Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang 17 Agustus 2024 di Sekolah Singkat
Jika kamu sedang mencari contoh pidato Bahasa Jawa 17 Agustus 2024, temukan contoh-contohnya dalam artikel berikut.
Puji syukur sumangga tansa kita konjukaken ing ngarsanipun Gusti Allah SWT, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan kasarasan ugi karaharjan saengga kita saged nyawiji raos dhateng adicara tirakatan kagem mengeti dinten kemerdekaan kanthi jangkep tanpa kekirangan setunggal punapa.
Nuwun sewu, tepangaken kula Arya, badhe ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu ingkang sampun rawuh dhateng malem tirakatan punika.
Bapak Ibu sarta sedherek ingkang kula khurmati, kados sampun kita sesarengan mangertosi bilih ing dinten Jemuah, 17 Agustus 1945, Indonesia kasil damel gegering jagad amargi saged mroklamasekaken kamardhikanipun.
Sasampunipun dados negari ingkang mardhika. Boten ateges perjuwangan sampun rampung. Malah saniki perjuwangan dados langkung awrat. Amargi kita kedah njagi sarta ngisi kamardhikan punika kanthi samubarang ingkang sae.
Saengga nagari Indonesia saged tuwuh dados nagari ageng ingkang saged ngayomi sedaya warganipun. Ing perangan sanes, lumantar adicara tirakatan ingkang katindakaken ing dalu punika.
Sumangga kita tansah kirim donga dhateng sedaya pahlawan ingkang sampun kondur dhateng kasedan jati supados tansah pikantuk pangaksama sedaya lepatipun sadangunipun gesang dhateng alam donya.

Advertisement
Sasanese niku lumantar adicara menika mugiya kerukunan sarta persatuan Indonesia saged lestari saengga kita boten gampil congkrah klawan sedherek piyambak.
Mugi-mugi kanthi lampah mekaten ugi saged ndayani kahananipun bangsa Indonesia saklajengipun langkung sae, ayem, sarta tentrem.
Cekap semanten atur kula. Bilih wonten lepat anggenipun matur, kula nyuwun agenging pangaksama.
Wassalamualaikum wr. wb
Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang 17 Agustus 4
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh,
Ingkang tansah kinurmatan Bapak Kepala Sekolah SMP XXXXXXX
Para Bapak/Ibu guru dan staf, ing kula khurmati saha para mitra teman-teman ingkang kula tresnani.
Kapisan, sumangga sesarengan tansah kita konjukaken raos puji sokur ig ngarsanipun Gusti Allah awit namung saking kawelasan saha asihipun kita saged kempal dhateng adicara pengetan dinten kamardikan Indonesia ing dinten punika kanthi boten kekirangan setunggal punapa.
Dinten punika surya 17 Agustus 2024, kita bangsa Indonesia nindakaken pengetan ambal warsanipun nagari ingkang sanget kita tresnani ingkang kaping 79.