Advertisement
Source : Pexels/Lisa

Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa beserta Unsur Intrinsik dan Ekstrinsiknya

Di bawah ini akan Mamikos berikan contoh naskah drama bahasa Jawa. Simak baik-baik, ya!

4 Desember 2025 Zuly Kristanto

Wijanarko 

Tak akoni pancen aku Wijanarko. Terus koen kate lapo?

Kuncoro    

Dadi sing mateni pendhudhuk koen cak?

Wijanarko 

Sacendheke bumi sandhuwure langit tak akoni pancen aku sing mateni pendhudhuk lan sing dadi topeng reges ya aku Wijanarko. Ha..ha..ha.

Kuncoro    

Cak.. Apa ngono iku bener.

Wijanarko 

Haha…ha..ha..ha cangkemu, Ro. Koen ngomong bener. Koen durung lair, bapakmu jik belajar nguyuh aku wis meguru.

Kuncoro    

Nek koen ancene meguru. Aku takon bener iku ana pira?

Wijanarko 

Nek koen takon bener iki ana pira  tak jawab benar iku ana telu.

Kuncoro    

Bener ana telu. Njur sing sepisan apa?

Wijanarko 

Nek koentakon bener sing sepisan, tak jawab iku ngono benere pribadi.

Kuncoro

Terus sing kaping pindho?

Wijanarko 

Nek, koen takon sing nomer loro tak jawab benere bebener.

Kuncoro    

Ya, benere pancen bener sing nomer loro yaiku benere bebener. Hla terus sing nomer telu apa cak?

Wijanarko 

Sing pungkasan ora liya ya. Bener kang maha bener.

Kuncoro    

Kabeh sing kok omongne pancen bener cak. Njur contone apa?

Wijanarko 

Nek koen takon contone.. sing sepisan contone benere pribadi Aku ngekeki wong, aku njajake wong, aku mateni wong, aku ngruda peksa wong nek jareku bener iku dak anggep bener. Lapo kon melu-melu.

Kuncoro    

Banjur sing nomer loro apa?

Wijanarko 

Nek koen takon sing nomer loro tak jawab benere bebener. Contone biyen bapakku mati perkara dipateni pendhudhuk kene. Ana paribasan jawa mendhemjero mikul dhuwur drajate wong tuwa.

Minangka anak wis dadi darma bektiku kudu males patine bapakku. Merga ana unen-unen jawa. Utang beras saur beras, utang lara saur lara utang pati saur pati.

Kuncoro    

Banjur bener kang maha bener iku tegese apa cak?

Wijanarko 

Tegese bener kang maha bener tuladhane Perkara aku mateni wong apa ora. Perkara aku mlebu swarga utawa neraka Gusti Allah sing ngatur. Koen gak duwe wenang ngatur aku. (Bayan teka)

Bayan

Ro..ro.. Kuncoro jarene janjian nang kono.

Kuncoro

He..yan.. ya wong iku sing dadi topeng reges lan ya wong iku sing wis mateni pendhudhuk desa kene.

Bayan

He.. dedi bedhes iki sing mateni wong desa kene.

Kuncoro

Ati… ati yan wong iku digdaya.

Bayan

Koen mundura tak adhepane wong iki.

Kuncoro    

Koen wani tenan. Iki gawanen gamanku.

Bayan

Gak usah… aku wis nduwe dhewe… heh dadi koen sing mateni lurah bojone bantaran.

Kuncoro

Heh.. kliru sing bener bojone lurah banaran.

Bayan

Heh ganti ta.

Kuncoro    

Penyakite wong kene kopok kabeh.

Bayan

Heh koen sing mateni bojone lurah banaran.

Wijanarko

Heh..cangkemu.. bengak-bengok ae tak jaluk swaramu ilang saiki dadi bisu. Ayo saiki ngomonga.

Bayan

(Jadi bisu)

Wijanarko

Ayo ngomonga…ndang ngomonga.

Kuncoro

koen malih bisu ta. Cak Wijanarko nek pengin pamer kadigdayan dakturuti. Dak jaluk ing ngarsane gusti (diam sebentar) waras.

Bayan

Test…test (suara perempuan) test…test…mase…mase.. (swarane bal maneh)haha….hahhaaa….hahhaha.

Kuncoro

Wis kaplokana.

Bayan

He majua.

Wijanarko

Jancuk, tanganmu cekal-cekel sapenakmu.., tak jaluk keroken kabeh awakmu.

Bayan

He… (keroken kabeh awake)

Wijanarko

Lapo koen iku. Ndang antemen. Iki pilihen dhewe pipi, apa dhadha.

Bayan

Asu……

Wijanarko

Pisan maneh iki pilihen dhewe. Pilih pipi apa dhadha.

Kuncoro    

Ayo ndang antemen.

Bayan

Ora hlo, Ro, awakku kok dadi gatel kabeh (mencopot bajunya)

Kuncoro

Lapo koen cepot mbarang.

Bayan

Gatel, Ro!!

Kuncoro

Wis saiki waras, mundhura tak adhepane saiki klumpukna pendhudhuk gawe nangkep topeng reges iki.

Bayan

Sing ati-ati ya, Ro.

Halaman:

Advertisement