk wis siyap kerja maneh,” ujare Naya kanthi kebak semangat. Aku banjur menehi jempol kanggo kaputusane.  

Contoh Cerita Bahasa Jawa Singkat 3

Taman Pancasila Wanci Esuk

Kira-kira patang taun kepungkur aku kepeksa ninggalake kutha iki sabubare aku di PHK jalaran kantorku bangkrut.

Kurang luwih enem taun aku ditugasake ing kutha iki. Dadi lumrah yen kutha Solo dadi salah siji kutha paling istimewa tumrapku.

Sawise rampung mangan. Sinambi nata upa ing weteng. Aku omong-omongan karo Sura ngenani apa sing daklakoni mengko esuk.

“Sampeyan wis manteb tenan kan Mas?” takone Sura.

“Manteb satus persen, Mas. Hla, sampeyan?” wangsulane Sura sinambi ganti takon.

“Padha, Mas.”

“Yen ngono, upama rencanane iki dililani karo Gusti Allah. Sampeyan bakal dadi adhik ipeku?”

“Wenak…,” wangsulane Sura sinambi mesem.

Watara jam telu esuk, sawise muter-muter kutha Solo. Aku lan Sura banjur bablas menyang Salatiga.

“Piye yen awake dhewe adus ing Sendhang Senjoyo, Mas. Sapa ngerti bisa dadi lantaran suksese rencanane awake dhewe?” takonku menyang Sura.

“Masuk kuwi, Mas,” wangsulane Sura.

Rampung adus aku lan Sura banjur mbacutake laku. Esuk kuwi sing dadi tujuanku lan Sura yaiku Taman Pancasila, Salatiga.

Ora watara suwe sing dakenteni teka. Rahma karo adhine teka. Sawise salaman, Rahma pisah karo adhine. Rahma jagongan karo aku.

Dene adhine jagongan karo Sura. Aku sempet grogi. Jalaran lagi sepisan iki ketemu sacara langsung klawan Rahwa.

Sadurunge dina iki anggenku sesambungan mung lumantar hp. Sejatine kawit biyen aku pengin nemoni dheweke. Nanging pepinginanku kuwi kapenggak karo pandhemi lan orane ana biaya kanggo nemoni dheweke.

Untunge sawise pandemi rampung. Celenganku wis cukup kanggo nemoni Rahma. Sawise ngobrol ngalor-ngidul lan takon kepriye kabare. Aku banjur blaka ngenani apa tujuanku nemoni dheweke esuk iki.

Sakawit dheweke kaget karo sing dakomongake. Esuk kuwi aku wis siap karo maneka keputusan sing bakal diwenehake Rahma. Keputusan sing ala lan apik bakale daktampa tanpa rasa cuwa.

“Sejatose kula sampun dangu kepingin mireng babagan niki saking panjenengan sacara langsung, Mas. Menapa ingkang panjenengan raosaken niku sami kaliyan ingkang kula raosaken. Menawi panjenengan saestu kepingin ngrengkuh kula minangka garwa. Kula tengga rawuhe panjenengan dalah kaluwarga ing dalem kula.”

“Saestu, Mbak?”

“Kok, Mbak sih Mas?”

“Eh, saestu, Dhik?”

Rahma manthuk.

Wangsulane Rahma iki kasil ndadekake esuk iki dadi sawijining esuk paling endah sing nate dakrasakake. Aku lega lan bungah banget. Merga tresnaku ora keplok sesisih maneh.

Demikianlah contoh cerita bahasa Jawa Singkat dengan beragam tema yang menarik. Semoga artikel contoh cerita bahasa Jawa ini dapat membuatmu semakin mahir dalam membuat cerita bahasa Jawa.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta