Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang 17 Agustus 2024 di Sekolah Singkat

Jika kamu sedang mencari contoh pidato Bahasa Jawa 17 Agustus 2024, temukan contoh-contohnya dalam artikel berikut.

28 Januari 2024 Zuly Kristanto

Minangka generasi mudha, kita kagungan lelabuhan ingkang wigati kagem njagi sarta ngisi kamardhikan menika kanthi tumindak ingkang mupangati.

Sampun ngantos kita ngisi kamardhikan punika kanthi tumindak ingkang kirang prayogi kados ta cecongkrahan klawan sedherek piyambak, damel riyakipun lingkungan, utawi ngina kapitayan sedherek sanes.

Dhateng pengetan ambal warsanipun Indonesia ingkang kaping 79 punika, kita kedah tansah kemutan menawi kita ingkang gesang dhateng Indonesia kedah ngecakaken nile-nile bhineka tunggal ika dhateng gesang saben dinten.

Kita kedah saged khurmat kagem sedayaning beda sarta kita kedah percados menawi salah satunggiling cara supados kamardhikanipun bangsa Indonesia saged lestari kanthi ngraketaken paseduluran tumrap sedaya warga negara Indonesia.

Ing perangan sanes, lumantar semangat bhineka tunggal ika. Kita para generasi mudha kedah saged dados generasi ingkang optimis kagem ngadhepi sedaya tantanganipun jaman. Sampun ngantos dados pribadhi ingkang gampil nglokro utawi minderan.

Kita kedah percados menawi kita menika pancen mujudaken generasi ingkang dipungadhang dening para pahlawan supados ndadosaken nagari Indonesia dados salah satungiling negari ingkang makmur ing dinten-dinten ngajeng.

Kagem mujudaken gegayuhanipun para pahlawan ingkang mekaten. Kita tansah kedah sinau sarta berjuang supados saged dados pribadhi ingkang langkung sae tinimbang dinten wingi.

Kula kinten cekap semanten rumiyin ingkang saged kula aturaken.

Wassalamualaikum Warahmatullohi Wabarakatuh.

Penutup

Demikian contoh pidato bahasa Jawa dengan tema 17 Agustus 2024. Semoga artikel singkat ini bisa mendatangkan manfaat.

Close