Contoh Doa Malam Tirakatan 17 Agustus 2026 dalam Bahasa Jawa Simple dan Penuh Makna
Apakah kamu sedang membutuhkan contoh doa malam tirakatan 17 Agustus 2026 dengan menggunakan bahasa Jawa yang simple dan penuh makna? Yuk, temukan contohnya hanya di sini!
Contoh 5 Doa Malam Tirakatan Bahasa Jawa
Dhuh Gusti Ingkang Ngreksa Jagad sarta Isinipun.
Dalu punika kawula sumarah nyenyuwun sedaya sih ugi rahmatipun panjenengan. Mugia bumi nuswantara punika tansah pinaringan kaberkahan tumrah sedaya ing gesang wonten nginggilipun, tansah gemah ripah loh jinawi, saged nyekapi sedaya kabetahanipun rakyat.
Mugiya samudra, pertiwi, lan ngangkasa sageda lestari boten risak mergi tumindakipun manungsa ingkang kadunungan sifat srakah. Paringana sedaya rakyat Indonesia ugi para pamangku praja raos cekap, kebak welas asih, sarta tansah nindakaken lampah utami supados kamardhikan puniki saged lestari.
Dhuh Gusti Ingkang Ngreksa Jagad.
Kawula kagungan panyuwunan mugi-mugi para pamangkuning praja saged dados patuladhan ingkang becik tumrap warga.
Sasenese punika, kawula ugi kagungan panyuwunan mugi-mugi sedaya rakyat Indonesia tansah saged rukun, boten gampil congkrah, sarta saged cancut tali wanda njagi kamardhikan ingkang sampun Paduka titipaken.
Kawula ugi nyenyuwun supados sedaya warga negara Indonesia tansah pinaringan kawicaksanan supados saged ngreksa alam kanthi kebak welas saha asih, saengga alam titipanipun generasi ingkang badhe dugi tansah lestari. Amin ya rabbal alamin.
Contoh 6 Doa Malam Tirakatan Bahasa Jawa
Dhuh Gusti Ingkang Nguwasani Gesang, kawula nyenyuwun mugia arwahipun para pahlawan ingkang sampun kondur wonten alam kelanggengan sageda dipunaksama sedaya lepatipun sarta diparingi margi ingkang padhang, saha dipunsukani papan ingkang murwat wonten sisihing Gusti Ingkang Maha Wikan.
Dhuh Gusti, kawula ugi nyenyuwun mugi sedaya pihak ingkang remen ndamel congkrah, remen ndamel rakyat susah, remen ndamel bangsa menika nandang kapitunan enggal dipunparingi emut utawi pidana ingkang imbang kaliyan kalepatan ingkang sampun dipuntindakaken.
Dhuh Gusti Kawula Ingkang Maha Linuwih, kawula nyenyuwun mugia sedaya rakyat Indonesia ingkang taksih nandang kekirangan mugia tansah dipunparingi cekap kabetahanipun. Dene ingkang dereng mengku damel ingkang asilipun murwat, saged dipun sukani pendamelan ingkang asilipun saged ndadosaken manah bingah.
Dhuh Gusti Kawula Ingkang Maha Agung, kawula nyenyuwun supados tansah dipun paringi kakiyatan supados saged tetulung tumrap sapadhaning titah ingkang mbetahaken.
Dhuh Gusti Kawula Ingkang Murbeng Dumadi, kawula tansah nyenyuwun supados tansah dipunsukani kekiyatan kagem njagi lestarining kamardhikan punika dumugi puputing jagad. Amin ya rabbal alamin
Contoh 7 Doa Malam Tirakatan Bahasa Jawa
Dhuh Gusti Allah, Junjungan Kawula, wonten wekdal punika kawula ngonjukaken sedaya raos sokur saking sedaya nikmat kamardhikan ingkang sampun Paduka paringaken. Mugi-mugi Paduka tansah paring emut tumrap kawula supados saged ngraos sokur gesang wonten nagari ingkang sampun mardhika punika.
Dhuh Gusti Allah, Pengeran Kawula, wonten malam tirakatan punika, kawula warga [Nama Wilayah], nyenyuwun supados tansah dipunparingi kekiyatan, kerukunan, ugi kasarasan supados saged nyengkuyung lestaring nagari.
Dhuh Gusti Allah, mugia Gusti tansah kersa paring njangkepi sedaya kekirangan punapa kemawon ingkang kawula raosaken, nebihaken sedaya bebaya saking kawula warga [Nama Wilayah], saha njagi lestarining bangsa Indonesia.
Dhuh Gusti Allah Ingkang Ngreksa Jagad saha isinipun, mugia Paduka tansah kersa paring pangakasama tumrap sedaya kalepatanipun para pahlawan ingkang sampun merjuwangaken kamardhikanipun bangsa Indonesia, ingkang samenika sampun kondur wonten alam kalanggengan.
Mugia sedaya arwahipun para pahlawan tansah tinampi sedaya amal kasaenanipun, tansah pinaringan papan ingkang jembar saha padhang marginipun.
Dhuh Gusti Ingkang Maha Wikan, kula nyenyuwun mugia sedaya warga Indonesia ingkang sapunika taksih nandang kacingkrangan gesangipun, mugia tansah dipunparingi linangkung kathah rejekinipun saengga saged ngraosaken bingah gesang wonten nagari ingkang mardhika.
Dhuh Gusti Allah, kawula ugi nyenyuwun mugi-mugi para pangarsaning praja tansah pinaringan manah ingkang suci saengga saged dados patuladhaning kawula. Amin ya rabbal alamin.
Demikian contoh referensi doa Malam Tirakatan 17 Agustus 2026 Bahasa Jawa yang simpel dan penuh dengan makna. 🤲🤗
Referensi:
Berikut Contoh Doa Malam Tirakatan 17 Agustus dengan Bahasa Jawa [Daring]. Tautan: https://radartulungagung.jawapos.com/seni-budaya/2508160022/berikut-contoh-doa-malam-tirakatan-17-agustus-dengan-bahasa-jawa
Contoh Teks Bacaan Doa Malam Tirakatan 17 Agustus Bahasa Jawa [Daring]. Tautan: https://tirto.id/contoh-teks-bacaan-doa-malam-tirakatan-17-agustus-bahasa-jawa-g2zp
Bacaan Doa Malam Tirakatan 17 Agustus Bahasa Jawa Lengkap [Daring]. Tautan: https://www.suara.com/lifestyle/2024/08/12/105726/bacaan-doa-malam-tirakatan-17-agustus-bahasa-jawa-lengkap
Halaman: