Advertisement
Source : Getty Images Signature/webphotographeer

Contoh Pidato Hari Pahlawan 2025 dalam Bahasa Jawa Singkat dan Mudah Dihafal

Apakah kamu sedang mencari contoh pidato hari Pahlawan 2025 dengan menggunakan bahasa Jawa yang singkat dan mudah dihafal? Yuk, temukan referensinya di sini!

5 November 2025 Zuly Kristanto

Contoh 2 Pidato Hari Pahlawan 2025

Assallamualaikum warrahmatullahi wabaraktuh.

Dhumateng bapa Kepala Sekolah tuwin bapa saha ibu guru ingkang kawula khurmati, sarta kagem para mitra ingkang kula tresnani.

Sepisan, sumangga kita sesarengan ngonjukaken raos sokur dhumateng ngarsanipun Allah ingkang sampun paring kasarasan saengga kita saged kempal ing papan ngriki kanthi sehat tanpa wonten kekirangan punapa.

Kaping kalihipun, sholawat saha salam mugia tansah katur dhumateng junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad ingkang sapangatipun tansah kita rantos ing dinten kiyamat mangke.

Para rawuh sedaya, wonten enjing punika, dinten punika mujudaken salah satunggiling dinten ingkang istimewa kagem bangsa Indonesia.

Awit ing dinten punika kita sampi nindakaken pengetan dinten pahlawan. Senaosa saben taun kita tansah mengeti.

Nanging, kita boten nate ngraos bosen kagem nindakaken pengetan dinten punika. Awit saking wontenipun pengetan dinten Pahlawan saged ndadosaken kita emut dhumateng agenge lelabuhan ingkang sampun dipuntindakaken para pahlawan kita.

Tanpa wonten lelabuhanipun para pahlawan ingkang sampun kersa ngurbanaken jiwa ugi raganipun kagem njagai kamardhikanipun bangsa.

Pramila kita boten saged ngraosaken sekecanipun gesang wonten nagari ingkang mardhika kados ingkang kita raosaken samenika.

Para rawuh, sumangga kita sesarengan ndongakaken para pahlawan ingkang sampun sowan wonten ngarsanipun Gusti.

Mugi-mugi kanthi donga ingkang kita konjukaken saged dados lantaran tumuripun welasing Allah Tangala saengga sedaya dosa ugi kalepatanipun para pahlawan kita saged dipunlebur.

Sasenese niku mugi-mugi lumantar pengetan dinten pahlawan punika saged ndadosaken kita nuladhani sipat gumregah, boten nglokro, sarta semangat persatuan saking para pahlawan kagem njagi lestarinipun kamardhikanipun bangsa.

Kula kinten cekap semanten atur kawula, menawi wonten tutur ingkang ndadosaken cuwa. Saestu kula nyuwun agenging pangaksama.

Wassalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.

Baju Kostum untuk Memperingati Hari Pahlawan, Nomor Berapa yang Paling Keren?

Contoh 3 Pidato Hari Pahlawan 2025

Assalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.

Para sedherek ingkang kawula tresnani ugi khurmati. Ing wekdal ingkang kebak kabagyan punika sumangga kita sami ngonjukaken raos sokur dhumateng Gusti Ingkang Maha Wikan.

Awit namung saking rohmatipun kita sedaya saged kempal ing papan ngriki kanthi sehat tanpa kekirangan setunggal punapa.

Para sedherek, kula badhe nyuwun wekdalipun sekedhap. Ing ngriki kula badhe nindakaken pidhato ingkang wonten gegayutanipun kaliyan pengetan dinten pahlawan ingkang tansah ajeg dipunpengeti saben tanggal 10 Nopember.

Para sedherek, pengetan dinten 10 Nopember menika mujudaken bukti menawi njagi wutuhipun bangsa ugi negara Indonesia boten namung dados wajibing TNI sarta Polri.

Kewajiban njaga kawutuhanipun bangsa ugi negara Indonesia mujudaken tugas kita sedaya. Para laskar pejuang ingkang isinipun para rakyat sami cancut taliwanda nyawijekaken tekad kagem njagi kamardhikan ingkang badhe dipunrebut malih kaliyan bangsa Walanda.

Senaosa gegamanipun bangsa Walanda ingkang kabiyantu Sekutu langkung maju. Nanging, babagan punika boten ndadosaken bangsa kita nyerah.

Kepara langkung wantun ngadhepi paprangan kanthi gegaman sawontene. Salah setunggaling prastawa ingkang paling kawentar inggih punika nalika para pejuwang nyuwek gendhera Walanda ingkang wonten pucukipun hotel Yamato.

Paprangan 10 November 1945 mujudaken paprangan paling ageng ingkang dumados sasampune Indonesia mardhika.

Saking kathahipun kurban saking pihak Indonesia, setaun saking dumadose perang punika Ir Soekarno netepaken 10 Nopember dados dinten Pahlawan.

Wiwit taun 1946 dumugi saniki pengetan dinten Pahlawan tetep ditindakaken murih semangat persatuan ugi nasionalisme dumugi sepriki.

Mugia kanthi nindakaken pengetan dinten Pahlawan ingkang kados tindakaken saniki saged dados lantaran rumakete paseduluran kita sedaya.

Kula kinten cekap semanten saking kula, menawi wonten luputing atur, kula nyuwun agunging pangaksama.

Wassalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.

Halaman:

Advertisement