Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang 17 Agustus 2024 di Sekolah Singkat

Jika kamu sedang mencari contoh pidato Bahasa Jawa 17 Agustus 2024, temukan contoh-contohnya dalam artikel berikut.

28 Januari 2024 Zuly Kristanto

Senaosa samenika Indonesia sampun nggayuh kamrdhikan. Boten ateges kita namung mangku asta.

Kita kedah ngupaya manut kasagedanipun piyambak-piyambak supados kamardhikan ingkang sampun kaupayakaken dening para pahlawan saged kaisi dening samubarang ingkang becik.

Kathah sanget tumindak becik ingkang saged dipundamel ngisi kamardhikan.

Contonipun wiwit saking nresnani sapadha, ngurmati sedaya pambeda, dumugi boten tumindak korupsi, estu menika tumindak sae ingkang saged dipundamel ngisi kamardhikan.

Ing perangan sanes, dhateng adicara punika, sumangga kita sesarengan ngemut-emuyt sedaya lelabuhanipun para pahlawan ingkang sampun pralaya tanpa nate saged ngraosaken endahe gesang dhateng alam mardhika.

Saking cathethan sejarah, kita saged sinau kados pundi kucemipun kahanan negara kita nalika taksih kajajah dening bangsa eropa ugi bangsa nipon.

Samesthinipun kita boten kepingin kahanan kucem kados mekaten dumados malih. Salah satunggiling cara supados bangsa kita boten kajajah.

Kita tansah kedah nguripaken semangat nasionalisme sarta ngraketaken lawening paseduluran marang sinten kemawon tanpa perduli marang ras, agama, ugi suku.

Kanthi kagungan persatuan ing rumaket. Kita bakal boten gampang didamel crah dening pihak ingkang kagungan watak culika.

Kula kinten cekap semanten rumiyin. Menawi wonten kirang langkung anggen kula matur. Kula nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang 17 Agustus 2

Assalamualaikum wr. wb.

Para rawuh ingkang kula hormati, sepisan, sumangga sesarengan kitangonjukaken puji lan syukur dhumateng Allah SWT.

Amargi saking kanugrganipun ingkan arupi kasarasan ugi karaharjan kita saged kempal ngestreni pengetan dinten ambal warsa kaping 79 Republik indonesia.

Para rawuh ingkang kula hormati, dinten punika leres 79 warsa, Indonesia madeg minangka salah satunggaling nagari merdeka.

Mardhika ingkang dipunkajengaken ing ngriki inggih mardhika saking sedaya penjajahan fisik lan mental kolonialisme ingkang sampun atusan warsa dipunraosaken bangsa Indonesia.

Perjuangan kagem nggayuh kamardikan menika awrat sanget lan kedah wantun toh jiwa lan raga.

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang 17 Agustus 3

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Ingkang kawula khurmati Bapak Kepala RW 17. Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu para tamu Kampung Lembu Ingkang kula tresnani, para mitra sedaya.

Close