8 Contoh Geguritan Tema Lingkungan, Kesehatan, dan Kebersihan Bahasa Jawa Singkat

8 Contoh Geguritan Tema Lingkungan, Kesehatan, dan Kebersihan Bahasa Jawa Singkat – Geguritan merupakan karya sastra Jawa modern yang tata cara penulisannya memiliki kemiripan dengan puisi.

Walau setiap penulis memiliki kebebasan yang mutlak dalam membuat sebuah geguritan.

Namun, seorang penulis geguritan yang disebut pula sebagai penggurit memiliki kewajiban untuk mematuhi penulisan karya sastra Jawa berupa geguritan yang benar.

Tentang Penulis Geguritan

https://www.pexels.com/@ditta-alfianto-245054498/

Dengan mematuhi tata penulisan Jawa yang benar akan membuat geguritan yang dihasilkan seorang penggurit tidak ambigu dan lebih mudah dipahami pembacanya.

Seperti yang dikatakan sebagian orang bahwa karya sastra merupakan hasil dari pengamatan dan pengendapat penulis terhadap lingkungan sekitarnya.

Banyak hal di dunia ini yang bisa digunakan untuk membuat tema sebuah geguritan.

Dalam artikel ini Mamikos akan memberikan geguritan dengan tiga tema yakni tema lingkungan, tema kesehatan, dan tema kebersihan.

Supaya lebih jelasnya, bagaimana contoh geguritan dengan tema lingkungan, tema kesehatan, dan tema kebersihan, kamu dapat menyimak contoh-contohnya seperti di bawah ini.

Contoh Geguritan Tema Lingkungan

Saumpama

Sliramu ayu banget
Daksawang saben esuk
Nalika bun-bun esukmu teka
Gawe segering netra

Gegodhongan ijo sarta arume kembangmu
Ngungkulake tresnaku marang sliramu
Pengin dakjaga sarta dakrumat sliramu
Supaya sliramu bisa melu njaga lestarine jagad

Saupama ijone godhongmu bisa ngasilake wifi
Samesthine bakal akeh wong kang nandur slirane
Mung bisa ngasilake hawa
Kang gunane kerep dilalekake

2022

Bengawan Solo

Senajan ilimu saiki kebak klawan larahan
Kasunyatane sliramu isih saguh nyathet lakune jaman
Abang birune kahanan
Kagambar kanthi cetha ing iline banyu sing sajak kabotan
Anggene nggembol cangkriman
Ing kene wis ora ana prau lelayaran
Bandar-bandar ing sapinggire bengawan
Wis padha mati
Kapendhem larahan

Baita-baita sing duk semana
Kekitrang nyigar iline banyu bengawan
Saiki padha tapa
Amarga kayu-kayune wis malih rupa dadi terbela
Sing akeh didol ing sakidule prapatan gading
Yen manungsa wis padha lirwa klawan alam
Mula aja disalahke
Yen ana nesune alam
Kang akeh gawe kapitunane manungsa

2022

Isih Kaya Wingi

Saben dakngungak jembare langit
Sing ana mung rasa pait kang tansaya njekit
Jalaran lakune dina mung nuduhake kasunyatan
Kang adoh saka kekarepan

Taun iki isih kaya taun-taun sing wingi
Isih akeh wong kandha kudu njaga
Alam amrih lestari
Nanging nyatane isih mbuwang larahan sembranan

Wit-witan ing gunung ditegori
Kaganti gubuk-gubuk sing kena kanggo selfi
Perkara endi sing luwih wigati
Wis angel dipilah lan dipilih
Jalaran kabeh padha ngugemi benere dhewe

Kalane dakrungu kabar ana papan wisata anyar
Kang kabuka lan dadi kembang lambe
Nyatane akeh kang dikurbanake
Alas sing kudune dijaga kelestariane
Wis disulap dadi papan nyangkruk lan ngopi
Kang babar pisan ora menehi paedah
Tumrap lestarine alam

Contoh Geguritan Tema Kesehatan

Sejatining Usada

Muga wae sliramu isih kadunungan kasabaran

Rikala ngadhepi pait getiring kasunyatan

Nalika akeh manungsa seneng mbuwang larahan

Kanthi sembaranan tanpa ngerti empan papan

Kali, segara, lan sumber banyu wis kebak larahan

Saengga akeh lelara kang kerep njaluk tumbal nyawa

 

Muga wae isih padha nduweni kalodhangan

Kanggo nyawang padhange rembulan

Sabubare ngresiki sakehing larahan

Saka tengahe blumbang

Kang sasuwene iki dadi sumbere lelara

Ing jaman kang tansaya tuwa

 

Ing satengahe urip bebrayan

Kudu bisa empan papan

Njaga karesikan bebarengan

Supaya kaluwarga adoh saka sawernane

Lelara kang kadhang kala

Butuh arta amba

Nalika golek sarana

Amrih kang nandang lelara

Pikantuk sejatining usada

2022

Usada Utama

Sepisan maneh kudu dakwulang atiku
Amrih bisa aweh panarima
Marang garising nasib
Kaya wengi iki

Nalika ros-rosaning balung nandang lelara
Kang wolali dadi winih
Laire luh saka tlapukane netra
Nalika langit wis ora saguh andum cahyane
Kepeksa daksigar dhadhaku amrih bisa dakweruhi
Sepira gedhene panarima sing dakduweni

Saengga bisa dakweruhi sepira gedhene panandang
Kang bisa daksangga kanthi ati kang kepaten rasa
Ireng lan putih padha katon kanthi trawaca
Nalika isen-isening ati mau daklarung ing jembare samudra

Wengi wis rampung anggene netepi janji
Rasanku wis bali nyawiji
Sawise sewengi muput lelayaran
Ing jembare samudra pikir

Nalika bang-bang wetan wiwit katon ing cendhela
Dakweruhi yen mripatmu isih nyimpen cahyane lintang waluku
Mula lilakna aku nempil kawelasan sarta asihmu
Kanggo aweh usada marang raga kang tansaya rengka
Sawise wola-wali ketaman maneka werna lelara 

Langgam Wengi

Wengi iki mung swarane komputerku
Sing mbengung aweh panyela mring langgam wengi
Ing kono daksuntak sekabehane rasa
Sing ana ing njero batin lan pikiran
Kanthi sedhela-sedhela swara mau kandheg

Jalaran kasentak tekane nyamuk sing pengin nyolong inspirasi
Swara napas lan swarane angin wengi wis kasil nyawiji
Lumaku kanthi  ngetutake getering jantung
Ah, nyatane aku mung trima wayang
Sing ora kuwagang pepinginane dhalang
Mumpung pakeliran isih padhang lan katon damang
Bakal daklari ana ngendi dununge tamba sejati

Menawa ing perangan bumi liya
Ana tamba sing kena digawe usada
Tumrap lara kang puluhan taun daksangga
Kang wis nyebabake aku kelangan akeh kalodhangan

Wiwit pikantuk pakaryan tekan endahing katresnan
Ning, aku kudu tansah eling
Ora ana critane wayang kang kumawani gugat
Katetapan kang wus karancang dening Dhalang

2022

Contoh Geguritan Tema Kebersihan

Tanpa Kena Dinuga

Yen tengah wengi iki slirane isih durung merem
Muga wae isih bisa nemu esem
Minangka gegaman kanggo ngadhepi jaman
Kang kebak larahan

Ing kene daktandur pangarep-arep
Enggal akeh wong pinaringan kesadharan
Amrih ngerti wigatine karesikan tumrap panguripan
Yen tengah wengi iki slirane durung merem
Sawangen lintang-lintang sing katon surem

Polusi sing tansaya ndadra wis gawe lintang kelangan esem
Sunare lintang-lintang wengi nyatane
Ora mung saderma dadi pepaese wengi
Nanging mujudake  pepiling wigati
Yen sekabehe tumindake manungsa
Ing salumahe bumi
Bakale ana piwalese dhewe-dhewe

Yen senengane mbuwang larahan sembranan
Aja kaget menawa nemu lelara kang tekane
Tanpa kena dinuga

2022

Nyata lan Mardhika

Sejatine aku wis weruh
Sapa kang mapanake dheweke ing kene
Kutahna tangismu murih lega atimu
Supaya sing tumindak kaya ngene
Ngerti asil saka tumindake

Sejatine aku wis weruh
Kena ngapa pagebluk iki ora ana enteke
Apa gunane golek usada
Yen nyatane larahan-larahan
Ing kene isih dadi susuhing tikus
Sarta coro sing bisa ngundang tekane lelara
Tumrap manungsa kang lali njaga karesikan
Pribadhi, kaluwarga, sarta lingkungan

Aja mung seneng umuk
Ngakon njaga karesikan
Ning nyatane kanthi sesidheman
Isih seneng mbuwang larahan kanthi sembranan

Sejatine aku ngerti
Kepriye carane nyirnakake lelara
Saka salumahe bawana
Nanging apa iya manungsa saguh
Ngupayakake karesikan sacara nyata lan mardhika

Demikianlah contoh geguritan yang disusun dari berbagai tema mulai dari lingkungan, kesehatan, hingga kebersihan. Semoga artikel ini dapat membuatmu lebih terampil menciptakan geguritan.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta