63 Contoh Cangkriman Teka-teki Bahasa Jawa dan Wangsulane Terbaru

Jika kamu sedang mencari contoh cangkriman lengkap dengan wangsulane, maka kamu dapat menemukan contoh cangkriman menarik pada artikel berikut.

21 Januari 2025 Zuly Kristanto

Contoh Cangkriman Pepindhan

  1. Ana sega sapulukan dirubung tuma wangsulane salak.
  2. Ana pitik walik saba kebon wangsulane nanas.
  3. Ana wit cilik wohe gedhe wangsulane semangka.
  4. Awan wit gedhe wohe cilik wangsulane salam.
  5. Panganan bosok nanging rasane malah enak wangsulane tape
  6. Ana klambi abang disogok pak demang manthuk-manthuk wangsulane ontong.
  7. Njabane ireng nanging njerone putih lan rasane legi wangsulane manggis
  8. Ana sawah rong kedhok nanging duwene galengan mung sitok wangsulane godhong gedhang
  9. Matane wolu sikile loro kuwi apa wangsulane wong loro kacamatanan gendhong-gendhongan
  10. Dikokop pucuke nanging sing entek pucuke = wangsulane wong ngrokok

Contoh Cangkriman Wantah

  1. Dikongkon mlebu nanging malah metu. Wangsulane: benik (kancing)
  2. Awake ijo, endhase abang rupane, lan mlakune mundur. Ayo apa Wangsulane: obat nyamuk sing diobong (Obat nyamuk yang dibakar)
  3. Anane neng ngisor nanging sing digoleki malah neng dhuwur Wangsulane: gendheng bocor (genteng yang bocor)
  4. Dikethok nanging malah tansaya dhuwur  Wangsulane: clana (selana)
  5. Yen isih cilik bisa diajak kekancan, dene wis gedhe dadi mungsuh Wangsulane: Geni (api)
  6. Yen sithik senenge ora njamak, lek akeh malah gawe susah. Wangsulane: banjir

Contoh Cangkriman Tembang

Contoh 1

Bapak pocung dudu watu dudu gunung
sankane ing sabrang
nggon anggone sang Bupati
yen lumampah si pocung lambeyan grana

Jawaban: gajah

Contoh 2

Bapak pocung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Ancik ancik wesi miring
Yen lumaku si pocung ngumbar suwara

Jawaban: sepur = kereta api

Contoh 3

Bapak pocung amung sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka si pocung dadi dahana

Jawaban: penthol korek = korek api

Contoh 4

Bapak pocung, cangkemu marep mandhuwur,
Sabane ing sendhang,
pencokane lambung kering,
Prapteng wisma si pocung mutah kuwaya.

Jawaban: klenthing = nama alat untuk mengambil air

Contoh 5

Namung tutuk, Lan netra kalih kadulu,
Yen pinet kang karya,
Sinuduk netrane kalih,
Yeku sarat ira bangkit ngemah-ngemah.

Jawaban: Gunting

Demikianlah contoh cangkriman dalam bahasa Jawa dengan jawabannya. Semoga artikel ini dapat memberikan wawasan tentang cangkriman bagimu.

Close