4 Contoh Kultum Singkat Bahasa Jawa tentang Bersyukur, Ikhlas, Sedekah, dan Iman

Temukan inspirasi kultum berbahasa Jawa tentang rasa syukur, keikhlasan, dan sedekah, serta iman di artikel berikut ini,

01 April 2024 Fajar Laksana

Sholawat ugi salam mugi kalimpahaken dhumaeteng junjungan kula panjenengan sedaya, Rasulullah Muhammad SAW, ingkang tansah kula panjenengan antu-antu syafaatipun fiddini fidduna wal akhiroh

Bapak ibu jamaah sholat ingkang pinaringan rahmatipun Allah, wonten wekdal puniko kula wonten mriki namung badhe ngajak panjenegan sedaya mangga sajroning Ramadhan ingkang barokah punika kita sesarengan ngupayakaken nambahi kuantitas lan kualitas ibadah kula kalawan panjenengan sedaya.

Wiwit saking kuantitas utawi jumlah mangga dipuntambahi. Ibadah ingkang wajib lajeng sageda dipuntamnah kaliyan ibadah sunah-sunahipun, ingkang shalatipun tasih blong, mangga enggal dipuntambal dipunganepi, awit shalat punika saka utawa cagakipun agami Islam. 

Punapa malih kanjeng Nabi sampun ngendikaaken wonten ing hadits shalat punika cagakipun agami kados dene omah utawi dalem, mula menawi cagak omah kala wau kropak mangke omahipun dados remuk.

Berkah Sedulur bangunan omah punika saged risak lan ambrol sami ugi menawi shalat kula panjenengan gotang mangke bangunan agami kula panjenengan bakal rusak luwih-luwih ambrol, milo monggokito bangun ingkang kokoh, lajeng lan sunnah sedekahipun mangga ditambahi mumpung gusti Alloh paring kathah ganjaran wonten wulan niki.

Sak lajengipun mboten namung saking segi jumlah ananging kualitas amal kesaenan injih kula panjenengan tambahi kados ta syiam Ramadhan punika ingkang siyamipun nek wingi-wingi niku namung pasa padaran mboten ngunjuk lan dhahar mawon mangga kula panjenengan tingkataken pasa hawa napsu badan ingkang wujud peningal tutuk, kuping dipun pasani ampun diginaaken kagem perkawis ingkang dipun bendhu gusti Alloh.

Sallajengipun ati kula panjenengan kedah dipunresiki saking hubbudunnya utawi cinta dunia amargi meniko sumber saking rusak lan penyakit hati kados sabdanipun kanjeng nabi tresna donya sumbering cilaka. 

Ampun salah paham nggih, ingkang dipunlarang punika tresna donya. sanes donyanipun ananging raos demene. 

Prelu dimangertosi, saking hubudduya punika muncul rasa sombong, riya, medit, pokil,iri, meri, dengki, hasud, paten patenan, ngrusak pasederekan,ngrisak paseduluran, nglalekkemarang Alloh lan akhirat. 

Pramila mangga kula panjenengan reresik ati saking trsna marang donya kanthi rasa ikhlas lan narima punapa kemawon ingkang sampung dados takdiripun.

Insya Alloh menawi saget mekaten fitrah ingkang kula panjenengan enteni saged kawujud. Ati kula panjenengan dados ati ingkah resik suci kadya bayi ingkang nembe lair.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Close