10 Contoh Geguritan Tema Lingkungan, Kesehatan, dan Kebersihan Bahasa Jawa Singkat
Geguritan yang indah dapat dibangun dari apa yang dekat dengan kita. Pada artikel ini, Mamikos akan memberikan contoh geguritan dengan berbagai tema.
Langgam Wengi
Wengi iki mung swarane komputerku
Sing mbengung aweh panyela mring langgam wengi
Ing kono daksuntak sekabehane rasa
Sing ana ing njero batin lan pikiran
Kanthi sedhela-sedhela swara mau kandheg
Jalaran kasentak tekane nyamuk sing pengin nyolong inspirasi
Swara napas lan swarane angin wengi wis kasil nyawiji
Lumaku kanthi ngetutake getering jantung
Ah, nyatane aku mung trima wayang
Sing ora kuwagang pepinginane dhalang
Mumpung pakeliran isih padhang lan katon damang
Bakal daklari ana ngendi dununge tamba sejati
Menawa ing perangan bumi liya
Ana tamba sing kena digawe usada
Tumrap lara kang puluhan taun daksangga
Kang wis nyebabake aku kelangan akeh kalodhangan
Wiwit pikantuk pakaryan tekan endahing katresnan
Ning, aku kudu tansah eling
Ora ana critane wayang kang kumawani gugat
Katetapan kang wus karancang dening Dhalang
2022
Contoh Geguritan Tema Kebersihan
Tanpa Kena Dinuga
Yen tengah wengi iki slirane isih durung merem
Muga wae isih bisa nemu esem
Minangka gegaman kanggo ngadhepi jaman
Kang kebak larahan
Ing kene daktandur pangarep-arep
Enggal akeh wong pinaringan kesadharan
Amrih ngerti wigatine karesikan tumrap panguripan
Yen tengah wengi iki slirane durung merem
Sawangen lintang-lintang sing katon surem
Polusi sing tansaya ndadra wis gawe lintang kelangan esem
Sunare lintang-lintang wengi nyatane
Ora mung saderma dadi pepaese wengi
Nanging mujudake pepiling wigati
Yen sekabehe tumindake manungsa
Ing salumahe bumi
Bakale ana piwalese dhewe-dhewe
Yen senengane mbuwang larahan sembranan
Aja kaget menawa nemu lelara kang tekane
Tanpa kena dinuga
2022
Nyata lan Mardhika
Sejatine aku wis weruh
Sapa kang mapanake dheweke ing kene
Kutahna tangismu murih lega atimu
Supaya sing tumindak kaya ngene
Ngerti asil saka tumindake
Sejatine aku wis weruh
Kena ngapa pagebluk iki ora ana enteke
Apa gunane golek usada
Yen nyatane larahan-larahan
Ing kene isih dadi susuhing tikus
Sarta coro sing bisa ngundang tekane lelara
Tumrap manungsa kang lali njaga karesikan
Pribadhi, kaluwarga, sarta lingkungan
Aja mung seneng umuk
Ngakon njaga karesikan
Ning nyatane kanthi sesidheman
Isih seneng mbuwang larahan kanthi sembranan
Sejatine aku ngerti
Kepriye carane nyirnakake lelara
Saka salumahe bawana
Nanging apa iya manungsa saguh
Ngupayakake karesikan sacara nyata lan mardhika
Ambegan Bumi
Ambeganing bumi saya sesek
Katindhes larahan lan bledug ireng
Wit-witan sing biyen ngiyupake urip
Saiki mung kari tunggak garing kerip
Manungsa padha geguyon bab kamajuan
Nanging lali marang titipan alam
Segara dadi kubangan reged
Kali dadi saksi tumindak sembranan
Yen siji dina bumi wiwit ngamuk
Aja sambat lan aja gumun
Sebab nesune alam
Asale saka tumindak manungsa dhewe
Tetesing Lestari
Isih ana swara banyu mili
Ing sela watu lan oyod suket
Isih ana suwara manuk nembang
Sanajan saya arang sing krungu
Aku nyekseni alas saya nyusut
Katukar beton lan kaca gedhe
Jenenge kaendahan mung kari foto
Ing layar piranti genggeman
Nanging muga isih ana tetes kesadaran
Ing atine manungsa kang urip saiki
Supaya anak putu mbesuk
Isih bisa nyawang alam kanthi rasa syukur
Demikianlah contoh geguritan yang disusun dari berbagai tema mulai dari lingkungan, kesehatan, hingga kebersihan. Semoga artikel ini dapat membuatmu lebih terampil menciptakan geguritan.
Halaman:
