Advertisement
Source : Canva/@zurijeta

10 Contoh Ikrar Halalbihalal Bahasa Jawa 2026 Singkat untuk Berbagai Tempat Acara

Apakah kamu sedang mencari contoh ikrar Halalbihalal dalam menggunakan bahasa Jawa yang singkat dan bisa digunakan untuk berbagai acara? Yuk, temukan contoh referensinya hanya di sini!

13 Maret 2026 Zuly Kristanto

3. Contoh Ikrar Halalbihalal di Kantor

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Katur dhumateng Bapak/Ibu Pimpinan saha para mitra sedaya, keparenga kula minangka sesulih saking kanca-kanca tim (nama tim atau bagian di kantor) kagungan niyat ingkang tulus wonten dinten riyading ingkang kebak ampunan puinika:

Sepisan, keparenga kula ngaturaken Sugeng Riyadi, Idul Fitri 1447 H. Taqabbalallahu minna wa minkum, mugi Gusti Ingkang Maha Agung nampi sedaya amal ibadah kita.

Kaping kalihipun, kanthi saestu, kula badhe nyuwun agunging pangaksami dhumateng Bapak, Ibu, saha para mitra sedaya. Bilih ing dinten-dinten ingkang sampun kalampahan, wonten pocapan kula uga tumindak ingkang kirang tata saengga ndadosaken manah panjenengan duka ugi cuwa.

Mugi lumantar silaturahmi punika, kita saged manunggalaken tekad sarta ngraketaken paseduluran supados saged makarya kanthi rukun, semangat, saha berkah kagem kemajengan kantor kita.

Kula ugi kanthi tulus lahir batos ngaturaken pangapunten dhumateng sedaya kemawon. Mugia, kondur saking papan ngriki kahanan kita saged bali suci kados dene bayi ingkang nembe mijil saking garbaning ibunipun.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Halal Bi Halal ATAU Halal Bihalal Mana yang Benar? Ini Tulisan Latin Sesuai KBBI, Arab, dan Artinya

4. Contoh Ikrar Halalbihalal di Sekolah

Assalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh

Ingkang kinurmat bapak/ibu guru (Sebutkan nama sekolah)
Sumangga kita tansah ngaturaken raos sokur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kasarasan tumrap kita, saengga kita saged kempal ing ngestreni adicara Halalbihalal kanthi boten kekirangan setunggal punapa.

Salajengipun kita bakal maosaken lumampahipun adicara ikrar Halalbihalal 2026 sekolah (sebutkan nama sekolah).

Kaping pisan, sedaya siswa sekolah (nama sekolah) ngaturaken sugeng riyadi Idul Fitri (sebutkan tahun hijriah) kagem bapak/ibu guru ugi para staf (nama sekolah).

Kaping kalihipun kita sedaya siswa (nama sekolah) nyuwn agunging pangaksama bilih sadangune niki sampun hanggadhai tumindak ingkang kira tata saengga ndadosaken bapak/ibu guru sarta staf (nama sekolah) ngraos cuwa.

Kaping tiga, kita sedaya (nama sekolah) tansah ngonjukaken donga supados bapak/ibu guru sarta staf (nama sekolah) tansah pinaringan kasarasan ugi diparingi gampil anggenipun nggulawenthah kita.

Mugiya punapa ingkang sampaun bapak/ibu guru sarta para staf (nama sekolah) sageda dados amal sae ingkang saged dipun panen ing akherat benjing.

Cekap semanten ikrar Halalbihalal ingkang saged kita tindakaken, menawi wonten kirangipun, kita nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamualaikum warrahamatullahi wabbarakatuh

5. Contoh Ikrar Halalbihalal kepada Wali Kelas

Assalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh

Bapak/ibu (sebutkan nama) wali kelas,
Pak/Bu, menika (sebutkan namamu) badhe nyuwun pangaksama saking sedaya kalepatan ingkang sampun nate kula tindakaken.

Ing dinten ingkang fitri punika kula badhe ngaturaken ikrar boten badhe ngambali tumindak kula ingkang sampun ndadosaken bapak/ibu ngraos cuwa.

Mugya berkah lebaran punika sageda sumrambah dhumateng bapak/ibu sakulawarga ugi kaluwarga kula sarta kula nyuwun supados bapak/ibu tansah kersa nggulawenthah kula supados dados pribadhi ingkang lankung sae.

Waalikumsalam warrahmatullaabarakatuh

6. Contoh Ikrar Halalbihalal di Lingkungan RT

Bismillahirrahminrahim

Kita minangka wara (nama kampung) RT (sebutkan nama RT) badhe nyuwun pangaksama lahir terusing batin dhumateng sedaya warga RT (sebutkan nama RT).

Mugya kita tansah pinaringan kasarasan, katentreman, kabegjan sarta ditebihaken saking sedaya bebaya tuwin sukerta. Wassalamualaikum warrahmatullahi wabarakatuh.

7. Contoh Ikrar Halalbihalal di Lingkungan RW

Assalammualaikum warahmatullaahi wabarakatuh

Kita brayat ageng saking (nama RW) sngestreni adicara punika, amargi hanggadhahi suraos lepat sarta kepengin ngakeni sedaya kalepatan ingkang dipunsengaja utawa sing boten disengaja.

Amarga niku, kita sedaya sami nywun pangaksama dhumateng panjenengan sedaya. Kairing donga, mugya Allah SWT kersa paring pangaksama tumrap sarta nampi amal kita sedaya. Aamiin.

Halaman:

Advertisement