Advertisement
Source : Canva/@zurijeta

10 Contoh Ikrar Halalbihalal Bahasa Jawa 2026 Singkat untuk Berbagai Tempat Acara

Apakah kamu sedang mencari contoh ikrar Halalbihalal dalam menggunakan bahasa Jawa yang singkat dan bisa digunakan untuk berbagai acara? Yuk, temukan contoh referensinya hanya di sini!

13 Maret 2026 Zuly Kristanto

8. Contoh Ikrar Halalbihalal di Keluarga via WA

Bismillahirramanirrahim

Kita minangka kaluwarga saking (sebutkan nama keluarga), badhe nyuwun pangaksama saking sedaya kalepatan ingkang sampun katindakaken, ingkang sengaja punapa boten.

Mugya Gusti Allah SWT tansah kersa paring pangaksama tumrap kita, saengga kabagyan sarta tali silaturahmi tansah jinaga dumugi puputing mangsa.

9. Contoh Ikrar Halalbihalal Berkesan Trah Ageng

Assalamualaikum warrahmatullahi wabarakatuh

Sedherek sedaya anggota Trah Ageng [Nama Trah], kula minangka sesulih saking kulawarga anem ngaturaken sugeng riyadi.

Wonten pepanggihan dinten punika, kita nggadhahi niyat badhe nglebur dosa antawisipun sedherek setunggal lan sanesipun.

Kula nyuwun pangapunten dhumateng para sesepuh, pinisepuh, lan sedherek sedaya menawi wonten salah khilaf.

Mugi kanthi ananing Halalbihalal punika, sesambungan pasedherekan kita tansah kiyat langkung rumaket kados dene balung pisah ingkang sampun kepanggih.

Sumangga kita rukunaken malih pasedherekan punika kagem keraharjanipun trah kita sedaya. Mugi Gusti Allah paring barokah dhumateng trah punika selaminipun.

10. Contoh Ikrar Halalbihalal di Karang Taruna

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Bismillahirrahmanirrahim

Alhamdulillahirabbilalamin, wonten kalodhangan punika kita saged kempal dhateng papan ngriki kagem mapag dumuginipun wulan Syawal.

Salajengipun kita badhe nindakaken Halalbihalal Karangna (nama desa) kagem hangresiki sedaya dosa ugi kalepatan kita setunggal warsa kepengker.

Wonten ing adicara ingkang kebak kabagyan saha rahmat punika sumangga kita sampun kesupen ngaturaken puji sokur dhumateng ngarsanipun Allah SWT.

Ngengeti wigatosipun wekdal punika, mugi-mugi para rawuh sedaya sami maos ikrar Halalbihalal ingkang isinipun:

Bismillahirrahmanirrahim

Dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring nikmat kesehatan, sumangga kita aturaken puji syukur ingkang agung. Mugi-mugi saged ngginakaken maneka warni berkah ingkang sampun panjenengan paringaken kanthi sae.

Wulan Ramlan sampun kalampahan, ssamenika sampun dumugi wancinipun ngrayakaken kemenangan wulan Syawal.

Ing wekdal punika sumangga kita sami nyuwun pangaksama dhumateng sedaya undangan ingkang rawuh.

Para rawuh ingkang kawula tresnani, mugia panjenengan sedaya saged paring pangaksama  sedaya kalepatan ingkang kula lampahi.

Kagem dhiri pribadhi, kawula janji ora bakal badhe ngambali tumindak ala ingkang wingi taksih kawula lampahi.

Mekaten ugi ikrar syawalan utawi ikrar Halalbihalal ingkang saged kawula aturaken. Sedaya kekirangan saha kaluwihan kula nyuwun agunging pangaksama.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Semoga rekomendasi contoh ikrar Halalbihalal bahasa Jawa 2026 singkat untuk berbagai tempat acara ini membantu mereka yang membutuhkannya. 😉👍

Referensi:


Halaman:

Advertisement