Cerita Wayang Mahabarata Singkat Bahasa Jawa dari Awal Sampai Akhir Lengkap

Cerita Wayang Mahabarata Singkat Bahasa Jawa dari Awal Sampai Akhir Lengkap – Cerita wayang Mahabarata kiranya tidak hanya dikenal di Jawa, tapi di seluruh Nusantara.

Meski banyak orang Jawa yang tidak mengetahui setidaknya 50% dari cerita wayang Mahabarata, namun tidak sedikit yang masih familiar dengan nama-nama tokoh dari wayang Mahabarata.

Oleh karenanya, bagi kamu yang penasaran dengan cerita wayang Mahabarata singkat bahasa Jawa dari awal sampai akhir, temukan di sini.

Mengenal Cerita Wayang Mahabarata versi Jawa

Studio Indonesia/Satrio Ramadhan

Sebelum sampai pada ringkasan cerita wayang Mahabarata singkat bahasa Jawa, mari ulik terlebih dahulu apa itu cerita wayang Mahabarata versi Jawa.

Perlu diketahui bahwa Mahabarata sendiri merupakan sebuah epos yang berasal dari tanah India.

Di Jawa, cerita wayang Mahabarata mengalami banyak penyesuaian, termasuk dalam segi nama tokoh, hubungan antartokoh, hingga setting-setting tertentu.

Terdapat 18 babak cerita atau parwa di dalam cerita wayang Mahabarata. Untuk versi Jawa pun juga berjumlah 18, sama seperti sumbernya.

Adapun 18 Parwa tersebut antara lain:

  1. Adiparwa
  2. Sabhaparwa
  3. Wanaparwa
  4. Wirataparwa
  5. Udyogaparwa
  6. Bhismaparwa
  7. Dronaparwa
  8. Karnaparwa
  9. Salyaparwa
  10. Sauptikaparwa
  11. Striparwa
  12. Santiparwa
  13. Anusasanaparwa
  14. Aswamedhikaparwa
  15. Asramawasikaparwa
  16. Mosalaparwa
  17. Prasthanikaparwa
  18. Swargarohanaparwa

Ringkasan cerita wayang Mahabarata akan berfokus pada 18 Parwa di atas untuk memudahkan pembacaan. Selamat membaca.

Mula Bukaning Mahabarata

Cariyos Mahabarata diwiwiti saka Sakuntala kalawan Raja Duswanra. Raja Duswanra kacarita minangka pamimpin saka Chandrawangsa saka Yayati. 

Raja Duswanta dhaup kalawan Sakuntala kautus saka patapan Begawan Kanwa, banjur ambangun nagari kang namanipun Hastinapura.

Banjur sang Hasti, ngawenehi turun para raja saka Hastinapura, saka kulawarga kasebut, lair sang Kuru. Mbesok, Kuru anduweni kuwasa ing daerah kang aran Kurushetra.

Kurushetra banjur duweni turun Wangsa Kuru kang biasa diarani Kurawa. Sajroning wangsa kasebut, wusanane lair anak pambarep kang duweni nama Pratipta, ramanipun Prabu Santanu, sarta dadi leluhur saka Pandawa lan Kurawa. 

Santanu mangkono raja kang kondhang kaloka jalaran kasil dadekake Kuru ditampa dening Hastinapura. 

Santanu banjur palakrama kalawan Dewi Gangga, nanging ora ditrimakake dening bumi mula Dewi Gangga ninggalake Santanu, sabab bumi ora nampa. 

Senadyan mangkono, Santanu lan Dewi Gangga wus duweni turun pitung putra. Nanging, kabeh putranipun mau dilarung ing begawan Gangga kanthi alesan menawa kabeh putra mau katiban kutuk.

Beja anak ragil isih bisa diselametake Santanu lan diwenehi nama Dewabrata utawa Bisma.

Amerga dhewean, Santanu banjur dhaup kaping pindho kalawan putri abdi kang namanipun Dewi Setyawati.

Kedadeyan kuwi kang dadi jalaran Dewabrata ngocap sumpah menawa ora bakal rabi, kanggo njaga negara supaya ora nganti crah mungsuh putra saka ibu kuwalone.

Saka kramanipun kalawan Dewi Setyawati, lair putra loro kang nama Citranggada lan Wicitrawirya.

Dewabrata banjur lelungan, melu salah sijining sayembara amerga kautus dening ramane. Ing sayembara kuwi, Dewabrata kasil menang lan duwe hak rabi kalawan telung putri ing antarana Ambalika, Amba, lan Ambika.

Dewi Amba tresna banget marang Dewabrata, nanging Dewabrata ora bisa nampa katresnan Dewi Amba amerga wus duweni prasetya ora rabi selawase.

Dewi Amba kang sedih banjur ngocap sumpah suk mben Dewabrata ora bakal mati kajaba amerga titising Dewi Amba dhewa.

Lairing Pandawa lan Kurawa

Cerita wayang Mahabarata banjur mili tekan lairing Pandawa lan Kurawa. Prabu Santanu mundur keprabon.

Ingkang ganti yaiku Citranggada, nanging Citranggada ketemu pati ing umur enom. Wicitrawirya ora bisa dadi raja amerga ora duwe wenang, tur ora bisa rabi amerga wis tuwa.

Mula Wicitrawirya ngutus bojo lorone Citranggada yaiku Ambalika lan Ambika kanggo nemoni Begawan Abyasa supaya entuk berkat putra kanggo nerusake Kraton.

Ing senthong Begawan Abyasa mawujud cahya sumunar, Dewi Ambalika lan Ambika diwenehi prentah supaya ora mbuka mripat luwih dhisik, lan ora merem kesuwen.

Nanging, Ambika kesuwen anggone merem, mula duwe putra kang wuta, kang nama Drestarastra. Sawalike, Ambalika kecepeten anggone buka mripat, mula duwe putra kang pakulitane pucet lan duweni nama Pandu.

Jalaran Drestarastra wuta, mula Pandu kang dadi Raja. Nalika dadi Raja mau Pandu rabi kalawan Dewi Kunti lan Dewi Madrim.

Cilaka, Pandu nglakoni salah marang Dewa amerga wus marai salah siji pawujudan Dewa kelaran jalaran dipanah. Metu supata saka Dewa menawa Pandu menawa palakrama bakal mati.

Pandu dilalah lali marang supata mau, banjur nglakoni palakrama kalawan Dewi Madrim, wekasane Pandu mati.

Welasing Dewa, Kunti lan Madrim tetep duwe putra amerga pitulungan wewacan donga saka Begawan Abyasa.

Saka Dewi Kunti ana putra kang nama Yudhistira, Werkudara, lan Janaka. Saka Dewi Madrim lair putra kembar Nakula lan Sadewa.

Ing liya crita, Drestarastra kang wuta kasil bisa rabi kalawan Dewi Gendari. Nanging Drestarastra lan Dewi Gendari kangelan duweni anak.

Mula Dewi Gendari tirakat marang Dewa saengga entuk nugraha duwe anak nganti 100 cacahe, anak kang banjur kaaran Kurawa.

Wiwitaning Baratayuda Pandawa lan Kurawa 

Nalikanipun Prabu Dewanata seda, Destarata gantosi dados panguwaos. Ananging sakyetosipun ingkang garwa inggih Dewi Gendari kalian Paman Sengkuni ingkang kathah paring kaputusan ing nagarinipun. 

Saking nurutipun Drestarasta marang garwa lan pamanipun, piyambakipun purun maringaken makutha dateng putranipun inggih Prabu Suyudana. 

Dewi Gendari kaliyan Sengkuni wiwit paring alangan kagem Pandhawa supados purun tilar saking nagari Ngastina. 

Bale Sigala-gala

Ingkang kaping kapisan, Prabu Suyudana utawi asma lintunipun Prabu Duryudana punika nyuwun para Pandhawa kagem manggen wonten ing Bale Sigala-gala sedanten. 

Sedyanipun inggih kagem ngobong Pandhawa ingkang wonten ing lebetipun Bale punika. Ananging Paman Widura paring curiga, saengga saged paring warta tetenger kagem Pandhawa. 

Amargi mangertosi sedyanipun Duryudana, Pandhawa lajeng damel terowongan kagem medal saking Bale Sigala-gala ugi saged slamet saking pati obong. 

Pandhawa Dadu

Bibar nglangkungi prastawa ingkang mekaten, sesampunipun saged ngalih saking Bale. Pandhawa wiwit damel nagari piyambak ing tlatah Amarta. Sedayanipun gugur gunung bangun nagari ingkang prasaja.

Mangertosi Pandhawa saged bangun nagari piyambak, para Kurawa tansah kuwatir. Banjur dipun biyantu kaliyan Paman Sengkuni kagem damel sisayat malih.

Pandhawa dipun tantang main dhadhu ingkang kawon kedah maringaken nagarinipun. Anggenipun main radi wulet amargi saking Kurawa dipun biyantu dening Sengkuni ingkang banter anggenipun nganggit cara. 

Cekakipun, Pandhawa kalah nalika mengsah Sengkuni. Nagari Amarta kedah dipun paringaken, Pandhawa kedah nyingkir dhateng wana ngantos 13 tahun. 

Sakintunipun, wonten Kurawa ingkang jarak dhateng Drupadi, garwanipun Puntadewa. Inggih punika dipun pendhet sandhanganipun ingkang damel Drupadi murka banjur mendhet sumpah.

Rikma bakal boten dipun gulung ugi boten dipun kumbah menawi bonten ngagem getihipun Duryudana.

Saklebetipun paukuman 13 tahun, Pandhawa sami nyamar dados kawula ing Matswpati utawi Durgandana. Pramila para kurawa boten mangertosi wonten pundi Pandhawa ing wekdal 13 tahun.

Kresna Duta lan Baratayuda

Sesampunipun nglampahi paukuman ngantos 13 tahun. Para Pandhawa lajeng ngadhep dhateng Prabu Sri Kresna. Sedyanipun nggugat dhateng para Kurawa. 

Prabu Sri Krisna minangka tetuwa inggih penasehat agung dipun suwun dados panengah ng sidhang punika. 

Ingkang dipun suwun Pandhawa inggih punika hak waris ingkang taksih dipun kuwasai Kurawa. Sedyanipun dipun suwun kanthi cara ingkang tintrim.

Sidhang ingkang dipun pimpun dening Prabu Sri Krisna punika dipun sekseni dening para dewa. Wonten Sang Hyang Parasurama, Sang Hyang Kanwa, inggih Bathara Narada.

Ananging napa ingkang dipun suwun dening Pandhawa boten dipun saguhi dening Kurawa. Para Kurawa ugi ngumbar ngendika ingkang damel muntapipun Prabu Kresna minangka panengah.

Boten saged nglerem sabaripun, Prabu Kresna banjur triwikrama, matek aji bala sewu. Dadosaken agenging Kraton Ngastina remuk sedanten. 

Kadadean punika bonten saged dipun wurungaken. Dados wiwitipun perang Baratayudha ing tlatah Kuruserta. 

Sakderengipun perang pecah, Kurawa mejahi Bambang Irawan, inggih punika putra Arjuna ingkang anggadhahi pasuryan ingkang plek kaliyan ramanipun.

Anggitipun Bambang punika Arjuna, dados dipun pejahi boten ampun.

Kaladosan punika dadosaken murkaning para Pandhawa, banjur Baratayuda wiwit. Perang ageng kang kelampahan ngantos 18 dinten, sarta damel kathah kurban, kirang langkung ngantos sekawan yuta prajurit.

Pamungkasing Mahabarata

Pamungkasing cerita wayang Mahabarata katulis ing parwa Swargarohanaparwa. 

Carita diwiwiti nalika Parikesit wus munggah ratu, banjur Yudhistira undur keprabon. Dilalah, para sedulur Pandhawa liyane wus moksa.

Jalaran mengkono, Yudhistira budhal lelaku kanthi dikancani kirik kang setya temenanan marang Yudhistira.

Yudhistira uga sayang banget marang kirik sing digawa mau.

Ing Swargahona parwa kacariyosaken Yudhistira ngancik ing puncak Himalaya kanthi dikancani salah sawijining kirik. 

Nanging, sejatinipun kirik mau wewujudan saka Dewa kang anjalma. Ing sawijining wektu, kirik mau bali dadi Bathara Dharma. 

Let sedhelala, Yudhistira dipethuk dening Bathara Indra kanggo mlebu suwarga.

Sadurung bisa mlebu suwarga, para Dewa aweh pacoba marang Yudhistira.

Cekaking carita, nalika wus mlebu ing suwarga, Yudhistira ora ketemu para sedulur Pandhawa.

Malah para Kurawa kang wis aneng suwarga. Yudhistira rumangsa sedhih amerga para sedulur Pandhawa ora ana suwarga.

Mula Yudhistira mangkat menyang neraka. Nalika tumekeng neraka, Yudhistira sansaya karujit batin amerga weruh para Pandhawa aneng neraka kasiksa katula-tula.

Nanging dumadakan neraka malih dadi suwarga, suwarga malih dadi neraka. Kanyatane para Dewa aweh pacoba lumantar sesawangan kaya mangkono.

Para Kurawa senadyan sethithik tansah duweni kabecikan saengga entuk ganjar suwarga. Sawalike, Pandhawa uga duweni dosa senadyan sethithik saengga kudu nebus dosa ing neraka..

Penutup

Demikian cerita wayang Mahabarata singkat bahasa Jawa yang meringkas bagian awal, tengah, dan akhir cerita Mahabarata.

Begitu banyak pesan amanat yang tertuang di dalam cerita wayang Mahabarata. Kita bisa melihat bagaimana sesuatu itu tidak selamanya berwarna hitam-putih.

Apabila kamu mencari cerita wayang lainnya, temukan saja di blog Mamikos. Semoga bermanfaat.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta