Contoh Geguritan Tema Guru 2, 3, 4 Bait Singkat yang Menarik dan Menyentuh Hati

Contoh Geguritan Tema Guru 2, 3, 4 Bait Singkat yang Menarik dan Menyentuh HatiGuru merupakan orang yang paling berjasa kepada manusia. Sebab, darinya manusia dapat memiliki dan mendapatkan banyak pengetahuan.

Guru yang dimaksud di sini bukan sebatas guru yang ada di sekolah, melainkan semua orang yang memberikan atau menularkan pengetahuan yang dimilikinya juga dapat disebut sebagai guru.

Hubungan antara murid dengan guru dapat dijadikan bahan untuk membuat geguritan yang menarik dan menyentuh hati. Di bawah ini adalah contoh geguritan tema guru dengan beberapa bait.

Mengenal Sekilas Geguritan

https://rise.smeru.or.id/

Geguritan merupakan salah satu karya sastra Jawa yang cukup dikenal secara luas oleh masyarakat Jawa, serta lebih mudah untuk dibuat karena tidak memiliki aturan metrum.

Di tingkat sekolah, geguritan diajarkan dalam mata pelajaran budaya Jawa atau bahasa Jawa untuk membuat siswa-siswi yang berbahasa ibu Jawa senantiasa bisa berbahasa Jawa.

Bukan hanya berbahasa Jawa secara pasif dan aktif, namun juga dapat menggunakan bahasa Jawa sebagai media ekspresif melalui penciptaan geguritan.

Contoh Geguritan Tema Guru 2 Bait

Guruku

Sira kang mulang aku
Sira kang mulang tanpa sayah
Nesumu minangka tandha tresnamu
Marang aku kang isih cubluk
Aku durung ngerti carane matur nuwun
Muga wae guritan prasaja iki bisa dadi sarana
Kanggo ngucapake matur nuwun marang sliramu

Sliramu wis menehi aku akeh kawruh
Sliramu ora bosen-bosen ngajari aku
Mung tembung matur nuwun
Ingkang saged kula aturaken
Nyuwun pangaputen
Yen murid isih cubluk

Guruku Pahlawanku

Guruku sampeyan minangka tuntunanku
Guruku panjenengan pahlawanku
Guruku kadang aku nesu
Senajan sliramu gela, panjenengan tetep sabar nuntun aku

Guruku, panjenengan pahlawan nyata ing uripku
Panjenengan sampun paring ilmu kangem kula saben dina
Matur nuwun guruku
Aku bakal tansah eling jasamu
Ing Sadawane uripku

Matur Nuwun Guruku

Panjenengan tuntunan kawula
Tanpa panjengan
Bakal dados punapa kula
Panjenengan pahlawan ing gesang kula
Paring ilmu ingkang manpangat
Damel ngupadi gegayuhan
Matur nuwun guruku

Sedaya ilmu saking panjenengan
Bakal dados sangu kagem ngadhepi
Dinten-dinten ingkang badhe dumugi

Guruku Wong Tuwaku

Guruku…
Panjenengan wong tuwaku ing sekolah
Panjenengan sing mulang aku maca lan nulis
Panjenengan sing nggawe aku bisa ngitung

Guruku…
Panjenengan pahlawan tanpa tanda jasa
Matur nuwun bapak ibu guru ingkang sampun
Ndadosaken kula bisa nulis, maca lan ngitung
Matur nuwun guruku
Matur nuwun kang tanpa upama

Guru Ilmu Panguripan

Oh Guruku…
Panjenengan tansah paring pangapura
Marang sakehing kaluputanku
Nalika aku susah, panjenengan paring panglipur
Panjenengan ngrumat kula kaya anake dhewe

Oh Guruku…
Paduka ingkang madhangi kawula,
Kadya srengenge madhangi bumi
Aku matur nuwun marang panjenengan
Guru kang paring ilmu panguripan
Kang ora daktemu ing bangku sekolahan

Contoh Geguritan Tema Guru 3 Bait

Yen Purnama Teka

Yen wulan purnama teka
Cahya diedum kanggo jagad saisine
Ngilangke pepeteng saka pepeteng donya
Kuwi pandongane guru

Marang para siswane
Sepira gedhene dosa
Sing kudu ditanggung siswa
Kang kumawani nggawe
Susah gurune

Senajan ora sampurna
Nanging kabeh pandonga apik
Lan kabeh hormat
Kudu disajikake marang dheweke
Amarga bebendune guru
Bakal bebendune jagad raya

Sayuta Lampu saka Guruku

Aku weruh panjenengan jumeneng ing mripatku
Ngasta sasuwir wektu
Nalika panyawang ketemu
Aku nggegem sayuta lampu saka sampeyan

Cahya ngelmu wis mlebu ing pikiranku
Nyatane aku pengin, dheweke njilma dadi titah
Panjenengan dadi pepadhang ing satengahe jiwaku sing peteng
Kaya tetes banyu ing ara-ara samun

Dhuh guruku
Panjenengan taman panguripan
Mayuta-yuta kawruh sampeyan nandurake
Ora kesel lan ora duwe pengarep-arep
Perjuangan kanggo ndhidhik generasi bangsa

Manising Ilmu

Dhuh lampune ati
Nalika aku cubluk  kawruh,
Panjenengan aweh pepadhang
Panjenengan nylametake
kawula sakawuta aksara

Crita sing kebak makna
Tansah diparingake saben dinane
Nepungi donya saisine
Supaya ora keblinger
Klawan godhane donya

Masa depanku katon cerah merga panjenengane
Sliramu tanpa bisa kaganti
Aku mesthi ngarep-arep rawuhmu
Ngrantu ngilmu sing manis pindha madu

Rembulan Panglong

Rembulan panglong cumondhok
Ing sandhuwure kaca cendhela
Dheweke ngawe-awe sinambi nyunggingake
Esem kebak pangece
Marang aku lan slirane
Sing isih katrem marang impen wingi sore
Pangimpen lungse tan kinore

Ing kalane bun-bun wengi
Tumetes ing antarane akinge pang-pang jati
Mangsa ketiga
Dakrungu swara tangise kadasih
Sing kelangan sarange

lumakune banyu bengawan sing wingi katon agung
wektu iki wis ora bisa kadulu
sebab, sing ana mung lemah nela-nela
kang nggambarake ati kelara-lara
sawise nyekseni guru
kakunjara merga polahe siswa

Nggelar Ati

Sepisan maneh kudu dakgelar atiku
Supaya bisa aweh panampa
Marang perih lan paite kasunyatan
Kaya wengi iki
Nalika krungu kabar
Ana guru dikunjara
Merga dianggep kliru mulang siswa

Wiwit jaman kadewan nganti jaman internetan
Lagi saiki dakrungu kabar kaya mangkono
Bima kang sakti mandraguna
Babar pisan ora wani bantah marang prentahi Rsi Durna

Nalika bang-bang wetan wiwit katon ing netra
Dakweruhi yen jaman wis akeh sing owah
Ing jaman saiki dudu siswa kang manut karepe guru
Nanging guru sing kudu manut marang karepe siswa

Contoh Geguritan Tema Guru 4 Bait

Pungkasane Janji

Saben esuk sampeyan jumangkah mecaki dalan bledhu
Uber-uberan klawan wektu
Tanpa nate perdhuli panase srengenge
Tansah semangat andum kawruh marang siswa
Kang ing tembe bakal ngendhaleni lakune bangsa

Kamar alun-alun dadi saksi bisu marang bektimu
Aku ora ngerti jumlah tinta sing diukir ing papan putih
Aku ora ngerti carane akeh tembung sing diucapake sing kebak makna
Aku ora ngerti carane akeh sheets saka kuthah kawruh disambungake
Aku ora ngerti pinten piwulang sing sampeyan titipake

Wektu-wektu urip mung kanggo ngladeni
Pasrah marang katresnane Gusti
Kawruh sing menehi pangarep-arep iku migunani
Marang siswa kang bakal mbangun nagari
Nggawa nuswanatara jaya jayanti

Siji mbaka siji siswa gumanti
Generasi anyar tansah teka
Nggawa semangat kang beda
Nanging panjenengan tansah ngabdi
Nganti pungkasane janji

Donga Kanggo Guruku

Pulpen kang jejogedan ing kertasku
Nulis saben tembung sing diucapake
Menehi sethithik cahya ing peteng
Nuntun aku tumuju dalan kanggo sukses
Senadyan katon sayah
Nanging semangatmu tansah makantar-kantar

Panjenengan tansah ngancani
Lakuku menyang tujuanku
Ngajari aku perkara anyar
Panjenengan tansah sabar nuntun kula

Senadyan nakalku kadhang kala
Ngganggu panjenengan
Pengabdianmu gedhe banget
Mulang generasi mudha
Matur nuwun
Ingkang saged kula aturaken dhateng panjenengan

Guruku… Jasamu tansah dakeling
Sepisan malih kula matur nuwun
Muga-muga sampeyan pinaringan kabagyan
Kabecikan bakal cecaketan klawan sampeyan

Cecolok ing Uripku

Guruku
Saiba gedhe lelabuhanmu mring uripku
Paduka sampun paring kawruh dhateng kawula
Panjenengan wis ndhidhik kula kanthi luhuring tresna

Pasuryanmu tansah sumringah bungah
Sinau kanthi ati seneng
Wiwit esuk nganti sore
Ilmu tansah kok paringake mring aku

Guruku
Sampeyan kaya lilin
Sing ngurbanake dhiri
Kanggo madhangi pepeteng
Nganti kapan wae aku tansah kelingan lelabuhanmu

Panjenengan pahlawan tanpa tanda jasa
Panjenengan paring cecolok ing uripku
Muga wae ilmu sing panjenengan paringake
Bakal dadi pepadhang ing uripku

Demikianlah Contoh Geguritan Tema Guru 2, 3, 4 Bait Singkat yang Menarik dan Menyentuh Hati. Semoga artikel dapat meningkatkan ketrampilanmu dalam menciptakan geguritan.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta