15 Contoh Geguritan Bahasa Jawa Singkat, tentang Pendidikan Sekolah, Alam, Lingkungan, dan Pahlawan
Ingin membuat geguritan bahasa Jawa yang singkat dengan tema pendidikan, alam, lingkungan, serta pahlawan? Simak contoh-contohnya berikut.
2. Geguritan Tema Sekolah
Sekolahku,
Panggonku ngangsu kawruh
Dididik dening guru
Amrih dadi bocah kang mituhu
Sekolahku,
Gedungmu ora megah
Tegelmu dudu keramik
Nanging kenanganmu tansah takeling-eling
3. Geguritan Tema Guru
Guruku,
Lakumu saben dina taktiru
Dadi tuladha kanggo awakku
Amarga sliramu sugih ilmu
Guruku,
Sifatmu kang sabar
Sanajan aku ora bisa cepet paham
Bakal dadi semangatku kanggo tetep sinau
4. Geguritan Tema Alam
Sembah nuwun konjuk Gusti
Ingkang kuwasa nyiptakake bumi
Sumringah lan bungah atiku
Nyawang ciptan kang agawe pikiran endah
Sembah nuwun, Gusti
Ingkang aweh rasa tresna marang manungsa
Supaya melu ngrumat alam
Lan ora tumindak ala uga ngrusak
5. Geguritan Tema Alam
Nalika aku menyang kali
Banyune bening, tansah mili lan migunani
Kewan-kewan urip bebarengan
Dadi saksi yen urip neng kali gawe nyaman
Sanajan aku urip ndeso
Aku ora nate sambat
Ora kepengen urip neng kutha
Merga urip neng caket kali
Aku bisa luwih cedhak marang Gusti
6. Geguritan Tema Alam
Sumilir angin pesisir
Bebarengan klawan ombak;
kang nabrak watu ing pinggir
Minangka tandha mangsa rendheng teka
Pra nelayan wiwit ngati-ati lunga segara
7. Geguritan Tema Lingkungan
Nalika aku mlaku-mlaku
Mripatku nyawang ijone wit-witan
Hawane seger, marai ati ayem
Sanajan dudu aku sing nandur
Aku tetep bisa lungguh ing sangisore
8. Geguritan Tema Lingkungan
Lara atiku nyawang alamku rusak
Sampah neng kali
Wit-witan ditegori
Lemah lan sawah dadi omah
Yen kaya mangkono
Anak putuku sesuk kudu menyang ngendi?
9. Geguritan Tema Pahlawan
Indonesiaku
Pitung puluh pitu tahun mardika
Bebas saka landa
Amarga pahlawan kang tumandang nggawa senjata
Saiki
Perang wis purna
Cah enom ora entuk males
Perjuangane saiki dudu ngalahake mungsuh
Nanging, ngalahake rasa males sajroning dhiri pribadhi
10. Geguritan Tema Pahlawan
Ora ana perjuangan pahlawan kang entheng
Getih lan nyawa, kuwi bayaran
Kanggo nagari Indonesia
Mula,
Kita lan wong tuwa
Kudu angreksa apa kang wis ana
Ora oleh sambat apa meneh ngersula
11. Geguritan Tema Persahabatan
Kanca sejati ora ninggal nalika susah
Becik atine ora mung nalika seneng
Tansah nulungi tanpa nyawang baline
Persahabatan sejati kaya lintang ing langit wengi
Ora katon saben wektu, nanging tansah ana
12. Geguritan Tema Ibu
Ibuku, wanita kang sabar
Tangane atos amarga kerja saben dina
Ora nate sambat sanajan kesel
Tansah ndedonga kanggo anak-anake
Gusti, paringana pangapura lan sih marang ibuku
13. Geguritan Tema Disiplin
Disiplin iku kunci sukses
Ora gampang nanging wigati
Teka sekolah ora kena telat
Nggawe PR kudu tepat wektu
Supaya dadi bocah kang tanggung jawab lan jujur
14. Geguritan Tema Cinta Tanah Air
Tanah airku Indonesia
Negara kang endah lan sugih budaya
Saka Sabang nganti Merauke
Ayo padha ngreksa lan ngajeni
Supaya tetep lestari nganti anak putu sesuk
15. Geguritan Tema Gotong Royong
Gotong royong dudu mung tembung
Nanging tumindak sing kudu dilakoni
Nalika tetangga butuh pitulungan
Kita kudu melu nulungi
Amarga urip rukun iku kunci tentreming ati
Halaman:


