Contoh Doa Malam Tirakatan 17 Agustus 2026 dalam Bahasa Jawa Simple dan Penuh Makna
Apakah kamu sedang membutuhkan contoh doa malam tirakatan 17 Agustus 2026 dengan menggunakan bahasa Jawa yang simple dan penuh makna? Yuk, temukan contohnya hanya di sini!
Contoh 3 Doa Malam Tirakatan Bahasa Jawa
Gusti Allah Ingkang dados sesembahan kula.
Dalu punika kawula warga [Nama Wilayah] ngaturaken puji sokur dhumateng ngarsanipun Paduka, awit taksih dipun paringi kasarasan saengga saged nindakaken Malam Tirakatan RI ingkang kaping 81.
Gusti Allah, Gusti Sesembahan Kawula.
Wonten wekdal punika kawula hanggadhahi panyuwunan mugia tansah pinaringan kekiyatan kagem nglampahi gesang ingkang tansaya rekaos.
Mugi-mugi lumantar konjukipun donga wonten dalu punika, Gusti Allah saged paring pepadhang tumrap para pamengkuning praja supados saged nengenaken nasibipun kawula alit ingkang tansaya kesrakat gesangipun.
Gusti Allah, Gusti Sesembahan Kawula.
Dalu punika, kawula ugi kagungan panyuwunan mugia bangsa ugi nagari Indonesia tansaha lestari salaminya sarta kawulanipun tansah dipun paringi bagya mulya.
Boten kesupen kawula ugi nyenyuwun wonten ngrasanipun Paduka murih sedaya masyarakat Indonesia tansaha rukun, boten wonten serik ugi cecongkrahan.
Amargi tanpa wontenipun kerukunan sapadhaning kawula, kamardhikan bakal rinaos sepa sarta boten bakal lestari kanthi wekdal ingkang lami.
Gusti Allah, Gusti Ingkang Murwat Jagad.
Kawula ugi nyuwun dipun paringi kekiyatan supados saged njagi lestarining nagari saking sedaya pihak ingkang kagungan niyat nglebur negari punika.
Mugia sedaya pihak ingkang sapunika taksih kasusupan pepeting wonten manahipun enggal pikantuk pepadhang saengga kersa tobat saking tumindakipun ingkang lepat.
Dhuh Gusti Allah, Gusti Ingkang Minulya.
Kawula ugi kagungan panyuwunan mugi-mugi sedaya arwahipun para pahlawan ingkang sampun merjuwangaken kamardhikanipun bangsa punika tansah pinaringan pangaksama saking sedaya kalepatanipun sarta dipun papanaken wonten papan ingkang murwat ing sisihing Paduka.
Gust Allah, Gusti Sesembahan Kawula.
Kawula boten kesupen ugi badhe nyenyuwun mugia tansah pinaringan kekiyatan supados saged nderek njagi kamardhikan ingkan Paduka titipaken murih saged lestari dumugi putra ugi wayah. Amiin ya rabbal alamin.
Contoh 4 Doa Malam Tirakatan Bahasa Jawa
Dhuh Gusti Allah, Gusti Ingkang Maha Wikan Saha Maha Asih.
Wonten dalu punika, kawula ingkang sami nindakaken Malem Tirakatan, kawula sami tumungkul sinambi nyadhong kridha lumahing asta kagem ngonjukaken raos sokur ingkang ageng tumrap nikmat kamardhikan ingkang sampun dipun paringaken tumrap bangsa Indonesia.
Kamardhikan ingkang Paduka titipaken punika mujudaken nikmat ingkang boten kinira, awit bangsa Indonesia sampun uwal saking panindhesanipun para penjajah.
Gusti Allah, kawula nyuwun agunging pangaksama awit kawula taksih asring boten saged ngraos sokur paringanipun Panjenengan.
Mugi-mugi Paduka tansah kersa paring pepiling bilih kawula kesupen nindakaken sokur saking sedaya nikmat gesang wonten kahanan ingkang mardhika.
Gusti Allah Ingkang Maha Asih.
Kawula nyuwun dipunparingi kekiyatan sarta kawaskitan supados tansah saged mbedakaken pundi ingkang sae ugi pundi ingkang awon, saengga saged nebihi sedaya pihak ingkang kagungan watak angkara murka, ingkang kagungan gegayuhan ngrusak tataning nagari.
Mugi-mugi Paduka tansah paring kekiyatan tumrap sedaya bangsa Indonesia murih saged njagai kamardhikan punika lestari salaminya. Aminn ya rabbal alamin.
Halaman:
