4 Contoh Kultum Singkat Bahasa Jawa tentang Bersyukur, Ikhlas, Sedekah, dan Iman

Temukan inspirasi kultum berbahasa Jawa tentang rasa syukur, keikhlasan, dan sedekah, serta iman di artikel berikut ini,

01 April 2024 Fajar Laksana

Sinten kemawon ingkang antuk hidayah Allah, mboten wonten ingkang saged nyasaraken. Semana ugi sinten kemawon ingkang duraka saking marganipun Gusti Allah, mula mboten bakal wonten ingkang saged paring cahya kajaba Gusti Pangeran.

Para muslimin muslimat wal muslimat, ingkang dipunmulyakaken Gusti Allah,

Sajroning sasi pasa Ramadhan ingkang mulya punika, mangga kula panjenengan ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah Swt, uga kedah nambah rasa syukur amergi saged kepanggih Ramadhan.

Sakathahipun berkah saking Allah dhumateng kula panjenengan. Tuladhanipun, ingkang angka satunggal, nikmat ingkang kedah kita syukuri inggih menika dipun paringi umur lan kesehatan sageda menangi sasi Ramadhan.

Ramadhan punika sasi ingkang kebak hidayah, berkah, saha maghfirah saking Gusti Allah SWT. 

“Saka sahabat Abu Hurairah RA, Rasulullah sampun matur: Satemene Ramadhan wis teka marang sira, wulan ingkang kebak berkah, ing sasi Ramadhan, Allah SWT majibake sira padha siyam. Ing sasi punika, lawanging swarga dibuka, dene lawanging neraka ditutup lan setan-setan dicancang. Ing sasi iku ana wengi kang luwih becik tinimbang sewu wulan,” (H.R. An-Nasa’i).

Para muslimin muslimat wal muslimat, rahimakumullah,

Tuladhanipun kanugrahan ingkang kaping kalih ingkang kedah dipun syukuri inggih menika dipunparingi kekiyatan lan kesehatan kangge nindakaken siyam. 

Pasa ramadhan punika ngawujudaken amalan kagem manusa ingkang taqwa. Mula Gusti Allah Swt. wonten ing surat Al-Baqarah ayat 183 paring sabda mekaten:

“He wong-wong kang padha iman, sira diwajibake pasa kaya kang diwajibake marang wong-wong sadurunge sira, supaya sira padha taqwa,”(QS. Al-Baqarah [2]: 183).

Kajaba saka tuladha kalih punika, taksih kathah kanikmatan sanèsipun ingkang kedah dipun syukuri ing wulan Ramadhan, kadosta dipun pangapunten dosa-dosanipun, dipun inggilaken drajadipun, ugi dipun angkat kesarasan rohani lan jasmani.

Kaum muslimin muslimat wal muslimat, rahimakumullah,

Mekaten kultum ingkang saged kula udharaken. Mugi saged mbeta berkah kagem kita sedanten. 

Ugi, mugi Allah SWT. rida dhumateng sedaya amal ingkang kula panjenengan lampahi. Aamin aamin ya rabbal alamin.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh Kultum Singkat Bahasa Jawa tentang Ikhlas

Assalamualaikum Wr. Wb.

Wonten pangersamipun bapak ibu jamaah ingkang kula kurmati.

Monggo sesarengan ngonjukaken raos puji syukur ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwasa, Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat iman, islam, hidayah, saha inayahipun saengga wonten wekdal punika kula kaliyan panjenengan saged kempal wonten majelis.

Close