11 Contoh Pacelathon dalam Bahasa Jawa beserta Cara Membuatnya
Apakah kamu sudah tahu apa yang dimaksud dengan pacelathon? Simak pengertian dan cara membuatnya beserta contoh-contohnya dalam artikel ini.
3. Contoh Pacelathon dalam Bahasa Jawa Lebih dari 2 Orang
Nisa     : Cah aku mau bengi krungu ana suwara wong wadon nangis ing njero jedhing. Apa kowe kabeh krungu?
Furi      : Lho lha iya berarti bener apa sing tak weruhi ana getih mili sajroning jedhing winginane kuwi. Wis ayo mulih wae. Yen ngene iki carane. Aku wedi.
Tyas   : Halah paling kowe lagi ngimpi utawa nglindur ?
Nisa     : Ora sumpah iki tenanan..!!
Risty    : Lha buktine lho aku ora krungu lan tangi. Padahal awake dhewe lak sak kamar kabeh to iki. Awakmu yo ora njerit-njerit?
Nisa     : Ya wis nek ora percaya kapan-kapan buktekno dhewe?!
Furi      : Aku percaya kowe kok Nis. Aku dhewe yo tau ngalami babagan sing aneh.
Yanti    : Halah wis-wis, ndang adus kabeh terus metu nggolek sarapan karo mlaku-mlaku pisan? Isih akeh panggonan sing durung ditekani iki.
Risty   : Yo wis ndang adus kabeh sek, aku keri wae amarga adusku suwe..!
Tyas : Ris, wis giliranmu adus iki lho. Tak tinggal ning ngisor sek ya, ndeleng Tv karo bocah-bocah. Ojo suwe-suwe selak luwe iki engko tuku segane kawanen.
Risty : Ya..ya beres!
Furi : Lho Ana ditinggal dhewekan ning kamar wani to?
Risty : Ahhhhhh…
Yanti : Ana apa ta Ris, mblayu-mblayu kaya ngana?
Risty : Aku mau ning njero jeding ngerti wong wadon rambute dawa melu-meku aku nyanyi ing njero jeding…huuuuhuu(karo nangis lan keweden).
Tyas : Wis-wis meneng ayo di deleng rame-rame!
Furi : Moh delengen dhewe kana, diomongi bola-bali kok ora percaya yen villa iki pancen angker lan ana setane!
Nisa : Ya aku pengin muleh wae ngene iki? Tinimbang mati keweden ing njero villa.
Yanti : Lho yoa aja ngono dhisik to, ayo dirembug dhisik babagan iki. Aja kesusu mulih dhisik wae, awake dhewe lagi rong dina iki ning kene? Lha villa iki wis disewa kanggo seminggu to?
Risty : Apane maneh sing dirembug? Lha wong vilane iki pancen medeni ngene kok. Kanggo apa ning kene suwe nanging ora nyaman…!
Furi : Iki pancen gara-gara awakmu Yas, milih villa gak tepak kaya ngene iki! Sing mbok pilih saka apane he?? Gara-gara mung regane murahe wae to!!
Tyas : Yen ngomong aja angger njeplak ae ya! Aku milih villa iki amarga villa liyane wis kebak disewa amarga musim preinan dawa kaya ngene iki…!
Yanti : Wis-wis aja tukaran lan ndadekake preinan ning Malang iki dadi rusak
Tyas : Waduh ana lilin gak ya?
Risty : Wis ora usah, dipadangi nganggo Hp wae. Cepatan ndang mulih saka kene aku wis wedi.
Yanti : Wis beres kabeh ta! Ora ana sing keri? Nek wis ayo padha mlaku bebarengan  metu saka kene…!
Ana : Hei rungakna ana swarane apa kae? (karo tolah-toleh wedi)
Nisa : Iya swarane wong wadon lagi nangis…hiii…hiii
Furi : Huu..hu..ayo cepet mulih, Pak..Buk..aku wedi (karo nangis).
Tyas : Awwhh.. ayo mlayu
Risty : Endi kuncine, kok lawange ora bisa dibukak!
Yanti : Lho piye to, lawange mau ora tak kunci mung tak tutup wae kok??
Ana : Ayo liwat cendela wae yuk?
Nisa : Ya ampun lha kok swarane wong setane tambah banter wae nangise!?
Furi : Awwh….hei cah delengen ing sampine jendela kae apa putih-putih!
Tyas : Ah iya iku setane rambute dawa banget..
Yanti : Terus awake dewe liwat ngendi ?
Risty : Liwat cendela pawon mburi ae.
4. Contoh Pacelathon Bahasa Jawa 2 Orang (Ibu dan Anak)
Ibu : Le, wis rampung PR-mu durung?
Anak : Durung Bu, iki lagi ngerjakne sethitik maneh.
Ibu : Ayo enggal dirampungke, sesuk esuk kudu mlebu sekolah.
Anak : Nggih Bu, mangke langsung tak rampungke.
Ibu : Yen wis rampung, aja lali disimpen ning tas.
Anak : Inggih, matur nuwun, Bu.
Halaman:

